Sabtu, 18 Juli 2020

NESU (2)

Setu Kliwon 18 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 44 : 18-20

Jabur  86: 11-17

Mateus 12 :14-21

Wong-wong Farisi banjur padha metu sarta ngrantam bab anggone bakal nyedani Gusti Yesus.Mateus 12:14

 

Nggon jejer renungan BENINGE EMBUN ESUK dina iki ana tambahan angka 2, kuwi amarga jejer NESU wis nate dinggo, yakuwi neng tanggal 19 Januari 2019. Yen ora percaya, klik wae iki.. NESU kuwi kahanan, yakuwi kahanane ati kang njaluk dituruti sabarang kekarepane, lan menawa ora keturutan arep meksa supaya keturutan. Saben titahe Gusti sing nggembol nyawa, saka Pinjal tekan Dinosaurus (yen jik ana), nduweni bakat nesu. Ananging yen disaring lan dipilih, titah  sing paling “berbakat” bab nesu kuwi ya sebangsane sing nembe maca tulisan iki..hehe. sepisan meneh, titah kuwi isane NESU nalika kekarepane ora klakon. dene kekarepan kuwi ora kudu kabeh klakon, wong kersane Gusti wae ana sing ora (durung) klakon.

 

Crita Kitab Suci neng Mateus 12 ayat 14 uga nyritakne bab NESU. Lho kena apa wong-wong Farisi kuwi padha NESU? Kuwi amarga kekarepane ora klakon, malah sing klakon kosokbaline. Manut wong Farisi, dina Sabbat kuwi mung mligi kanggo ngibadah, ora olih ngayahi liya-liyane, lambok ana sing sekarat kejet-kejet ora olih ditulungi. Manut aturane wong Farisi, luwih aji ngibadhah tinimbang tetulung, mula nalika Gusti Yesus nulungi wong lara, lan ngepasi dina Sabbat, wong-wong njur NESU sakmareme.  Amarga NESUne wis sundul langit, mulanganti nduweni rerancangan nyedani Gusti Yesus.

 

Ing jaman saiki ya ora sithik wong sing nduweni gaya kaya wong Farisi, nggawe ukuran sosial mung saka sudut pandange. Malah ana neng sakjroning Pasamuan Greja wae ya kaya mengkono, nduweni ukuran bab pasamuan lan kuwi mung rakitane dewe. Ora mbeduli ana PPAG, ora mbeduli ana TGTL lan liya-liyane, pokoke kabeh manut penemuku. Lan yen menawa sing klakon kuwi ora manut penemume (sanadyan salah ), njur NESU,ngamuk lan ngrantam bab-bab sing sansaya ngadhoh saka kersane Gusti. Mula saka kuwi, sing pada ngati-ati karo pangerten lan kekarepan. Pangerten kang ora pener isa ndadekne penemu kang ora pener, dene penemu kang ora bener lan pener isa nuwuhake kekarepan kang ora pener. Nalika kekarepan kang ora bener lan pener mau dipeksane, bubar kabeh. Ananging menawa kekarepan mau ora klakon, njur ngamuk, NESU lan pungkasane meh mateni.

 

Sinau saka pengalamane Gusti Yesus, ayo padha nindakne kersane Gusti, dudu kekarepane menungsa. Lho carane mbedakne piye? Mayar, nindakne kersane Gusti kuwi mesti nuju marang tentrem rahayu, dene menawa nindakne kang dudu kersane Gusti kuwi mesti gampang NESU lan ngamukan…hehe..Sing rumangsa isa komen neng sor tulisan ya..NESU lan Ngamuk ya ora apa-apa, nggawa bendho ya olih….

 

“In, kena apa Lik Ndoleng kok raine njegadhul kaya Kinjeng Njomblo?” Takone Dalijo marang Iin bab Lik Ndoleng.

“Kuwi lho kang, Paklik nembe NESU merga kekarepane ora klakon” Wangsule IIn.

“Weh, baba pa kuwi? Kok kaya cah cilik wae, NESUnan..” Takone Dalijo meneh.

“Karepe Paklik, sing jenenge “pengarep” kuwi ya kudu hangabehi, ora kaya sing klakon. jare isane mung teori,klakone babar blas..” Wangsulane Iin.

“Weladalah, kuwi penemu kang luput. Apa kaya Pak Jokowi kae kudu macul nalika menehi saran marang petani supaya rajin? Apa ya Pak Persiden kae kudu bakulan sayuran nalika ngarahake bakul sayur supaya sukses? Kan ya ora ta?. Jagad iki kudu pas, ana sing ngarahake lan sing ngalkoni. Mula elikna Paklik Ndoleng, ora kena ngamukan, NESUnan. Bab nggreja kan wis ana aturane, yen ora nerak aturan pokok kuwi ya uwis, rasah nggawe aturan dewe” Semaure Dalijo.

“Presiden kang, dudu persiden..” Iin mbenrake tembunge Dalijo sing luput bab presiden.

“Lha iki paklik ngandi?” Takone Dalijo.

“Jik NESU! Mung gelem mesem marang sing disenengi thok. Ora liya ya Yu Wasti.” Semaure Iin lan ngepasi kuwi njedul Lik Ndoleng.

“Jindulll…mesti ngrasani aku ya?” Unine Lik Ndoleng.

Lan cah loro kuwi mung umak-umik sinambi cekikak-cekikik!!

 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH