Senin, 03 Agustus 2020

KESANDHUNG

Senen Legi 3 Agustus 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 31 :22-42
Jabur 17 :1-7,15
Mateus 17 :22-27
Nanging supaya aku kabeh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iku, kowe mancinga menyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik dhewe iku cekelen, angapna cangkeme, kowe bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ing jerone. Jupuken bayarna marang wong-wong iku, kanggo Aku lan kowe.” Mateus 17:27

Mbokmenawa saka kabeh sing maca tulisan iki, ora ana siji-sijia wae sing durung nate KESANDHUNG. Kabeh wis nate ngalami. KESANDHUNG kuwi lelakoning urip, nalika sikil kang dingo mlaku nabrak samubarang. Lumrahe KESANDHUNG kuwi ya karo barang kang atos lan gede, ananging ana neng patrab piwulange wong Jawa, ana sebutan KESANDHUNG angin, mbuh kaya ngapa kahanane. Sing cetha, KESANDHUNG kuwi okeh rekasane, arang sing kepenak, klebu sing KESANDHUNG tresna.

Amarga KESANDHUNG kuwi rekasa, mulane Gusti Yesus nate maringi piwulang, supaya sakjroning gesange ora dadi Sandhungan, sing tegese kahanan utawa barang kang marakne wong liya KESANDHUNG. Crita Kitab Suci neng Injil Mateus bab 17 ayat 22-27 nyritakne kepiye anggone Gusti tumindak, supaya ora dadi sandhungan liyan. Dene kang dadi perkara kang katindakake dening Gusti kuwi, yaiku pakaryan kang lumrah, dudu gawean kang hebat, wong mung perkara pajeg kanggo Pedaleman Suci. Yen ing jaman saiki mbokmenawa ya pisungsung wulanan, supaya butuhe greja cukup. Gusti pirsa yen pitakonan bab Pajeg Pedaleman Suci kuwi mung jebakan, mula ya kudu diwangsuli kanthi wicaksana. Sing cetha, Gusti Yesus ora kersa dadi Sandhungan liyan.

Ing jaman saiki ora sithik wong sing dadi Sandhungan, mbuh kuwi dilakoni kanthi sadhar apa ora. Lan merga dadi Sandhungan,mula ya okeh uga wong sing KESANDHUNG. Dene cethane dadi Sandhungan kuwi ya ora macak dadi kayu apa meneh tunggak, ananging sikep lan polahe sing marakne liyan KESANDHUNG. Mula saka kuwi, yen ana sing maca tulisan iki njur rumangsa nadhe dadi Sandhungan, enggal-enggal ngowahi patraping urip, dene sing nate KESANDHUNG, kudu luwih dingati-ati. Tetep eling lan waspada.

“Jo, ngandi paranmu telugndina ora ngetok, okeh sing nggoleki sliramu lho?” Takone Lik Ndoleng.
“Aku pokus nyawiske lahan Porang Lik, so kora kober njedul…”Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.
“O..kiraku nglalu merga mikirke Tarsi.” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Emange aku sampeyan Lik, sanadyan wis dadi duweke liyan jik mbok upakara wae..”Dalijo semaur sareh.
“Wis rasah regejegan, ngko malah dadi kaya sing diwulangke mbah’e kuwi. Sijine dadi Sandhungan lan sijine KESANDHUNG..” Iin njedul lan bablas muni sakserune, sanadyan swarane cempreng kaya blek ditabuhi.
“Sareh In, aku kuwi angon wektu, olehku ora njedul merga njajal,pengen ngerti sepira butuhe kowe kabeh kaor aku. Wong njedul wae durung mesti menehi apa-apa. paling kopi ta In?” Unine Dalijo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH