Rabu, 22 Juli 2020

NGIJOLKE

Rebo Wage 22 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK

BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039


Daniel 12 : 1-13

Jabur 75

Mateus 13 :44-46

“Kratoning Swarga iku umpamane kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang katemu dening wong banjur dipendhem maneh. Marga saka bungahe, dheweke banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, petegalan mau tumuli dituku.” Mateus 13:44

 

NGIJOLKE kuwi asale saka tembung Ijol, sing tegese tukeran. Tembung Ijol lumrah klakon ana neng urip padinan, apa meneh ing jaman mbiyen nalika duwit durung ana. Saben wong kudu nglakoni ayahan Ijol cikben antuk apa kang dibutuhake. Sakumpama nduwe Klapa, ananging nembe butuh Glepung, amarga durung ana duwit, mula ya kudu Ijol-ijolan barang. Sing siji butuh glepung ananging nduwene klapa lan sijine butuhe klapa ananging butuh glepung. Mula saka kuwi NGIJOLKE kuwi tegese tumindak kanthi sadar lan sengaja kanggo ngganti apa kang dadi duweke kaganti barang liyane. Biasane sing diijolke kuwi luwih dibutuhake utawa luwih aji.

 

Crita Kitab Suci neng Mateus 13 ayat 44-46 memulang marang sapa wae, bab NGIJOLKE. Ing kana Gusti Yesus maringi pasemon kudu kepiye mapanke Kratoning Swarga, yakuwi samubarang kang ajine utawa “nilaine” ngluwihi samubarang. Digambarake kayangapa nalika pawongan nemu raja-brana  kang kapendem neng pategalan, banjur dipendhem supaya aman. Sakbanjure pawongan mau mulih lang ngedol kabeh darbekne kanggo nuku pategalan kang ana raja-branane mau. Ing perangan sijine, ana sing nggolek mutiyara lan bareng wis tinemu njur ngedoli kabeh darbene kanggo nuku mutiyara kuwi mau.  Saka crita kuwi isa dijupuk kesimpulan, menawa tumrap menungsa, apa wae sing  aji mesti wani nindakne ayahan NGIJOLKE barang sing lawas. Apa wae diijolke kanggo barang kang ajine ngluwihi.

 

Ana ing urip iki semono uga, menungsa wani NGIJOLKE apa wae menawa nemoni apa wae kang ajine ngungkuli liyane. Lha lumantar penemu iki, isa kanggo kaca pangilon tumrap sapa wae. Coba saiki kanggone sapa wae sing maca tulisan iki, luwih aji endi nderek Gusti lan makarya kagem Panjenengane dibandingke karo kesenengan kamanungsan, dibandingke karo banda donya sing diduweki lan dibandingke apa wae sing awujud kadonyan iki? Yen wani milih Nderek Gusti lan Makarya Ing Pakaryane minangka bab sing paling Aji, ayo padha NGIJOKLE apa wae kanggo nglakoni kuwi kabeh. Yen ora wani NGIJOLKE klangenan pribadi kanggo ngayahi pakaryane Gusti,kuwi artine dhawuh lan Pakaryane Gusti kalah aji tinimbang liyane.

 

“Jo, sidane kabeh kebon duwekmu arep total mbok tandoori Porang ya?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika nembe ngopi neng Sor Talok.

“Iyo Lik. Merga kanggoku saiki nilaine Porang ngluwihi tanduran liyane, mula kabeh meh taktanduri Porang..” Wangsulane Dalijo.

“Apa ora gede modale Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Gede Lik, ananging aku wis yakin mbolokin..hasile ora nyelaki ing tembene” Wangsulane Dalijo.

“Hmmm..kuwi ya sing ndadekne sliramu wani NGIJOLKE karo tanduran liyane ya?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Emange sampeyan Lik, kabeh mung inggrang-inggring,imbas-imbis. Ora wani nggetih! Cikri..tipiss..jirih..” Iin njedul lan langsung maido Lik Ndoleng.

“Crigis In!” Lik Ndoleng nyauri Iin.

“Ngapa Lik? Arep wani NGIJOLKE kabeh tanduran liyane njur ditanduri Porang?” Takone Iin.

“Aku jik kudu nimbang-nimbang sik In..” Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah!! Padune wedi..jirih wae kokean alesan. Mulane Yu Wasti  ya ora gelem Lik…mung inggrang-inggring” Iin semaur lan bablas mlebu pawon.

“Dusss..Jindulll…kuwi meneh!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH