Sabtu, 03 Agustus 2019

NGEDOL


Setu Kliwon 3 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NGEDOL IKI WAE


Hosea 10:1-5
Jabur 107:1-9,43
Markus 10:17-22
“Gusti Yésus mirsani wong mau kanthi kebak ing katresnan, tumuli ngandika: “Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.” Bareng krungu dhawuhé Gusti Yésus mengkono kuwi, wong mau gela banget. Mula banjur mundur saka ngarsané Gusti Yésus klawan ati sedhih, sebab bandhané akèh banget. Markus 10:20-21

NGEDOL kuwi saka tembung adol, sing tegese mindahke apa wae, isa awujud barang lan uga liyane, lan merga saka kuwi entuk bebulih, biasane awujud duwit. Mula saka kuwi, NGEDOL tegese tumindak mindahake apa wae barang darbek’e kanthi tujuan entuk bebulih. Lakuning dodolan mung isa klakon nalika ana kesepakatan ing antarane sing NGEDOL lan sing bakalan tuku, tanpa pasarujukan utawa kesepakatan, tangeh lamun klakon “transaksi”. Wong sing wis NGEDOL darbek’e, mesti bakalan kelangan, sanadyan  bakalan entuk bebulih. Wong sing NGEDOL utawa nglakoni tumindak dodolan, mesti nembe nduweni kebutuhan sing luwih wigati tinimbang ajining barang sing didol.

Crita bab Adol lan NGEDOL kuwi nate dadi piwulange Gusti Yesus, nalika ana wong sing pengen nduweni urip langgeng. Manut piwulange Gusti, wong kuwi dinawuhan NGEDOL kabeh barang darbek’e lan sakbanjure diddum-dumke marang wong sing mbutuhake (miskin). Krungu piwulang sing kaya mengkono kuwi, pawongan sing takon langsung mundur teratur, wegah meneh nderek utawa ngetutake Gusti, merga tinimbang entuk urip langgeng lan kelangan bandane sing sakndayak abuh kuwi, aluwung ora usah nduweni urip langgeng wae. Mbokmenawa ing pikirane wong sugih kuwi tuwuh penemu mangkene, “Lha ngapa olehku kerja esuk-sore-awan-wengi  kanti rekasa, lan sakwise nglumpuk bada sing akeh iki kok ndadak didumke wong liya?Enak temen sing pada didumi kuwi!”

Saka crita ing Kitab Suci kuwi, ana piwulang apik, yakuwi kelet marang bada kuwi wis dadi kalngenane menungsa, sapa wae, klebu sing maca tulisan iki…,hehe. Merga kelet karo bandane, mulakna akeh wong sing luwih tresna marang bandane tinimbang karo sing maringi banda kuwi. Merga saka kuwi kabeh, mulane nalika dikon NGEDOL apa wae barang darbek’e, aluwung ninggalke Gusti.

ESIPPP


“Jo, manut kowe, kenapa wong sing dikon NGEDOL bandane karo Gusti kuwi mundur, wegah nglakoni?” Lik Ndoleng, sore kuwi wedangan sinambi ngobrol ngetan-ngulon, lan ujug-ujug nakoni bab piwulange agama.
“Merga wegah kelangan bandane Lik..merga tresnane karo bandane luwih gede tinimbang karo uripe Lik..” Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael kaya manuk Prenjak jatuh cinta.
“Aku sarujuk I’in Lik..ora trena uripe,ananging luwih tresna bandane.” Semaure Dalijo.
“Lha, ye aku ya abot Jo, lha mosok kon NGEDOL kabeh, njur kon ngedum wong liya…hadewhh..tidakkk!!!” Gayane Lik Ndoleng.
“Kuwi sejatine ngemu teges, uripmu aja gumantung bandamu, ananging gumantunga marang Gustimu” Dalijo semaur kaya tukang kotbah kae.
“Mulane mbiyen Yu WAsti wegah..jebul pelit sampeyan Lik..hehe” Nduk I’in ngece Lik Ndoleng..
“Dusss..malah tekan Wasti maning..”Batine Lik Ndoleng.

2 komentar:

  1. Leres niku pak.e....hehehehe koyone sampun katah manungso ingkang sampun keblinger.. Keblinger bab bondo lovers.. Ra ubet ra mangan...hehehe lanjutkan!!!

    BalasHapus
  2. kamangka, yen penemune ngono,brarti kurang percaya karo pangrumate Sing Ngecet Lombok..

    BalasHapus

FIKSI Di Malam PASKAH