Rabu, 01 Juli 2020

MANGKAT

Rebo Legi 1 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 18 :1-11

Jabur 119 : 161-168

Mateus 10 :1-7

Padha mangkata lan padha memulanga mangkene: Kratoning Swarga wus cedhak. Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga. Mateus 11:7-8

 

MANGKAT, kuwi tegese ninggalke papan kawitan, tumuju papan liya. Lan tembung MANGKAT kuwi mesti ana gegayutane karo dhawuh, dene dhawuh dewe isa saka njero ati lan uga saka liyan, kayata brayat lan liyane. Pungkasane, bab MANGKAT kuwi magepokan karo gawean lan sing utama, bab dhawuh. Yen entuk dhawuh, njur mangsuli iya ananging ora MANGKAT, kuwi isa diarani ndableg. Renungan BENINGE EMBUN ESUK dina iki arep ngajak ngrasak-ngrasakne bab sing ana gegayutane karo bab dhawuh lan MANGKAT.

 

Neng Injil Matius bab 10 ayat 1-7, dicritakne bab timbalane Gusti marang wong akeh lan sakbanjure diarane para sekabate. Ditimbali kuwi ora mung meh diberkahi, ananging ya arep diparingi dhawuh. Dene wujud’ing dhawuh kuwi supaya marasake sing lara lan uga nundhungi dhemit. Sakdurunge didhawuhi, para sekabat diweling dening Gusti ndisik. Sakdurunge mangkat, para sekabat uga disangoni, supaya isa tatag-teteg-tutug anggone  ngayahi pakaryan kuwi. Lan bener wae, sakwise dirasa pepak utawa jangkep anggone nuturi lan nyangoni, para sekabat njur MANGKAT. Injil Mateus nglaporake marang sing pada maca (klebu sing maca tulisan iki), yen babar blas ora ana sing nggedumel, apa meneh sing nampik kanthi maneka warna alesan. Kabeh sendika mundhi dhawuh saka Gusti.

 

Bab dhawuh kuwi sejatine ora mung ing jaman mbiyen, ing jaman saiki ya tetep ana dhawuh saka Gusti. Dene lantarane dhawuh kuwi meneka-werna, ora langsung kaya jamane Gusti Yesus. Isa lumantar wong pribadi, uga ana sing lantaran pranatan pasamuan. Sanadyan pada bab ijik anane dhawuh ing jaman saiki, ananging bab tanggepane menungsa, bedane ora ukur. Yen ing jaman mbiyen seneng nampa dhawuh saka Gusti, ing jaman saiki malah timbalan lan dhawuh kuwi kaya laknate urip, mulakna uakehe poll sing endha lan malah nampik timbalan. Mula yen ing jaman saiki okeh lelara lan wong kang kadunungandhemit, kuwi mergane ora okeh sing gelem nampa dhawuhe Gusti lan MANGKAT ngayahi dhawuh kuwi mau.

 

“In, tumben yahmene Paklik rung ketok, ngandi ya?” Takone Dalijo neng Iin.

“Mbuhhh kang, mau pamit karo aku, jare arep mlaku-mlaku ngono..” Semaure Iin, sinambi njerengi kumbahan sing jik kotos-kotos, sajak’e rung duwe mesin cuci sing isa uga dinggo nggaringake.

“Hmm..mesti kuwi alesan, arep nglirik Yu Wasti..” Dalijo sinambi dolanan androite, ngrasani Lik Ndoleng, lan durung nganti Iin nanggepi, njedul Lik Ndoleng.

“Dusss!!!..Mesti ngrasani aku!!” Unine Lik Ndoleng.

“Ngrasani apik kok Lik..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Lha ngandi sampeyan, kok seka bar madang awan, tekan yahmene kuwi?” IIn nakoni Lik Ndoleng.

“Mau kuwi, meh mulih, liwat cedak warung, njur disambati sing nduwe warung, kon mbenakne Gendeng, ya tetulung, mula taklakoni” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Hmmm..warunge Yu Wasti, ya mesti MANGKAT..ora ana gawean wae ngolek-nggolek kok Lik sampeyan kuwi. Jale bab gawean pasamua, mesti kokean alesan..”Iin sajak wiwit nyemes Lik Ndoleng.

“Yen bab Yu Wasti,rindik Asu digithik bab MANGKAT kuwi Lik..” Dalijo melu ngompori, lan Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kae, sajak bingung, kaya anggota grup WA sing ora dong karo Manuk Kuntul.

 

Mbah’e..

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH