Setu Pon
31 Agustus 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
2:1-3,14-22
Jabur 81:1,10-16
Mateus
20:20-28
“Banjur padha
ditimbali dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang
padha ngasta peprentahaning bangsa-bangsa anggone nindakake peprentahan kalawan
keras, sarta para panggedhe padha nindakake panguwasane kanthi kenceng. Ananging
kowe aja padha mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku
dadia batur, lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia
budhakmu. Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi,
nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong
akeh.” Mateus 20:25-28
Yen dikon
milih bab diladeni lan NGLADENI, kabeh sing maca tulisan iki, mbuh enam apa
tuwa, mbuh ayu apa ora, mbuh bagus apa ora, mesti milih diladeni, sanadyan yen
umuk ana ing pakumpulan-pakumpulan karohanen seneng muni “luwih seneng NGLADENI
tinimbang diladeni”. Kuwi kabeh sejatine merga menungsa kuwi sakwise tumiba ing
dosa, kinodrat nggolek kepenake awake dewe sanadyan liyan kudu nandhang rekasa.
Menungsa racak’e seneng kepenak, ora seneng rekasa, mulane ya seneng yen diladeni
tinimbang NGLADENI. Tembung NGLADENI kuwi linggane “laden” sing tegese tumindak
kanggo nglakoni apa sing dadi kabeh kabutuhane liyan. Mulane NGLADENI kuwi isa
ditegesei cumadhang kanggo nyukupi apa kang dadi butuhe sing ngakon. Jenenge wae
NGLADENI, mula ya kudu siap 24 jam saklawase sedina, ora kena kena break apa
meneh cuti..hehe..
Gusti Yesus
paring piwulang bab NGLADENI kuwi nalika para sekabat pada umyek rebutan bab
sapa sing entuk hak istimewa ana neng ngarsane. Kawiwitan seka “nyonyah
Zebedeus” sing nyuwunke papan ing tembe kanggo anak-anake, supaya entuk nggon
kepenak. Sajak’e budaya nyogok kuwi saka jaman mbiyen mula tekan saiki jik
subur uripe. Miring bab kayamengkono kuwi, Gusti ngelingkae yen kabeh sekabate
kudu siap ngrekasa lan uga siap makarya, ananging bab “papan kepenak” ing
sakmengkne kuwi mung ana neng pangwasane Gusti Allah Sang Rama. Sakwise nyonya
Zebedeus diparingi piwulang dening Gusti, para sekabat ora ko meneng lan
sadharm eee…malah pada umyek rebutan sapa sing bakalane dadi sing paling gede,
kuwi kabeh ya ora dadi kersane Gusti, mula njur pada diwulang bab urip sing
pener ana ing ngrasane Gusti, yakuwi dadi wong sing siap NGLADENI ora diladeni!
Pancen
angel, merga kabeh senenge diladeni tinimbang NGLADENI, akeh sing senenge
kongkon tinimbang dikongkon, kabeh seneng didadekne bos utawa juragan tinimbang
dadi batur. Kabeh kuwi kodrate menungsa, klebu sing maca tulisan iki karo
mesam-mesem, kamangka durung raup…hehe.. Sepisan meneh, sing dadi kersane Gusti
kuwi ora diladeni ananging NGLADENI, ora dadi boss utawa juragan ananging dadi
batur.
“Lik,manut
sampeyan kenapa akeh wong sing mung seneng ngomong ananging ora seneng nglakoni
ya” Dalijo esuk kuwi miwiti clathu karo
Lik Ndoleng.
“Kuwi
lumrah Jo, seneng tampil ananging wegah makarya, seneng muni ananging wegah
nglakoni” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Pancen..saiki
mung seneng mangsuli nggah-nggig..nggah-nggih tapi wegah tumindak, senenge
diladeni wegah ngladeni sanadyan nalika PA neng nggreja munine seneng NGLADENI “
Nduk I’in melu-melu senewen.
“Yen
aku seneng NGLADENI lho cah..”Lik Ndoleng sajak pengen mamerke sedyane sing
apik.
“Iyo,
merga isa ketemu terus mbek Yu Wasti. Jale Yu Wasti wis ora sak panitia,sak
grup, palinga ya mlempemmm!!” Dalijo muni sajak ngece, sinambi nyumet
djarumsupere.
Mbah’e..