Sabtu, 24 Agustus 2019

ATURAN


Setu Legi 24 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 1:1-3,11-19
Jabur 71:1-6
Lukas 6:1-5
Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, nalika Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum, para sakabate padha methiki wewulen, banjur dipusus ing tangane, isine dipangan.
Nanging banjur ana wong Farisi sawatara kang padha ngaruh-aruhi: “Yagene kowe padha nindakake kang ora diparengake ing dina Sabat?” Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen, anggone banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti cecaosan, nuli didhahar, lan para pandhereke iya banjur padha diparingi, mangka ora ana kang kawenangake mangan iku kajaba mung para imam.” Nuli ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku Gustine dina Sabat.” Lukas 6:1-5

Saka jaman bahoelak tekan jaman saiki, bab ATURAN kuwi dibutuhake dening menungsa, tujuanne supaya urip kuwi dadi luwih tumata utawa teratur. Anane ATURAN kuwi seka wohing piker menungsa sing landhep ing pikiran lan setya ing pemanggih, dadi ora ana ATURAN sing ciblok seka langit, lan kuwi dipercaya 1000 persen, sing ngawe Gusti. Sing cetha, ATURAN kuwi gaweane menungsa, ananging rineksa ing Gusti, mulane tujuanne (kudune) apik. Salah siji ATURAN sing tujuanne apik, ananging nalika nglakoni isa malah dadekne dredah yakuwi  Hukum Toret. Ing kana uga ana aturan bab dina SABAT, dina kapitu ing petungan tahun wong ngisrael. Ing dina kuwi (SABAT), kabeh ora kena nyambut gawe, tujuane supaya menungsa ngelingi Sing Mbaureksa Uripe.

Amarga lakuning jaman, ATURAN sing mbiyen digawe kanthi tujuan apik kwi isa menggok arahe, lan manut kekarepane siji lan sijine wong, lan sing nggegirisi, kuwi mung dianggo nggolek kauntungane dewe-dewe, lan nglirwakne liyan. Semono uga bab ATURAN dina Sabat, dina palerenan sing sinengker kanggo ngabekti. Merga saka lekoh lan buthek’e pikiran lan atine menungsa, ATURAN utawa pranantaning urip sing digawe supaya “harkat lan martabate” menungsa karumat, malah beda ing lelakon. Menungsa sing kudune ana neng nduwure ATURAN malah kalah karo ATURAN. ATURAN sing kudune isa marakne manungsa dadi apik, malah isa dadi srana ngrusak. Nemahi sing kaya mengkene iki, Gusti Yesu ora nrima, mula nganggo crita sejarah, nalika Dawud (amarga kepepet temenan), njupuk sesajen kanggo dipangan dening tentarane, tujuanne supaya tetep isa urip. Bab ngrumati Urip kuwi, ATURAN kudu kalah karo harkat kamanungsane menungsa. Yen nganti ATURAN ngalahake kamanungsan, kuwi wis nyingkur kersane Gusti.

Ing jaman saiki ya akeh sing uripe mung saderma manut ATURAN, kuwi wae sing dirasakne nekakne kauntungan, yen mitunani ya ditinggal. Mula, lumantar tulisan BENINGE EMBU ESUK iki, ayo pada niti priksa patrap uripe dewe-dewe, jik nengisore ATURAn apa sing ngwasani ATURAN. Titikane mayar, saben ATURAN kuwi arahe nggawa menungsa marang “pasuryane Gusti” kuwi jik bener, ananging yen ngener bab mareme menungsa kuwi SALAH!

“Jo, wingi bengi Markun tugas emsi ora mangkat. Mesti kerep ngono..Tuman!!”LIk Ndoleng Nggresula bab kang Markun.
“Lha alesane apa Lik?”, Nduk I’in njajal nakoni Lik Ndoleng.
“Jare mendadak kon ngeterke tanggane neng ndokteran…kan ya isa mengko bar dadi emsi?”Lik Ndoleng sajak jik sewot.
“Weh, aja ngamuk Lik, ngko yen kuwi temenan ya apik pilihane kang Markun. Luwih ngeboti pulihe kamanungsane sig mbutuhake pitulungan. Bab kamanungsan, ATURAN, sikat” Dalijo njletrehake.
“Tapi kan ya isa ngesemes pa wea ngabari” Lik Ndoleng jik ngeyel.
“Lha yen emergensi piye Lik?”Takone Dalijo, dene Lik Ndoleng mung meneng wae.
“Ooooalah, iki merga sampeyan ki sejatine ora nggresula kang MArkun ora teka, nggresula merga Yu Wasti ya ora mangkat ta Lik?” Nduk I’in nyemes sak kayange.
“Dlondong..konanga…” Batine Lik Ndoleng..

Mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH