Jumat, 03 Juli 2020

DANDAN

Jemuah Kliwon 3 Juli 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Zakharia 2:6-13
Jabur 145:8-14
Mateus 10 : 16-23
“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.” Mateus 10:16
DANDAN kuwi sejatine ancase apik, amarga mranata saka kahanan kang kurang prayoga tumeka marang kahanan prayoga. Kayadene DANDAN omah, mesti omahe wis rinasa kurang prayoga, mula njur nggolek yatra kanggo ndandani ben dadi luwih apik. Semono uga tumrap wong wadon (sing dudu wadon ananging nggaya wadon, oleh ngguyu..muring ya oleh..hehe), bab DANDAN kuwi wis kaya dadi napase. Saben arep lelungan, sing kerep marakne kisruh ya nalika nunggoni wong wadon sing DANDAN.  Ananging menawa ora DANDAN, lan mengko macak ngedabul kae, sing lanang mesti mbesengut kaya Mendoan Kokean Lenga.
Pangandikane Gusti ing esuk iki ana gegayutane karo bab DANDAN, lho, kok isa? Kuwi kan bab Wedhus Gembel lan Asu Ajag? Iyo, yo merga bab kuwi mulane jejere renungan iki bab DANDAN. Mbiyen Gusti ngelikake marang wong akeh, bab urip kang kebak ing bebaya,kayadene wedhus Gembel saktengahe Asu Ajag. Yen mbiyen mayar mbedakne Asu karo Wedhus. Beda karo jaman saiki, sepisan bab Asu Ajag yawis arang, lan Wedhus ya wis arang. Ngertine mung lumantar crita lan gambar. Ing jaman saiki sing mbebayani yen ana Asu Ajag ananging DANDAN kaya Wedhus Gembel, amarga ora patia paham apa kuwi Asu Ajag lan Wedhus Gembel, mulane ing jaman saiki sejatine luwih nggegirisi. Mbok diDANDANi kaya ngapa wae, sing jenenge Asu Ajag kuwi ya Asu, mula nalurine ya Asu, semono uga Wedhus Gembel, diDANDANana kaya Asu Ajag, tetep wae naluri alamiahe ya Wedhus Gembel.
Mula saka kuwi, ing jaman saiki sing luwih ati-ati, amarga saiki saking pintere wong DANDAN, mula isa nganti matrap persis kaya asline. Sanadyan kuwi Asu Ajag, ananging merga wasis anggone DANDAN, mula isa nylamurake panyawange sapa wae. Ananging nalika lena ing pangenda, mesti diuntal sakwutuhe raga. Mulane, ayo padha ngati-ati, durung temtu sing sinawang kaya Wedhus Gembel, ateges alus, sumeh lan manut kuwi asli, isa wae kuwi nembe macak lan ngindik lenane kahanan, njur bareng lena langsung tubruk lan digaglak sakabehe. Sing waspada marang kahanan. Oiya, weling ing pungkasane tulisan iki, sing rumangsa macak minangka Wedhus Gembel oleh nesu, uga oleh ngguyu…
“Jo, kok jian kebangeten tenan ta Si Markun kuwi, mosok mung arep taksilihi disele wae ,nggo ngunoni kebonku ora oleh!?”  Sambate Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Weh, lha nduwe disel dewe, malah ana loro kok ya jik arep nyilih ta Lik?” Takone Dalijo sinambi nata polybag kanggo ndhederbibite Porang.
“Sirku ben cepet kok Jo, ora kesuwen olehku ngurusi banyu. Yen isa mlaku disel telu lakyo isa luwih cepet..” Alesane Lik Ndoleng.
“Haiyah..padune mung meh nggolek kesempatan wae Lik. Sampeyan ngerti kan, yen patangndina meneh Kang Markun meh pelatihan, njur wingi nyilih disel, ngko pas kang Markun lunga, alesan ngulihake disel,ben isa nggolek kesempatan njawil Yu Wasti kan?” Njedul saka pawon, Iin langsung nyemes Likm Ndoleng sakpole.
“Weh, ‘kreatip’teen olehmu DANDAN Lik, jian cerdas pol..ananging jik cerdas Iin, lan kang Markun, sing isa maca sakparipolahmu..hehe..konangan ya Lik?” Dalijo nguneni Lik Ndoleng entek amek kurang nggolek.
“Mestiii..Dussss…konangan menehhhhhhh…….” Gremengane Lik Ndoleng.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH