Kamis, 09 Juli 2020

MINGGIR

Kemis 9 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 48:1-5

Jabur 65:1-13

Mateus 11:28-30

He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” Mateus 11:28

 

MINGGIR kuwi asale saka tembung Pinggir, sing tegese kahanan. Dene kahanan kuwi ora mung siji, ana kahanan neng tengah la nana kahanan neng Pinggir. Mulane tembung MINGGIR kuwi tegese tumindak sakperlu ngendani utawa jumangkah tumuju papan Pinggir. Dene ancas utawa tujuan MINGGIR kuwi maneka-werna, sakumpama lumaku, anane MINGGIR kuwi merga wis kesel, utawa ana kahanan kang mbebayani, mulane njur pindah saka tengah tumuju Pinggir. Sing jenenge mlaku kuwi ya mesti wae tumke ing wayahe Kesel, mula yen wis kesel ya kudu MINGGIR, supaya isa nyimpen tenaga anyar lan isa mbacutake lakune

 

Ana pangandikane Gusti neng Kitab Suci kang menehi piwulang bab MINGGIR. Ing kana Gusti ngendika, “ He para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku akal gawe ayemmu..” Kuwi isa wae diwenehi teges, he para wong lang padha kesel..lkene MINGGIR lan lerenna, supaya sinambi leren isa ngisi energi lan kuwi isa minangka tambahan energi kanggo nerusake laku. MINGGIR kuwi uga isa nduweni teges menehi kalodangan marang liyan supaya liwat, menehi papan supaya liyan ndisiki laku lan sakpanunggalane. MINGGIR kuwi isa uga mingka wektu kanggo nyawang, ora mung disawang. Nyawang supaya isa mangerteni sejatine lelaku ing sakjroning urip, ora mung nyawang lan mbijeni uga ngeploki. Gusti menehi wektu supaya sing kesel sowan, supaya MINGGIR sik ing sakjroning lelaku, lan sakbanjure nduweni tenaga kang linuwih kanggo mbacutake laku.

 

Ing jaman saiki okeh wong sing kesel, lan apik yen isa MINGGIR sawetara, supaya isa ngedem mesin, isa leren lan isa nambahi energi. Lan ing sakjroning MINGGIR kuwi isa lumebu ing kahanan wening sinambi nyawang lakuning liyan. Nyawang lan njupuk pasinaon apik kanggo sangu mbacutake laku. Nalika MINGGIR lan nyawang, Gusti ora ngersakne padha mbiji siji lan sijine, ora usah mbijeni Liyan, MINGGIR lan nyawanga, njupuka pasinaon saka sesawangan kuwi. Pancen mbijeni Liyan kuwi paling mayar, nyawang kuwi tembung liyane ndelok kang Jarwadasa-ne “mung kenDEL aLOK..isa lan senenge mung maido lan nyalahake liyan. MINGGIR kuwi pancen dibutuhake titah ing sakjroning lakuning urip, ananging MINGGIR sing manut  kersane Gusti, ora mung nggugu kekarepan kamanungsan. Mula saka kuwi, aja rumangsa kleru nalika ngrasakne kesel njur MINGGIR saka lakuning urip, MINGGIR sawetara wae lan ngaso sinambi nyawang sesawanganing urip. Kuwi kabeh sejatine wis netepi kersane Gusti, “..ke para wong……padha mrenea..(isa uga padha MINGGIR’a..)



 

“Jo, ngandi paranne  Tholib , kok suwiii ora ana kabare?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Lha pora ya ngerti ta Lik, kang Tholib wis pamit, ijin arep makarya” Semaure Dalijo.

“Weh, lha kok penak temen, isa pamit lan ijin?” Lik Ndoleng sajak kurang paham, durung patio dong.

“Weh, ya ora apa-apa kan Lik,,wong ya tujuane cetha..jelas..” Iin melu semaur.

“Lha sampeyan yen rumangsa sayah, kesel…ya isa kok Lik, MINGGIR..leren sakwetara..” Dalijo menehi solusi.

“Iya kuiw Lik, aku setuju karo kang Dalijo. Yen kesel leren sik, aja meksa mlaku terus. Lan yen MINGGIR utawa leren saka lumakuning urip, sinambia nyawang lakuning liyan, nyawang..ora sah mbiji lan nyalahke lakuning liyan..merga lakumu durung mesti luwih bener tinimbang liyan..” IIn menehi saran, jian kaya pilsup kae.

“Weh, saiki kok sliramu cerdas temen In?” Dalijo ngapresiasi idene Iin.

“Aku ki ya bingung lho kang, kok ya isa muni kaya mengkono kuwi..” Iin semaur lan njur nggeplek Lik Ndoleng sing malah ngalamun, digeplek sakskemenge ndadekne Lik Ndoleng njondil.

“Dusss…kakekane!! Sakkemengmu In lehmu nggeplek…” Lik Ndoleng semaur.

“Po nglamunke Yu Wasti Lik? Yen iya, MINGGIR sik, leren…kae wis duweke Kang MArkun..” Dalijo kaya padatan wiwit ngece Lik Ndoleng.

“Jrett..ora cahh!!”Muni ngono Lik Ndoleng njur mingket, mbuh meh nengndi..

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH