Sabtu, 11 Juli 2020

WANUH

Setu Pon 11 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 52 : 1-6

Jabur 65 : 1-13

Mateus 12 :14-21

Awit saka iku umatingSun bakal wanuh marang asmaningSun sarta ing nalika iku tumuli bakal padha ngreti, manawa Ingsun iki Panjenengane kang ngandika, iya Ingsun!” Yesaya 52:6

 

WANUH kuwi meh pada karo kenal, ananging luwih jero tegese. Kenal kuwi isa saka panyawang, gandha lan pangrungu. Dene WANUH kuwi klakone sakwise kenal kang lumantar nyawang, ngambu lan uga krungu. Wong isa wae krunga mawerna-werna swara, ananging durung mesti yen WANUH marang swara kuwi, uga nalika isa ngambet gandha durung mesti WANUH marang jatining gandha kuwi. Krungu lan ngambet durung mesti isa WANUH, lha wong menungsa kuwi isa nyawang wae ya durung mesti WANUH. Tegese, WANUH kuwi nduweni arti sing luwih jero tinimbang saka krungu,nggandha lan uga nyawang.

 

Ana crita neng Kitab Suci baba pa kuwi WANUH, yakuwi neng Yesaya. Neng kana dicritakne kepiye anggone nabi Yesaya mulang bab pangandikane Gusti. Kahanan kang nempuh bangsa ngisrael kang macem-macem kahanane kuwi jebul durung ndadekne wong-wong enggal WANUH marang Sang Yehuwah. Saka kahanan kang nrenyuhake tumeka kahanan kang mbungahake durung bisa ndadekne bangsa kuwi WANUH, mung winates neng bab ngerti,krungu lan mbokmenawa nyawang. Merga durung isa WANUH karo pakaryane Sang Yehuwah, mula kahanane bangsa kuwi ya ora stabil, gampang bungah lan gampang ngamuk utawa nesu. Nalika kahanane gathuk karo kekarepane, biyuhh..bungahe ngeram. Ananging nalika ana kahanan sing beda karo kekarepane, lhadala….nesu lan duka yayah sinipi..kabeh diamuk!! Kuwi kabeh merga durung WANUH marang Sang Yehuwah,mung winates krungu,ngrasa lan mbokmenawa nyawang.

 

Ing jaman saiki ora sithik menungsa sing ngakune “beragama”, malah luwih jeruu saka beragama, yakuwi “beriman”. Kuwi ngakune, pratelan lumantar tembung, dene ing tumindak, durung mesti cocok karo pengakune. Kuwi sejatine durung WANUH karo Gusti, Sang Yehuwah. Kuwi sejatine mung ela-elu, ben ora diarani ora kapir lan atheis. Sapa wae sing wis WANUH marang Gusti Allah, ora ana kang meksa kekarepane dewe marang liyan, ora ana sing senengane nyalahake liyan ora ana sing mung dadi penonton lan maido ngiwa-nengen. Ananging yen mung tumeka ing bab ngerti,ngrasa lan krungu, durung WANUH lho ya, lumrah yen senengane maido,ngggrundeli liyan tanpa WANUH kahanane lan jik okehe poll. Mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana kang klebu sing kaya mengkene, njur nesu lan ngamuk, ya ora apa-apa, merga kuwi durung WANUH karo Gusti Allah. Sing wis WANUH, ora kenal apa kuwi nesu, ora kenal apa kuwi mutungan lan ora kenal apa kuwi nyalahake liyan. Yen jik seneng nesu, mutungan,ngamukan lan nyalahake liyan, kuwi durung WANUH marang Gusti, sanadyana ya isa wae kuwi aktipis greja, katepene ya kolom agamane ora suwung.

 

“Wingi kok ora ngetok ngandi Jo, ana sing nakokne lho?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Ngaso Lik, lumebu ing kahanan wening..Ngupadi supaya isa WANUH karo Sing Nggawe urip” Semaure Dalijo.

“Weh, lha apa saksuwene iki durung WANUH karo Gusti ta Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Aku jik rumangsa ngerti sithik bab Gusti Lik, durung WANUH. Aku jik kerep nesu, mutung lan ngamukan..” Wangsulane Dalijo.

“Weladalah..jebul..” Lik Ndoleng kagete ngeram.

“Mula Lik, aja rumangsa WANUH karo Gusti yen jik seneng nesu,ngamuk,nggrundeli liyan. Yen ora seneng, omongne wae,rasah nggolek bala jak rasan-rasan, ora becik. Kaya nalika sampeyan lagi kemropok karo kang Markun kae” Iin njedul lan kaya padatan, melu nyemes Lik Ndoleng.

“Duss..trondolo bunting..lha kok tekan Markun ta In?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha merga kalah saingan, sampeyan njur ora gelem WANUH karo Kang Markun..anane mung nggrundeli wae. Sok akrab yen ana wong, yen ora ya kemropok terus..” IIn neruske rembugane sinambi nyelehake Kopi lan Gemblong Bakar.

“Duss!!”  Batine sing rumangsa kaya Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH