Rabu, 29 Juli 2020

PENJALUK

Rebo Legi 29 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK

KEBON PORANG


Wulang Bebasan 1 :1-7

Jabur 119 : 121-128

Mateus 17 : 1-9

Petrus banjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.” Mateus 17:4

 

PENJALUK kuwi asale saka tembung Njaluk, sing tegese tumindak lumantar rembugan lan basa isyarat, kang ancase nampa samubarang saka liyan. Anane Njaluk kuwi amarga rumangsa ora nduwe, utawa rumangsa kurang. Njaluk kuwi uga amarga tuwuh pepinginan lan ing pungkasane, anane Njaluk kuwi supaya nampa lan marem. Dene tembung PENJALUK kuwi tegese sabarang tumindak kang katujokake marang liyan, supaya liyan kuwi nuruti kekarepane. Masalah apa kang dadi kekarepane lan klakon apa ora PENJALUK kuwi, beda perkara. Ananging kabeh kang aran PENJALUK kuwi, ancase supaya kekarepan keturutan. Dene bab PENJALUK kuwi isa dipilah dari loro, PENJALUK becik lan PENJALUK kang ora becik.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab PENJALUK, malah menawa dirasa lan disawang klebu PENJALUK becik. Crita kuwi ana ing Injil Mateus bab 17 ayat 1-9. Ing kana dicritakne nalika Gusti Yesus munggah gunung lanngajak sekabate cacah telu. Nalika tekan nduwur lan para sekabat ngrasakne pengalaman kang rinasa ngepenakake, mula njur nduweni PENJALUK marang Gusti. Dene PENJALUK’e kuwi  yakuwi supayane Gusti kersa nampa ide lan usule Petrus, sing arep ngyasakne pondokan utawa tenda. Dene ancase nggawe pondokan utawa tenda kuwi supaya Gusti Yesus krasan, amarga nembe sapatemon karo Elia lan Musa. Ananging PENJALUK kang rinasa apik kuwi babarblas ora direken utawa digagas dening Gusti. Bubar “janjiane” karo Elia lan Musa rampung, Gusti Yesus ngajak mudun cah telu kuwi.

 

Mrangguli kahanan kang kaya mengkono kuwi, Petrus ora nesu, ora mutung, ora ngamuk. Sanadyan ide utawa usule jian blas ora digagas, Petrus jik bergas, jik setya tuhu nderek lan nderekake Gusti.  Iki pasinaon apik bab kaimanan, bab nderek Gusti. Nderek Gusti lan nyenyuwun utawa ngejokne PENJALUK marang Panjenengane kuwi ora kudu kabeh dituruti, kudu manut kawicaksanane Gusti. Sanadyan ana ing penganggepe dewe ide utawa usul kuwi joss kotos-kotos, top-markotop, ananging menawa ora dadi kersane Gusti, ya kudu manut.ora pareng nesu..Hayo, kuwi sing maca sinambi mencereng kaya Banteng putus cinta, enggal mesem,aja njekathut kaya mengkono!!! Hehe..

 

“Jo, sakumpamane mbesuk Porang sing mbok tandur ora ngetokne hasil apik kepiye sikepmu?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika esuk kuwi wedangan neng dulngomah.

“Weh, ya taktampa kanthi legawa Lik..Aku mung ngayahi jatahku, aku nduweni PENJALUK marang Gusti, supaya tanduran Porangku ngetokne hasil sing apik. Ananging kabeh mbalik marang Gusti” Semaure Dalijo sajak solehe ngeram.

“ Wah… jian wicaksana temenan wangsulanmu Jo..apik..josss!!” Tanggepane Lik Ndoleng, sinambi ndudut MLDne Dalijo, alesane rung kober neng warung.

“Kabeh kabutuhan Porang takusahakne takcukupi Lik, merga aku nduweni PENJALUK marang Porang, mbesuk genti nyukupi butuhku. Kuwi kang tansah takaturke minangka pandonga marang Gusti. Lan aku yakin, hasil kuwi ora bakalan nyelaki pambudidaya..” Dalijo njlentrehake penemune bab PENJALUK, pambudidaya lan Hasil ing tembe.

“Setuju awakmu aku kang. PENJALUK,usaha lan tegen kuwi syarat utama anane hasil. Aja kaya sampeyan Lik, sembrana tumindak ananging njaluk sukses. Kaya olehmu mbiyen nyedaki Yu Wasti. Merga mung inggrang-inggring mula ora kasil..” Iin semaure, njur bablas makklebat arep neng warung.

“Trondollo buntungg!!! Kok malah tekan Wasti menehh!! Dusss…” Batine Lik Ndoleng, merga meh muni isin, wong tulisan wae ngko jik diedit…hehe

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH