Jemuah
Wage 17 Juli 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
44:9-17
Jabur
86 : 11-17
Mateus
20:20-28
Ibune anak-anake Zebedheus marak ing ngarsane Gusti Yesus karo
anak-anake, banjur sujud sarta arep ngaturake panyuwunan. Gusti Yesus ndangu:
“Kowe arep matur apa?” Unjuke: “Mugi karsaa paring dhawuh, supados anak kawula
kekalih punika, benjing wonten ing Kraton Paduka, sami linggiha ingkang
satunggal wonten ing tengen, satunggalipun ing kiwa Paduka.” Nanging Gusti
Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Kowe iku padha ora ngreti kang koksuwun.
Apa kowe bisa ngombe ing tuwung pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone
munjuk: “Inggih saged.” Mateus 20:21-22
NRACAK kuwi asale saka tembung Tracak. Dene
Tracak kuwi sejatine sikil kewan kang
wujud’e okeh “kukune”. Dene kewan sing nduweni Tracak yakuwi Sapi, Kebo,
Wedus, Kidang lan jik ana meneh liyane. Merga Tracak kuwi isine meh kuku kabeh,
mula nalika menyak utawa midak, isa natoni lan uga marakne lara. Saka tembung
Tracak mau njur ana tembung NRACAK, sing tegese tumindak kang ora sakbenere
utawa tumindak kang asipat Tracak, yakuwi tumindak kang mung anggere midak. Mula
saka kuwi NRACAK kuwi ana neng tata uriping wong jawa kinaranan ora apik, ora
becik. Ora ana tumindak NRACAK kang nampa pangalembana.
Ana crita neng Kitab Suci sing klebu tumindak NRACAK, yakuwi kang dilakoni
dening ibune anak-anak’e Zebedheus. Ancas utawa tujuane tumindka kuwi sejatine
isa darani apik merga “memeprjuangkan” kahanane anak-anake ing mangsa kang
bakalan klakon. mula kuwi, bojone Zebedheus mau nyuwunke papan kang kepenak ing
jaman kang arep klakon marang Gusti Yesus. Mireng pitakonan kang kaya mengkono,
Gusti Yesus ngelikake yen papan kang
kepenak kuwi kudu saguh ngombe tuwunging kasangaraning urip. Ana ing ngarsane
Gusti, kabeh oleh njaluk utawa nyenyuwun, ananging tetep wae kudu empan-papan
lan nyawang githok. Ana ing ngarsane Gusti Yesus, panyuwune bojone Zebedheus
kuwi NRACAK, ora pantes,ora wangun utawa ora ilok.
Ing jaman saiki bab penjaluk sing klebu
NRACAK kuwi ya akahe ngeram. Bab sing apik-apik yen isa kabeh dijaluk, ora
nggagas kuwi prayoga apa ora, dene bab sing ala, yen isa diedum nganti entek
marang liyan. NRACAK marang wong tua, NRACAK marang liyan, NRACAK marang
sedulur, NRACAK marang kanca, NRACAK marang brayat lan sakbanjure kuwi tumindak
kang ora apik. NRACAK bab penjaluk, nuntut
liyan kon nuruti kekarepane ananging wegah nyukupi apa kang dadi kebutuhane
kang dituntut, kuwi ya kerep klakon ana ing tata urip jaman saiki.
Mula saka kuwi, supaya apa kang arep
tinindakne ora klebu sing NRACAKK, kudu dipikir kanthi membat, aja
grusa-grusu,aja mung nuruti kekarepan hardening kanepson,ananging dipikir
kanthi wening ndisik.
“Kang, wingi bengi, bubar saka warung
tuku udud, kok Lik Ndoleng sumringahe ngeram ya, kira-kira ana apa ya kang?”
Iin nakoni Dalijo bab tingkahe Lik Ndoleng sing nganeh-anehi.
“Weh, lha embuh In. nanging aku ya
sempat weruh, pas lungguh neng nglincak iki,aku ora sempat melu jagongan
limangndina iki, pancen ngguya-ngguyu dewe. Mikirku sutis..eh setres In..”
Wangsulane Dalijo, lan sakdurunge Iin mangsuli, kedudul njedule Lik Ndoleng
saka wetan, mbuh saka ngendi.
“Mestii ngrasani aku…” Unine Lik
Ndoleng.
“Iyo Lik, merga tingkahmu sing
nganeh-anehi kuwi..” Iin mangsuli.
“Aku biasa-biasa wae lho In, mung wae
sing sinawang sumringah kuwi merga wingi pas mampir warunge Markun, ndilalah
dekne nembe dinas luar kota, aku klakon nyawang Wasti sakmaremku..” Lik Ndoleng
menehi wangsulan.
“Mung nyawang thok apa mbathi sing
luwih Lik?” Takone Dalijo.
“Hmm..kuwi rahasia Jo..” Semaure Lik
Ndoleng, sajak bungah ra rumangsa salah.
“Kuwi NRACAK lik, tumindak kang ora
becik,ora bener lan uga ora pener!!! Tumindak kang ora kinersakake dening
Gusti. Aja mbok baleni, iki aku sing ngelikake,ngko yen Gusti dewe sing
ngelikake, luwih nggegirisi!!” Unine Iin lan banjur mak klepat nyang pawon,
dene Lik Ndoleng langsung makpleruk, jian kaya Ayam Alas ditampik tresnane..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar