Kamis, 23 Juli 2020

NGANCUL

Kemis Kliwon 23 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


KATAK BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039


1 Para Raja 1 :28-37

Jabur 119 : 129-136

Mateus 13 : 47-53

“Karodene maneh Kratoning Swarga iku upamane kaya krakad kang ditibakake ing sagara, banjur ngumpulake iwak warna-warna. Bareng wis kebak banjur digered mentas menyang ing gegisik, wonge tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, dene iwak kang ora becik dibuwang. Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid,padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.” Mateus 13 :47-50

 

Ana akeh cara kanggo nggolek Iwak neng kali, beda karo nggolek Iwak neng segara. Saka Mepet, Bengkik, Tawu, Njaring, Njala, Mancing lan uga NGANCUL. Sanadyan tujuane padha, yakuwi nggolek lan antuk Iwak, ananging beda-beda seni lan pirantine. Mancing kuwi nganggo Pancing lan Banah, Bengkik lan Tawu kuwi pirantine ember,Ikrak utawa pengki lan uga Pacul, Njaring kuwi pirantine ya Jaring, dene NGANCUL kuwi pirantine meh pada karo Njaring utawa Njala. Sanadyan meh pada ing antarane Njaring utawa Njala karo NGANCUL, ananging ada sing mbedakne.

 

Pirantine Njala utawa Njaring beda karo piranti kanggo NGANCUL, amarga menawa Njaring utawa Njala kuwi sing nggolek mlebu neng mbanyu, dene menawa NGANCUL kuwi ora ndadak mlebu, cukup saka pinggiraning banyu.  Sakwise dirasa cukup olehe nyemplungake Ancul neng mbanyu, njur diangkat. Amarga pirantine gede, mula sing mlebu neng Ancul kuwi ya okeh banget jinise barang. Ana Iwak gede lan cilik ana Yuyu, ana resak, ana godhong garing lan sakpanunggalane. Lha sakwise diangkat njur diingirake, banjur dipihi dening sing NGANCUL, sing apik disimpen dene sing ala diinggirake lan sakbanjure diguwang.

 

Manut piwulange Gusti Yesus saka Injil Mateus bab 13 ayat 47-50, ing kratoning swarga kuwi klakone kaya wong NGANCUL. Sing klebu marang timbalane Gusti akehe pol, ananging sing  diwawas apik lan jumbuh karo kersane Gusti ora kabeh. Ana “kriteria” saka Gusti, dene kriteria kuwi ora ana sing mangerteni kanti pas, isane mung nggagapi. Dene piranti kanggo nggagapi kuwi salah sijine ya Kitab Suci.  Mula saka kuwi, supaya  mbesuk ing wekasaning jaman ora klebu sing dudu kersane Gusti, paya ngupadi urip manut tuntunane Kitab Suci, aja manut karepe dewe. Wong NGANCUL kae nggolek iwak, mula sanadyan nemu Bulus durung temtu dikanggokne. Gusti Allah “Juru NGANCUL” kang sejati wis nyebar “Winih Iwak” neng blumbange kauripan, yakuwi jagad iki. Mulane payo eling, yen sejatine menungsa (klebu sing maca tulisan iki ) kuwi Iwak kang mbesuk’e bakalane dipane dening Sing Kagungan. Menawa sing tinemu dudu Iwak, ya siap-siap wae diobong…ora bakalan digunakne dening Sing NGANCUL, Kang Kagungan Blumbang.

 

“Jo, jian aku krasa tenan karo piwulange Gusti lumantar Mbah’e, sing bab NGANCUL kuwi lho..” Celathune Lik Ndoleng, sore kuwi nalika nembe ngopi neng Cakruk Sor Talok.

“Pancen ngono kok Lik, urip kuwi kayadene Iwak sing neng banyu. Lan Gusti Allah kuwi sing kagungan. Arep manen Iwak lumantar ancul, mula ya kudu NGANCUL. Menawa sing mlebu Ancul dudu Iwak, utawa iwak bajang lan gering kae, ya siap-siap wae diobong, diuncalne menyang papan kanga la” Dalijo njlentrehake penemune bab Piwulange Kitab Suci.

“Wah, yen ngono tak ngupaya dadi “Iwak”, ben ora mbesuk diuncakne menyang pagenen Jo..” Lik Ndoleng sajak aprajanji.

“Apik Lik. Kabeh kudu diowahi, klebu slinthutanmu karo Yu Wasti. Dipunggel wae, ora sempulitan..”Iin Njedul lan kaya padatan, nyemes bab Yu Wasti marang Lik Ndoleng.

“Jrettt!!  Kuwi menehhh..Dusss!!!” Batine Lik Ndoleng..

 

Mbah’e..

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH