Minggu
Pahing 5 Juli 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Zakharia
9:9-12
Jabur
145:8-14
Rum
7:15-25a
Mateus
11:16-19,25-30
“Dakupamakake apa golongan iki? Upamane
kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, celuk-celuk kancane mangkene: Aku
wis ngunekake suling, kowe kok ora padha njoged. Aku wis padha ngidungake
kidung pangadhuh, nanging kowe ora padha tangisan. Sarehning Yokanan tekane ora
mangan ora ngombe, banjur diarani wong kepanjingan setan.” Mateus 11:16-18
NGGREGETKE, asale saka tembung greget,
sing tegese kahanane titah urip kang nulak utawa ora mathuk karo kahanan kang
lumaku, ananging ora/durung isa ngapa-apa. Saka tembung Greget kuwi njur njedul
maneka werna tembung liyane, kayata: Gregeten sing tegese nduweni sedya
ananging ora ana srana, uga ana tembung NGGREGETKE sing tembunge kahanan kang luwih
saka njengkelake. NGGREGETAKE kuwi kahanan kang ana ing cedak ananging merga
ana pepalang, ora isa tumindak. Dene kang marakne NGGREGETAKE kuwi okeh banget.
Gusti Yesus nate mrangguli kahanan kang
NGGREGETAKE, kuwi kelakone nalika Panjenengane pethuk karo polah-tingkahe
menungsa sing sakmenange dewe. Apa wae patrap urip, anggere kuwi ora manut karo
kekarepane dipaido lan ing pungkasane Nesu. Injil mateus nggambarake, kahanan
kang NGGREGETAKE Gusti Yesus kuwi kaya dene wong wis kadung ngunekne suling
nanging ora ana sing njoget, wis nembang tetembangan sesambat, ora ana sing
melu sambat. Pokoke patrap apa wae, Salah..Luput! Kabeh yen ora manut
kekarepane kleru. Malah bab tata kapercayan ya mengkono. Yokanan matrap urip
sederhana kaya resi, diarani kepanjingan demit, eee…lha bareng Gusti matrap
urip kaya liyane, diarani srakah..biyuhh..lha kapan benere??
Ing jaman saiki ya mengkono, malah
luwih parah. Okeh sing kahanan sing marakne NGGREGETAKE. Neng ngendi wae papan
lan kahanan, neng brayat, masyarakat lan malah uga ana neng pasamuan. Dijak makarya
wegah, ning yen ana salah polah lan maido wasise pol. Ditutke mandeg, ditinggal
nangis, dijak nulak lan ditinggal nesu.. Ana uga sing mengkene, jujur jare
sambat, bareng polah neng cara liya jare kurang bersyukur, rada wangun macak
jare kokean gaya, bareng kumuh jare ora isa macak..kuwi kabeh kahanan jaman
saiki, anane mung nuwuhake kahanan NGGREGETAKE.
“Jo, aku kuwi nggumun setahun,
njembleng serendeng karo Markun. Lha wong yaw is pe en es, lha yakok jik arep
nandhur Porang, apa jik kurang blanjane?” Takone Lik Ndoleng bab kang Markun,
bojone Yu Wasti, PNS sing nggarap tegale arep ditanduri Porang.
“Kuwi sing salah sampeyan Lik, salah
papan nyawange..” Semaure Dalijo sareh.
“Weh, kok malah aku sing salah, nalare
piye Jo?” Takone Lik Ndoleng.
“Wong obah, makarya kuwi lakya apik. Manfaatke
wektu lan lahan peparinge Gusti saka wong tua. Lha sampeyan ora isa kaya kang
MArkun kok malah maido, iki sing jarene mbahe NGGREGETAKE..” Unine Dalijo.
“Bener kang Dal Lik, merga “perspektipmu”
wis kleru marang kang Markun, mulane kabeh salah, kabeh luput. Kang Markun
sregep mbok arani kokean polah, kang Markun mulih kerja meneng wae mbok arani
kesed..kuwi kabeh merga kowe kalah nggondol ati lan tresnane Yu Wasti, mula
kabeh kahanane kang Markun luput..” Iin, muni sinambi nyapu neng pojok cakruk.
“Jindull…malah konangan cahhh!!” Batine
Lik Ndoleng.
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar