Selasa, 21 Juli 2020

MENEK

Selasa Pon 21 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Zefanya 3 :1-13

Jabur 75

Yokanan 11 : 19-27

Unjuke Marta: “Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad.” Yokanan 11:27

 

MENEK kuwi salah sijining gawean, yakuwi tumindak kanthi ener munggah utawa mendhuwur. Sing lumrah, MENEK kuwi ana gegayutane karo wit-witan, kayata :menek wit Klapa saperlu ngopek klapa, MENEK wit Sawo saperlu ngundhuh who Sawo lan sakpiturute. Sanadyan ora kabeh angel, ananging racak’e bab MENEK kuwi klebu rekasa, amarga durung mesti saben wong isa MENEK. Ing sakjroning MENEK supaya tumeka ing ndhuwur, mesti akeh pepalang lan  panggodha, kayata : Wit sing dhuwure ngeram, Wit sing guedene pol, ana Glugut sing isa marakne gatel, ana Uler sing ya isa nggateli lan uga ana pang sing wis gapuk kang mbebayani menawa dadi pancatan. Sakliyane anceman saka saknjabane sing MENEK, bab pepalang uga ana sing seka saknjeroning sing MENEK, yakuwi rasa kuatir lan malah rasa wedi. MENEK supayane tekan ndhuwur kudu wani lan isa nelukake kabeh anceman lan pepalang.

 

Bener yen tembung MENEK kuwi sejatine bab pakaryan munggah, mirunggan bab ngunggahi wit lan sabarang liyane. Ananging tembung MENEK kuwi ya isa kanggo menehi teges utawa arti tumrap bab liyane, kayata bab Kaimanan. Crita Kitab Suci neng Injil Yokanan bab 11 isa kanggo conto. Ing kana ana pakaryan kang isa kinaranan MENEK tumrap tuwuhing iman, yakuwi imane Maryam lan Martha. Lho cethane kepiye? Kuwi nalika sedulur wedok loro kuwi nemahi sedulure lanang kanga ran Lazarus lara banget. Bareng krungu Gusti Yesus meh mios, banjur mbididaya supaya Gusti enggal rawuh lan nyarasake. Ananging Gusti ora enggal ngrawuhi, awit wektune Gusti beda karo wektu kang dikarepake menungsa. Merga Gusti ora enggal “Patuwen”, nuweni sing lagi butuh, mulane njur Lazarus “koit”, iki kang ndadekne Maryam lan Martha rempu atine. Kepiye ora nelangsa, lha wong Gusti nembe cedak lan wis dijaluki tulung, malah nunda rawuh mula ya Lazarus bablas….

 

Maryam lan Martha kuciwa, ananging lumantar kuciwaning driya kuwi Gusti kepareng memulang. Dene piwulang saka Gusti sing sepisan, Gusti Yesus ora isa diatur. Sapa wae kuwi, sugiha kaya ngapa, pintera kaya ngapa ora ana sing isa ngatur Gusti. Kapindone, wektune Gusti kuwi ora ana sing luput, mula sanadyan kayane telat merga Lazarus wis seda, nyatane isa diuripake meneh lan kuwi dadi gumuning wong akeh. Lumantar pengalaman kuwi, tata kaimanan’e si Marta isa dadi luwih kuat,luih kandhel utawa luwih dhuwur. Merga pengalaman kuwi, iman’e Marta sansaya apik. Kabeh lelakon sing alami dening Martha kuwi isa diarani MENEK, lan ing sakjroning MENEK mau Martha nemahi kahanan-kahanan kang ngedab-edabi.  Ana rasa kuatir, anyel utawa sebel, nesu,ngamuk lan sakpanunggalane. Kuwi kabeh lumrah, sauger lakune ngener marang sansaya munggahe tata kaimanane.

 

Ing jaman saiki, sejatine ya padha wae. Kabeh kudu MENEK supaya tekan ndhuwur. Ananging ora sithik sing wegah menek ananging pengen tekan ndhuwur, kuwi sing ora lumrah. Mulane, menawa neng urip, mirunggan bab kaimanan nemahi kahanan kang beda karo kekarepan, lakoni wae, anggep wae kuwi peranganing laku MENEK kang pancen ora sithik pepalange. Aja ditinggal,ananging adepi, supaya sansaya diwasa. Aja keSUSU nyalahake liyan, ananging jajal dirasakne sejatine apa kang dadi kersane Gusti.

 

“Jo, jare ana bibit Porang nggonmu sing njamur?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab bibit porang sing njamur.

“Iya Lik, lumrah. Santai wae kok aku..malah saka jamur aku dadi isa ngerti carane ngilangi Jamur” Dalijo semaur sareh.

“Yen carane jamurke atine paklik marang Yu Wasti kowe ngerti ora kang? Takone Iin.

“Mayar kuwi In. sepisan, Yu Wasti kudu sarimbit terus karo kang Markun, kapindone Lik Trinil kon dandan sing semlohe..” Dalijo wangslan entenge ngeram lan Lik Ndoleng mrengut kaya Laron nunggoni Udan.

“Dusss…iki sing diarani Mbah’e bab MENEK ing tata iman, rekasane ngeram.kudu nglalekne si..” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH