Sabtu, 25 Juli 2020

IKLAS

Setu Pahing 25 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


1 Para Raja 2 :1-4

Jabur 119: 129-136

Mateus 14:1-12

“Aku iki bakal lunga ngliwati dalane samubarang kabeh kang ora langgeng, mulane atimu disantosa lan tumindaka kaya wong lanang. Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe” 1 Para raja 2 :2-3

 

Iklas kuwi gawean sing ora abot, ananging sanadyan kaya mengkono ya ora sithik menungsa sing wegah nglakoni. IKLAS kuwi kahananing ati kang ora nduweni melik apa-apa, amarga nglakoni mung supaya kahanan apik sing klakon. sakliyane kuwi, IKLAS isa uga diwenehi arti, kahanan kang sumeleh nalika liyan sing nampa utawa nglakoni. Crita neng Kitab Suci, cethane neng 1 Para Raja 2 ayat 1-4 menehi gambaran bab IKLAS kuwi. Nalika kuwi Sang Prabu Dawud wus meh “mulih neng klanggengan” amarga wis sepuh, njur meling marang putrane, Soleman. Dene welinge supaya Soleman ngayahi urip kang tansah manut marang pepakone Sang Yehuwah. Dene ancase sakliyane kang putra tansah winengku karahayon, uga supaya kabeh sing bakalane dilakoni soleman ngetokne hasil.

 

Prabu Dawud sadhar yen salah siji ayahan sing bakalane diayahi putrane, yakuwi mbangun Pedaleman Suci. Merga saka kahanan kang sadar kuwi, mulane ana ing piwelinge marang putrane, Prabu Dawud ora nyisipke weling supaya jenenge digawa, utawa paling ora disebut sithik. Kabeh kuwi ora dilakoni dening Prabu dawud, amarga dewekne wis IKLAS sakiklas-iklase. Apa kang dilakoni dening Prabu Dawud kuwi ora mayar, amarga menungsa sakdurunge lumebu lan tumeka ing kahanan kang IKLAS kudu wani ngliwati dalan kang rumpil. Wani nelukake pepinginan dialem, pepinginan kudu nomer siji, pepinginan tansah katon ing samubarang. Dalan kuwi jian rumpile ngeram, mula ya ora okeh menungsa sing wis bener-bener tekan papan kuwi, klebu sing aca tulisan iki ya mbokmenawa okeh sing durung tekan ing kahanan IKLAS sing sakbenere.

 

Sinau saka lelakone Prabu Dawud, mula saiki ayo ngupaya supaya isa tumeka marang kahanan kang IKLAS sing sejati, ora mung iklas mung unine lambe, ananging iklas ing sakmestine. Iki ora mayar, merga nelukake ati kuwi angele ngeram, apa meneh wong Jawa, ngomong “damai sejahtera”, ananging atine jik njeggureng kaya barongan. Sanadyan ora mayar, ayo dilakoni, aja malah ngendani.

 

“ Jo, sakumpamane mbesuk sing padha mbok “silihi” bibit Porang kae Panen, ananging ora mbelekake biaya winih marang sliramu piye?” Takone Lik Ndoleng nalika nekani Dalijo sing nembe leren macul neng tegal kidul kali.

“Ya ora apa-apa Lik, sing penting digunakne sing sakmestine” Semaure Dalijo sajak rada krenggosan merga nembe macul.

“Weh, kan kuwi kowe rugi Jo?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“Kuwi yen sing nyawang sampeyan Lik, kabeh mbok etung cara blantik”, Semuare Dalijo.

“Weh, ya kudu ngono, ben adil..yen kaya mengkono kepenaken sing mbok silihi..”Ujare Lik Ndoleng sajak wegah kalah.

“Aku IKLAS kok Lik, lan menawa klakon kaya sing mbok omongke kuwi, malah kuwi dadi srana nguji IKLASku, yenlulus ya apik,ananging yen aku jik njaluk dialem, tegese aku durung IKLAS. Kaya sampeyan wingi, nukokne aqua sakdus pas kerjabakti erte lan durung diomongne wae wis mrengut kaya Lele kelangan sungat” Jlentrehe Dalijo.

“Dusss!! Konangan..” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH