Selasa
Wage 7 Juli 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
28:10-17
Jabur
131
Mateus
11:20-24
“Kidung jiyarah, anggitane Prabu Dawud.
Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggung sarta boten mawas kanthi kumlungkung;
kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk, utawi bab-bab ingkang
aneh tumrap kawula. Saestu, kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa
kawula; kados lare sapihan ingkang tileman celak biyungipun, kados lare ingkang
dipun sapih nyawa kawula wonten ing nglebet kawula.” Jabur 131:2
NENTREMAKE kuwi asale saka tembung
Tentrem, sing tegese kahanan kang sarwa enak lan kepenak, ora kurang
samubarang. Saka tembung Tentrem kuwi njur ana manekawerna tumbung turunan,
kayata: Katentreman, sing tegese kahanan kang tentrem lan uga NENTREMAKE kang
tegese ayahan kang ngener lan malah wis tumeka ing kahanan kang Tentrem. Merga kahanan
kang kudu dituju, mula NENTREMAKE kuwi mesti ngadepi maneka-warna kahanan,
ananging menawa wis saiyeg ing gati arep nemahi kahanan kang Tentrem mesti
tumeka, beda yen ora nduweni niyat kanggo ngrasakne Tentrem kang sejati.
Raja Dawud, raja gung binantara kang
jumeneng nalendra ing jaman semana, sakwise ngalami kahanan maneka werna neng
uripe, njur nduweni dudutan, yen kahanan Tentrem kuwi kudu diupayakne. Mulane,
Dawud njur nulis minangka paseksi menawa bab kang marakne ora isa tentrem kuwi
okeh, kayata: Gumunggung lan uga nduweni penggayuh kang muluk-muluk. Gumunggung
kuwi pancen kerep dadi hobine menungsa, ngomong ora jumbuh karo kahanan. Sakliyane
gumunggung, penggayuh kang ora lumrah ya isa dadi srana tentrem kuwi ilang. Saka
kahanan kang kaya mengkono, Dawud njur nemokake dalan kanggo NENTREMAKE uripe,
yaiku mung sumendhe marang kawicaksanane Gusti.
Yen ing jaman Dawud, dalan kanggo
NENTREMAKE urip kuwi pasrah marang Gusti lan ora nduweni penggayuh kang
muluk-muluk, ing jaman saiki ya kudu kaya mengkono. Ora usah gumunggung, aja
nggayuh sing ora isa digayuh! Sakmadya wae lan tetep sumarah lan wening ing
batin, kuwi dalan kanggo tumeka kahanan Tentrem. Sing jik nduweni penemu,
menawa marem karo tentrem kuwi pada, kudu diowahi, merga marem kuwi mung nuruti
kekarepan lan kerep natoni liyan.
“Kang, kok sedina iki mar Paklik mung
meneng wae, kira-kira kena apa ya?” Takone Iin, nalika Lik Ndoleng sajak
nganeh-anehei.
“Mbuh, jare arep lumebu ing kahanan
kang wening, arep NENTREMAKE ati lan urip “ Semaure Dalijo, sinambi ngruwesi
kembang Porang sing meh didhedher.
“Weladalah, lha kok ujug-ujug
nganeh-anehi kuwi aja-aja gara-gara saiki Yu Wasti arep pikenik neng Mbali karo
Kang Markun?” Iin sajak kagat lan nggathukake kahanane Lik Ndoleng karo crita
bab holide-ne Yu Wasti.
“Palinga ya merga kuwi, njur nggaya meh
NENTREMAKE ati…jebule ya merga kobong….ealah Lik..Paklik…” Dalijo muni sinambi
nglirik, rasa samar yen Lik Ndoleng njedul saka ngomah.
“Dusss…arep urip apik wae angele
cah..apa-apa mbok cubriyani merga Wasti..” Lik Ndoleng njedul saka tritis,
cedak kandang kulon omah.
“Yen arep NENTREMAKE urip ya aja
gumantung kahanane Yu Wasti …wis pasrah…” Unine Iin.
“Aja Lik, yen sampeyan ora nggagas Yu
Wasti meneh, entek critane urip…lanjutkan Lik!!” Dalijo sajak ora sarujuk karo
idene Iin.
“Jindulll…malah nambahi mumetku cahhh!!
Piye iki carake NENTREMAKE urippp???” Sora anggone Lik Ndoleng sambat.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar