Rabu, 07 Agustus 2019

TANGI


Rebo Wage 7 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI MARAKNE TANGI


Hosea 14 : 1-9
Jabur 60
Mateus 9 :1-8
“Aku arep awèh bukti yèn Putraning Manungsa duwé pangwasa ngapura dosa.” Gusti banjur ngandika marang wong sing lumpuh mau: “Tangia, peturonmu angkaten lan muliha!”

TANGI kuwi kahanan, yakuwi kahanane wong sing wis isa mangerteni abang ijone kiwa tengen. TANGI kuwi kosokbaline karo TURU, yen turu kuwi menungsa lan titah liyane ora isa sadar lan ngendaleni awak lan uripe, TANGI kuwi kahanane menungsa lan titah liyane sing (kudune) isa ngendaleni urip lan apa wae kahanane. Ananging ya tetep wae ana wong sing sejatine TANGI utawa ora turu, ananging ora isa ngendaleni urip lan kahanane.

Piwulange Kitab Suci ing Injil Mateus bab 9 ayat 1-9 ngajak sapa wae sing maca supaya sadar, yen saben menungsa sing dikuwasani dening kekuatan liya ndadekne dewekne ora isa ngendaleni urip lan awak’e. wong sing lara Lumpuh kuwi uripe dikuwasani dening penyakit, lan merga kekautan penyakit kuwi mau, dewekne ora isa ngendaleni  uripe. Nalika ngerti Gusti Yesus mirsani kahanan kuwi lan sing lumpuh ya nduweni krenteg kepengin mari saka larane, mula banjur dikandani yen dosane diapura lan dikon TANGI. Lho kok urusane tekan dosa?Kuwi merga ana ing pemahamane wong Yahudi, kabeh lelara kuwi ana gandeng cenenge karo dosa, mula yen ana wong sing lara, sakdurunge diwaraske kudu diapura dosane sik. Lha sakwise diapura dosane, sakbanjure sing lara banjur dikon TANGI.

TANGI TENAN


Mula saka kuwi, TANGI sa diparingi arti utawa ditegesi, ungguling menungsa saka bebenduning apa wae sing ngrangkeng kahanane urip. Saiki mbokmenawa sing lara lumpuh ora akeh, ananging sing ora isa obah merga kahanan ya akeh banget. Ora isa obab bab tata kapercayane, ora isa obah bab pengandele, ora isa obah bab katresnane, ora isa obah bab usahane lan sakpanunggalane. Kabeh kuwi mesti ana sebab’e, mula manut patuladane Gusti Yesus, kudu dimangerteni “sebab utamane”. Sakwise dimangerteni sebab utamane, banjur didandani lan mesti bubar kuwi isa TANGI.
“Lik, sida ora, jare meh mbakeni usaha ternak iwak?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Niat jik ana Jo, ananging yakuwi, jik wedi bubrah kaya sing wingi-wingi” Semaure Lik Ndoleng.
“Disinaoni Lik, dianalisa, ben ngerti sebab’e kenapa wingi gagal total” Nduk I’in melu cawe-cawe bab rencanane Lik Ndoleng ngingu iwak meneh.
“Aku setuju karo idene I’in Lik, aja wedi gagal, kudu wani TANGI saka kahanan sing wingi. Yakin wae mesti binerkahan” Dalijo, kaya padatan, kojah, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Sapi meh dibeleh.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH