Senin, 05 Agustus 2019

SAMBAT


Senen Pahing 5 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI SING ORA MARAKNE SAMBAT


Hosea 11:12-12:14
Jabur 60
Mateus 8:18-22
“Gusti Yésus ngandika: “Asu ajag padha duwé rong, lan manuk padha duwé susuh, nanging Aku, Putraning Manungsa, ora duwé papan kanggo nggléthak lan ngaso.” Mateus 8:20

SAMBAT kuwi sabarang kang mrentul saka telenging ati amarga nemahi kahanan sing ora jumbuh karo kekarepaning ati. Sakumpama nduweni kekarepan tekan ngomah dimasakne Sop Buntut, lha kok bareng tekan ngomah anane mung Jangan Bening, kuwi sing ndadekne SAMBA, kamangka wis dikandani sakdurunge karo wong ngomah, yen meh dimasakne Jangan Bening lan yaw is sarujuk. Sakliyane conto kuwi, jik akeh kahanan sing sejatine sederhana utawa lumrah wae, ananging merga kahanan atine nembe ora beres, mula ya apa wae isa dadi srana njedule SAMBAT kuwi mau. Mula sejatine sakdurunge nglakoni apa wae, kudu mangerteni kahanane kanthi padhang-njingglang.

Ana piwulange Kitab Suci sing isa dadi kaca benggalaning urip supaya ora gampang SAMBAT. Crita kuwi ana neng Injil Mateus, bab 8 ayat 20. Neng ayat kuwi dicritakne nalika ana pawongan kang kepengen nderek Gusti. Mirsa kahanan kaya mengkono kuwi, Gusti ora mbungahi,ananging malah maringi “rambu-rambu” bab kaya ngapa kahanane Panjenengane, yakuwi kudu siap nduweni spirit urip UGHAHARI, sederhana, sanadyan sugihe pol. Lho kok isa sugihe pol?Lha kan Gusti Yesus kuwi sugihe pol-polan,ananging tetep sumadya matrap gesang sederhana, malah kepara berspiritualitas mlarat. Mbalik ing crita bab pawongan sing meh nderek Panjenengane, kuwi dituturi bab “Asu  ajag nduweni rong lan manuk nduweni susuh, ananging Putraning manungsa ora nduweni papan kanggo ngglethak lan ngaso”. Ancase Gusti Yesus jelas, supaya aja pada SAMBAT,nalika methuki kahanan sing ngrekasa utawa beda karo kekarepane.

Obat SAMBAT Lara Untu


Mula saka kuwi, tumrap sapa wae, sing maca tulisan iki, pada dieling yen nemoni kahanan sing abot lan rekasa, lha Gusti Yesus wae sing kagungan sakabehe tetep nandang sangsara, lan ora nate protes nalika ana sing ngremehake Panjenengane, mosok awake dewe njur SAMBAT ngaru-ara, nalika nemahi kahanan sing beda karo kekarepane.

“Jo, aku jian kuciwa karo Markun, mosok wis takrewangi nalika nduwe gawean ndandani kandange kae, bareng aku mung njaluk tulung kon njurung kendaraanku pas bane nggembos babarblas ora gelem,alesane kesusu”, Lik Ndoleng sambat, nalika nembe wedangan neng sor talok.
“Lha mbokmenawa meh ana acara sing penting ta Lik..”” Semaure Nduk I’in.
“Pentinga kaya ngapa,kudune kan ya ngerti kahananku ta In” Lik Ndoleng jik wegah kalah.
“Kuwi sing kleru kekarepanmu Lik, dudu Kang Markun. Sampeyan nduweni kekarepan ditulungi dening Kang Markun, merga nale nulungi. Lha bareng butuh pambiyantu lan kang Markun hora gelem, sampeyan nesu,ngamuk-ngamuk..kan sing luput dudu kang Markun?Kuwi sampeyan Lik” Dalijo njlentrehake kanthi cetha, ananging mbuh Lik Ndoleng dong apa ora, merga kala-kala Lik Ndoleng Kuwi DDR, Daya Dong Rendah.
“Ssst..kang Dal, kok paklik mung mbesengut wae, ngerti pora karepmu mau ya?Jojogek DDR?” Nduk I’in klesak-klesik.
“Husst..aja seru-seru, krungu  sing maca BENINGE MEBUN ESUK, merga sing awatak kaya Lik Ndoleng kuwi akih, klebu sing nembe maca iki In..lha kuwi,mesam-mesem dewe..” Dalijo semaur  sinambi nyumet djarumsupere.

Mbahe..


Yen migunani, dumen karo sapa wae, yen ora ya nengna wae..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH