Minggu, 04 Agustus 2019

KAREM


Minggu Legi 4 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK        

AWAS KLELEP


Kohelet 1:2,12-14;2:18-23
Jabur 49:1-13
Kolose 3:1-11
Lukas 12:13-21
“Gusti Yésus nuli ngandika marang wong kabèh sing ana ing kono: “Padha sing awas lan dingati-ati bab watak karem bandha. Sebab senajan wong duwé bandha akèh, éwasemono uripé wong mau ora gumantung ing bandha kuwi.” Lukas 12:15

KAREM kuwi watak sing ndadekne menungsa mung mikir utawa nggagas bandha,ora nggagas liyane. Mulane sing sapa nduweni watak KAREM bandha, mesti ora nate mikirke liyan,umpama ana sing mikir liyan,kuwi mung supaya isa njupuk kauntungan saka liyan kuwi. KAREM bandha isa digambarake kaya wong klelep,merga KAREM kuwi tegese ya pada kaya klelep. Yen klelep kuwi kahanane awak wis neng sakngisori pucuking banyu,mulane ora isa ambegan an suwening-suwe, kelangan ambegan lan isa dadi patine.

Piwulange Gusti Yesus neng Injil Lukas 12 ayat 13-21, mirunggan ayat 15 menehi gambarang sing padang njingglang bab urip,banda lan kautaman. Urip kuwi luwih utama tinimbang bandha. Sing sapa mung nengenake bandha, mesti nglalekne liyan, mulane nalika ana wong sing pengen nderek Gusti, njur dikon ngedol kabeh bandhane, kaget lan sakbanjure ora gelem. Kena ngapa ora gelem?Merga uripe wis KAREM karo bandhane,uripe wis dikuwasani dening bandhane. Kudune sing pas ana ing ngarsane Gusti, bandha kuwi sing dikuwasani,ora urip dikuwasani karo bandha. Sing sapa nguwasani bandha, mesti isa ngegohake bandha lan isa ngatur apa wae bab bandha, ananging yen uripe wong kuwi wis diatur karo bandha, tegese wis KAREM,wis kalah karo bandha,lan ora isa ngendaleni bandha, klakone malah dikendaleni dening bandha, kahanan kaya mengkene iki sing diarani KAREM karo bandha.

Ora mung jaman Gusti Yesus, sing jenenge KAREM bandha kuwi tekan saiki,malah kayane sansaya ndadra. Saiki akeh wong sing mung mikirake bandha, ana ing tata lahir kayane ngibadah, ananging yen karo bandha, biyuh pelite ora njamak. Katon rajin utawa sregep ngibadah,ananging yen dikon andum-inganduman marang liyan, angele kaya mbrengakal watu neng poking gunung. Kuwi kabeh klakon merga wong wis KAREM dening daya kekuatane bandha sing pancene ngedab-edabi. Wong luwih tresna marang bandhane tinimbang karo nyawane liyan, wong luwih ngeboti bandhane tinimbang manembah karo Gusti, mala ana sing mapanake Gusti mung kaya toilet, mung sepangaji rongewunan, ning ya jik glelang-gleleng sok suci.  Mula saka kuwi, nduweni bandha kuwi apik, lan sugih kuwi wajib, ananging aja nduweni watak pelti medit, nduwenana sipat trena marang liyan. Kuwasanana bandhamu, aja dikuwasani dening bandhamu, nalika uripmu mung gumantung karo bandhamu, wektu kuwi uripmu wis KAREM dening bandha,lan sakbanjure, isa kelangan urip.

RAHASIA URIP MULYA


“Jo, prosepuluhan kuwi wajib pora sih?” Takone Lik Ndoleng, sajak nggaya.nganggo basa sah-sih kaya cah enom kae.
“Wajib lan ora kuwi gumantung uripmu Lik, lan uga gumantung lehmu mapanke urip-bandha-kapercayan. Yen urip iki mung gumantung Gusti, bandha kuwi srananing urip, ananging yen uripmu mung gumantung bandha, Gusti ora ana ajine ana ing uripmu” Kojahe Dalijo,persis bakul kratoning swarga.
“Lha, sampeyan ki arep pisungsung prosepuluhan apa mung arep takon to Lik?”: Nduk I’in kaya padatan, takon sing aneh-aneh.
“Hmm..anu..hmm…ya mung arep takon wae..jik eman In meh prosepuluhan..”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Badala…jebule jik KAREM bandha sliramu Lik..”Unine Dalijo sajak jengkel..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH