Rabu, 08 Juli 2020

SETUT

Rebo Kliwon 8 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 13 :1-11

Jabur 131

Mateus 11:25-27

Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Yeremia 13:11

 

Ana sing ngarani Sabuk, ana sing ngarani Gasper la nana uga sing ngarani SETUT. Bahane seka kulit kewan lan karet, kabeh isa digawe dadi SETUT. Dene fungsi utamane SETUT yakuwi kanggo ndadekne siset clana sing nembe dienggo. Carane nganggo digubetake ana neng bangkekan, modele uakehe pol. Sakliyane fungsi utamane kanggo ndadekne siset, SETUT isa uga dienggo dimen patut, mula ana Jarwa-Dasa, SETUT kuwi dinggo sing siSET supayane paTUT.

 

Gegambaran SETUT nate ditulis neng Kitab Suci,cethane neng Yeremia bab 13. Neng kana Yeremia minangka nabine Gusti maringi dhawuh supaya menungsa padha Rukun. Lho apa ora rukun kok ana dhawuh supaya Rukun? Bab crah utawa ora rukun  kuwi wis dadi pepesthene menungsa kawit mbiyen mula, semana uga bab uripe bangsa Yehuda lan Samaria, bola-bali tukar-padudon. Dene kersane Gusti ngapa kok kudu rukun, kuwi supaya misuwur utawa terkenal. Iki piwulang apik, terkenal merga Rukun, ora merga tukar-padudon. Dene cara supayane rukun kuwi klakon, kudu ana SETUT’e. Gusti Allah ora kersa yen menungsa misuwur utawa terkenal merga crah, kersane terkenal amarga rukune. Supayane rukun kudu ana SETUT sing ngiket urip bebarengan, iki kang kudu ditemokake dening menungsa saben jaman.



 


Sanadyan rukun kuwi ora mbutuhake ragad okeh, ananging ora gampang menungsa urup tansah neng kahanan rukun. Okeh uga menungsa sing malah bungah nalika crah karo liyan, malah kepara marem nalika isa natoni lan marakne liyan lara. Mula saka kuwi, supayane rukun kuwi isa digayuh, kudu ana SETUT kang ngiket urip bebarengan. Dene wujud’e SETET  isa maneka werna, isa program kepedulian, isa gotong-royong, isa dolan bareng, isa mancing bareng, mbedhil bareng,pit-pitan bareng lan sakpanunggalane. Tugase menungsa ing urip bebrayan iki yakuwi nemokake SETUT kanggo ngiket urip bebrayan. Sing kudu dadi gegujengan bab iki :Aja nganti terkenal utawa kawentar amarga crah utawa tukar-padu, ananging nggoleka SETUT panguripan kanggo srana misuwure greja.

 

“Jo, jare ana rencana yen pasamuan arep nandhur Porang?” Takone Lik Ndoleng.

“Iya Lik, kuwi rencana apik..”Semaure Dalijo sareh, sinambi nutuli androite.

“Halaahhh..paling mandeg ndalan…ora ana klanjutane..” Lik Ndoleng sajak pesimis.

“Ya merga penemu kaya sampeyan kuwi Lik, sing ora becik. Manut penemuku,pasamuan  nandhur Porang iki dudu mung nguyak hasil materi, ananging iki srana mbangun guyub neng urip bebarengan. Aku setuju karo penemune mbah’e, yen nandhur Porang iki dadi SETUT  sing ngiket uriping pasamuan…Yen sampeyan ora sarujuk, ora apa-apa Lik..ananging aja kokean rembug..” Dalijo sajak rada erosi, eh emosi.

“Kang, sidane kapan ndangir kebon sing meh ditanduri Porang? Iki Yu Wasti WA, arep melu cancut-taliwandha, makarya bebarengan. Wani nutup warunge, siap makarya bebarengan..” Unine Iin saka pawong.

“Mengko, jam loro awan..ben rada eyup” Dalijo semaur, lan merga krungu bab Yu Wasti, mula nalika semaur sinambi nglirik Lik Ndoleng sing sajak rada bingung.

“Weh, aku tak melu kerjabakti oleh ra Jo?” Ujug-ujug Lik Ndoleng ngomong pengen melu cawe-cawe.

“Ajoooeeeeggg!!! Ngere ana Yu Wasti, bingung koming Lik..raisa nyelaki tresna ing jaman semana.. Kamangka iki Hoax, lha Yu Wasti jik hunimun part tu karo kang Marmun neng Lombok..” Iin muni ngono ngepasi njedul nggawa kopi lan sinawang mesam-mesem.

“Duuusss..Jindullll….”Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH