Kamis, 22 Agustus 2019

PANTES


Kemis Wage 22 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 6:1-19
Jabur 71:1-6
Mateus 10:34-11:1
Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku” Mateus 10:37

Meh saben wong seneng mapanake samubarang ana ing kahanan PANTES, yakuwi kahanan kang dadi kepenak tumrap apa wae. PANTES kuwi isa uga diarani Patut utawa pas, isa uga kinaranan Tre plan mungguh, pokok’e PANTES kuwi kahanan kang bisa ndadekake apiking swasana. Kanggo ngupadi bab PANTES kuwi mau, akeh wong sing iklas kelangan samubarang lan meh kabeh wong seneng marang kahanan PANTES kuwi. Isa kanggo tuladha utawa conto, nalika arep lelungan apa meneh arep nekani pahargyan, mesti pada macak utawa dandan, kabeh kuwi tujuane supaya PANTES. Mulane bab PANTES kuwi dadi bab sing jian penting tenan, lan ing bab sing dianggep apik, kabeh wong seneng ana ing kahanan kang PANTES kuwi, merga yen diarani Ora Pantes, mesti dadi lan susahe.

Bab PANTES kuwi  nate diwulangake dening Gusti Yesus, yakuwi nalika memulang bab kaya ngapa patrap kang bener kanggo sing arep nderek Panjenengane. Neng Injil Matus 10 ayat 37 cetha wela-wela bab sing PANTES lan Ora Pantes kuwi. Ing kana dipangandika’ake, yen ana sing nresnani sakliyane Gusti Yesus luwih gede, mbok’o kuwi marang brayate, kuwi ORA PANTES tumraping Gusti. Saka piwulang iki isa dijupuk kesimpulan, yen sing PANTES kanggo Gusti bab tumindak tresna kuwi ya sing tresna marang Gusti ngluwihi samubarang. Yen ana sing muni tresna satus persen marang Gusti, ananging jik kereb nglalekne timbalan manembah, ya kuwi mung lamis sak lamis-lamise, menawa ana sing muni tresna satus persen marang Gusti, ananging ora gelem melu jejibahan leladi neng pakaryane Gusti, kuwi ya mung nggedebus! Kuwi kabeh ora pantes tumraping Gusti, lan sing PANTES yakuwi sing wani “nomerkeloro” apa wae sing disenengi ana ing sakngisore Gusti.


Ing jaman saiki akeh wong sing seneng diarani PANTES minangka penderek’e Gusti, ananging kuwi mung ana tataran lambe utawa omongan, ing tataran tumindak durung mesti. Lho kenapa kok isa beda ing antarane Tembung lan Tumindak? Yakuwi karaktere  menungsa, lan sing sapa ora isa nglakoni apa sing diomongake, kuwi ORA PANTES Tumrape Gusti. Mulane, ing poncoting wekasaning jaman iki, ayo pada sengkut anggone manembah lan kabeh uga dilakoni, tujuane supaya PANTES ana ing ngarsane Gusti.

“Jo, sesuk bengi entuk jatah Leb, lan kayane pas karo tanduran kacangmu sing wis rada alum kae” Sore kuwi Lik Ndoleng ngelikake Dalijo bab jatah ngelepi tanduran.
“Weh, mosok wis tekan nggonku Lik?Ya Puji Gusti yen ngono. Pas wektune..”Semure Dalijo mbungahi.
“Weh, sesuk sore sliramu jatah dadi emsi pe’a lho kang..piye jal?” Nduk I’in ngelikake ayahan sing dadi tanggungane Dalijo.
“Waduh…apa iya In?” Dalijo takon semu kaget.
“Iya kang, iki lho jadwale, jam pitu..piye jal?” Nduk I’in njlentrehake ben Dalijo percaya.
“Hmmm..yowis, aku tak ngayahi tugasku dadi emsi pea ndisik, bubar kuwi langsung mbedah wadukan, ora-orane yen dhadal. Tekan mbengi ya ora apa-apa, mesti kinanthi dening Gusti” Dalijo wangsulan sinartan mesem sing iklas.
“Weh, pora kewengen Jo, po wani kowe Leb dewe neng tegalmu sing adoh seka ndesa? Brakot gendruwo mbuh lho” Lik Ndoleng sajak meden-medeni.
“Aku kepenging diarani PANTES dening Gusti Lik, mapanake Gusti nomer siji, bab Leb kuwi nomer sakbanjure. Gendruwo ora doyan, merga awakku pait” Gojekane Dalijo, sinambi nyumet djarumsupere..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH