Kamis, 08 Agustus 2019

TUMINDAK


Kemis Kliwon 8 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 9:8-17
Jabur 50:1-8,22-23
Mateus 9:9-13
“Surasanen, apa tegesé ayat ing Kitab Suci, sing uniné: ‘Kang Dakkersakaké dudu kurban, nanging tumindaké katresnan.’ Sebab teka-Ku iki ora kanggo wong sing sampurna, nanging kanggo wong sing rumangsa dosa.”

TUMINDAK kuwi tembung kang linggane Tindak, sing tegese mlaku, mula TUMINDAK kuwi tegese Nglakoni. Wong sing TUMINDAK mesti mangerti baba pa kang kudu ditindakne, lan sakliyane mangerti wong sing TUMINDAK kuwi ya nduweni rasa sing ndadekake dewek’e nglakoni apa kang dimangerteni lan uga dirasakne. Supayane bisa mangerteni wong kudu sinau, lan sakjroning sinau kuwi mbutuhake ragad sing ora sithik, sakwise sinau lan mangerteni, ya kudu ngasah rasa pangrasane supaya landhep lan isa awas marang samubarang kahanan.

Ana crita ing Kitab Suci sing ngandarake bab TUMINDAK, yakuwi Tumindak’e Gusti Yesus. Nalika kuwi Gusti Yesus pinanggih Mateus sing tukang pajek, lan meh mampir. Sakbanjure ya mampir lan disuguhi mangan, ing kono ya banjur akeh wong sing melu mangan bebarengan. Ngerti kahanan kaya mangkono kuwi, para wong parisi sing rumangsa dadi polisining sosial alok-alok lumantar para murid’e Gusti Yesus. Merga sekti, mula Gusti Yesus ya mirsa apa kang dirasa lan diklesak-klesikake dening wong parisi kuwi. Merga nguningani apa sing dirasa dening wong parisi, mula Gusti njur mulang wong kabeh yen sing paling utama dikersakne dening Gusti kuwi TUMINDAK’E Katresnan, ora mung winates nglakoni adating agama utawa hukum-hukume agama. Ana ing pamawase Gusti,TUMINDAK katresanan kuwi luwih adi nilaine tinimbang mung nglakoni lakuning hukum agama.

Ana ing urip jaman saiki, apa sing kalakon nalika jamane Gusti Yesus ya isih uakehe pol. Sing TUMINDAK mung  merga pranatan, lan ora ana roh sing ngegohake. Sing diarani TUMINDAK’E Katresnan kuwi tumindak sing tanpa wates apa wae, apa kuwi wates adat,sosial lan uga pranatan. TUMINDAK’E Katresnan kuwi tumindak sing ancase mulihake sabarang dadi apik lan mbalik marang titahe Gusti sing wiwit mula,

“In, ngandi paklik, kok yahmene durung ngetok kaya biasane?” Dalijo sore kuwi nakoni Nduk I’in bab Lik Ndoleng sing durung njedul kaya biasane.
“Mau jarene arep nyang warung ik kang..kok ya suwe temen ya” Semaure Nduk I’in.
“Apa cah..pada crigis, aku mau rada suwe merga dikon ngrewangi Wasti ngudunke blanjane, mesakne wong akehe pol” Semaure Lik Ndoleng, sing njedul seka kamar .
“Wah, kesempatan dalam kesempitan ya Lik..mumpung ana kesempatan suwi karo Yu Wasti, mesti bungahe ngayang kuwi” Dalijo semaur sajak ngece.
“Iki merga aku tetulung cah, jare Pangandikan Gusti kon TUMINDAK Katresnan..” Semuare Lik Ndoleng.
“Kuwi merga sing ditulungi Yu Wasti lik, coba wong liya, mesti alesane ana wae..njur wegah” Dalijo jik isa nguyak pangolok’e.
“Bajindul,konangan tenan aku iki..rasia selak mbek cah siji iki” Batine Lik Ndoleng.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH