Kamis, 29 Agustus 2019

MBUDHEGI


Kemis Legi 29 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 11:1-17
Jabur 81:1,10-16
Mateus 12:1-2
“Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun, sarta Israel ora seneng marang Ingsun. Mulane banjur Suntogake atine kang wangkot iku, cikben padha nglakoni sakarepe dhewe.” Jabur 81:11-12

MBUDHEGI kuwi asale seka tembung budheg, sing tegese kahanane titah sing piranti pangrungone ora nduweni fungsi meneh. Merga ora isa ngrungokake mula ya biasane sing nandang budheg kuwi ya akeh sing nandhang bisu, merga ora isa niru swara-swara utawa tembung-tembung sing mlebu neng pikiran lumantar pangrungone. Mbalik marang tembung MBUDHEGi, kuwi tegese tumindak sing kaya kahanane wong budheg, merga sejatine isa migunakake pangrungone ananging sengaja wegah ngrungokake. Kahanan iki sejatine luwih mebebayani, merga iki malah Nampak swara-swara apa wae kang mampir neng pangrungone lan dikirim marang pikiran. Ing jaman saiki gunggunge wong budheg sithik, ananging sing MBUDHEGI kayane (luwih) akeh.

Bab MBUDHEGI kuwi nate dadi kaprihatinane Gusti Allah. Kuwi cetha banget ana ing Injil Jabur bab 81, khususe ayat  sewelas lan rolas. Ing kana Gusti Allah sajak duka banget, ditulis nang kana, umate Gusti ora ngrungokae marang pangandikane Gusti Allah, merga ora seneng. Merga kahanan kaya mengkono, mula Gusti Allah ya banjur nibakake paukuman, dene carane nibakake paukuman kuwi lumantar ngetokake kahanane bangsa Ngisrael. Isa dibayangake kaya ngapa kahanane wong utawa bangsa sing uripe dijarke uripe deneng Gusti Allah.


jaman saiki, bab MBUDHEGI  luwih akeh tinimbang sing pada budheg, merga yen budheg kuwi isa diobati,ananging yen MBUDHEGI obate angele ora njamak golek-golekane. Sejatine wis ngerti bab pranatan-pranante urip, ananging sengaja reka-reka ora ngerti, krungu pawartosing pasamuan bab ayahan-ayahan pasamuan, ananging ya tetep wae sengaja ngrungokake, mulane isa diarani MBUDHEGI. Urip kuwi pilihan, arep ngrungokake lan ora ngrungokake utawa MBUDHEGI kuwi  hak’e sapa wae, ananging sinau seka pangandikane Gusti ana ing Jabur kuwi, kudune pada sadar. Lho lha ngapa ndadak dikon sadar? Merga sing pada ora ngrungokake pangandikane Gusti bakalane ditokne dening Gusti, dijarke dewean ngayahi lan ngadepi urip sing sansaya suwe sejatine sansaya abot merga kahanane jagad, mulane, ayo pada migunakake pangrungoning urip lan uga pangrungoning kapercayan, supaya isa mangerti apa sing dadi kersane Gusti.

“Jo, ngandi rong ndina ora njedul?Kae raketang sithik ana sing kangen lho..”Lik Ndoleng ngaruh-aruh Dalijo nalika weruh Dalijo lungguh sinambi klepas-klepus neng Sor Talok.
“Biasalah Lik, ana alangan sithik…” Semaure Dalijo.
“Lho, alangan apa, kena apa awakmu?Kok ora blaka sutha, blak kotang terus..” Lik Ndoleng sajak kaget lan njur takon akehe pol, ananging keburu dicegat rembug dening Nduk I’in.
“Halahh, paling ngertia  kaya sampeyan palinga ya MBUDHEGI lik, reka-reka ora ngerti, ora krungu, merga wegah tetulung” Nduk I’in nyemes Lik Dalijo sakkayange.
“Asemb..nyemes aku kowe In, cen tak akoni, akeh kerep MBUDHEGI, kerep reka-reka ora weruh lan ora krungu. Kuwi merga aku wegah repot tetulung. Sepurane ya cah..” Lik Ndoleng sajak kerantha-rantha.
“Ora apa-apa Lik, sing maca tulisan iki ya akeh sing kaya sampeyan. Lha kae, sing mesam-mesem kecut, mesti luwih parah tinimbang sampeyan Lik..”Wangsulane Dalijo.
“Weh, poiya Jo?” Lik Ndoleng sajak kaget ananging rada bungah…

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH