Senen Pon
26 Agustus 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
7:1-15
Jabur 10
Mateus
10:25-27
“Tumraping
sakabat wus cukup, yen nganti nemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrap abdi,
yen nemu lelakon padha kaya bandarane. Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul,
apa maneh brayate saomah. Mulane wong iku aja padha kokwedeni, awit ora barang
kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikake,
kang bakal ora kaweruhan. Mateus 10:25-26
Jejere
menungsa kuwi seneng karo sing jenenge lomba, lan ing sakjroning lomba kuwi
sing paling mbungahake nalika menang utawa isa ngalahake mungsuhe. Merga seneng
yen menang, mula wegah yen kasoran utawa kalah, mulane supaya menang akeh sing
mbudidaya supaya ora nate kalah. Yen babagan sing nyenengake ora gelem kalah
utawa ora gelem kungkulan, ananging yen bab tanggungjawab pada wegah yen nomer
siji.
Crita Kitab
Suci ing Mateus 10 ayat 25 lan 26 nyritakake bab sing rekasaning urip. Menawa bab
sing nyenengake menungsa wegah kungkulan, bab rekasaning urip menungsa seneng
yen kasangsarane kungkulan, utawa seneng rekasane luwih entheng. Gusti
Yesus pirsa sabarang sing dadi pikiran
lan pepinginane menungsa, mula nalika ngutus para utusan, Gusti ngelingake yen
mengko bakal nemoni kasangsaran utawa patrab urip kang rekasa. Sanadyan wis
dikandani bab rekasaning urip, ananging Gusti ya ngelikae yen kasangsaran sing
bakal dialami para utusane ora bakal ngungkuli rekasane Gusti kang minangka
Sang Guru. Tujuan utawa ancase Gusti paring piweling kuwi, supaya para utusan
ora keweden, merga kasangsaran, lan ing bab kasangsaran menungsa seneng menawa
kasangsaran utawa bab rekasaning urip RANGUNGKULI liyan.
Saka crita
iki, kudune sapa wae sing ngaku para penderek’e Gusti rasah giris, rasah wedi
utawa gigrig nalika diutus kanggo makarya jumbuh karo kersane Gusti. Kuwi kabeh
adedasar pangerten yen Gusti mesti bakal ngutus lan maringi pakaryan sing isa
dilakoni dening kang kautus. Tangeh lamun Gusti ngutus marang menungsa sing ora
bakalan kuwat ngadepi rekasaning urip. Dene menawa ana sing nampik utusan,
merga rumangsa ora kuwat, kuwi sejatine wong sing ora percaya marang Gusti. Tumrap sing percaya marang
Gusti, kautus ngayahi apa wae mestine siap, merga mesti RANGUNGKULI
kasangsarane Gusti lan kuwi tegese isa utawa kuwat nglakoni sing dikersakne
Gusti.
“Wah,
melu bungah Lik, saiki akhire gelem dadi majelis” Sore kuwi Dalijo miwiti
rembugkan sinambi ngopi neng Lincak, Sor Talok.
“Kuwi
merga Yu Wasti ya didadekne majelis ya kang?” Nduk I’in sajak ora percaya niat
tuluse Lik Ndoleng.
“Crigis
In, iki mrentul saka atiku sing paling jero,aku siyap..”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Weh,
mikirku pada I’in Lik, sampeyan gelem merga Yu Wasti ya dadi majelis, lha
alesan sing gumatok apa Lik?” Dalijo sajak nlesih alesan sing pas saka Lik
Ndoleng.
“Hmm..iki
merga akum aca Kitab Suci, yen rekasaning urip sing pada kautus kuwi ora bakal
ngluwihi rekasaning uripe Gusti, lan Gusti yaw wis aprajanji bakal ngreksa
sakdawane urip, mulane aku wani..”Lik Ndoleng njlentrehake alesane, wis kaya
Resi kae kojahe..
“Esiplah
Lik..melu bungah..merga bakalan kerep lirak-lirik karo Yu Wasti..hehe”
Pangecene Dalijo.
“Dusss..kuwi
meneh..hmmmm..tapi cen kuwi ya penyemangat ding..hehe” Lik Ndoleng semaur
lirih, isin dingerteni Dalijo lan Nduk I’in..
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar