Senin, 06 Juli 2020

JUARA

Senen Pon 6 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 27:1-11

Jabur 131

Mateus 10:34-11:1

Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.” Mateus 10:37

 

JUARA kuwi lumrahe mung siji, sanadyan ana sejarah ana “juara kembar”. Juara kuwi tata urutan kang manggone ana ing ndhuwur dewe. Dene prosese supaya teka ing panggonan nduwur dewe kuwi ya ora mayar, kudu ngliwati dalan sing angel lan rumpil. Isa kanggo conto yakuwi JUARA dunia bal-balan kae, ora mung diundi njur dadi JUARA, ananging kudu ngliwati proses, saka kualifikasi tumeka putaran pinal. Lan pungkasane mlebu pinal, kudu ngalahke mungsuhe cikben dadi JUARA lan uga ora ana JUARA kembar. Mula saka kuwi, bab JUARA kuwi isa diarani dalan kanggo nemtokne sing nomer siji utawa sing paling utama.

 

Gusti Yesus nate menehe piwulang kang ana gegayutane karo JUARA, yakuwi bab tresna marang Panjenengane. Sanadyan neng ndonya iki okehe ngeram sing kudu “ditresnani”, ananging  tetep ana sing kudu dadi JUARA, sing ngalahake “obyek tresna” liyane. Samangsa ana obyek sing ngalahake Panjenengane bab tresna, kuwi ora wangun, ora pantes. Dadi cekak aose, JUARA utawa sing nomer siji kudu ditresnani ana ing uripe menungsa kuwi ya mung Gusti. Menawa bab tresna Gusti ora dadi JUARA ana ing atine menungsa, kuwi ora pantes diarani penderek’e Gusti. Piwulange Gusti bab JUARA ing katresnan kuwi ora mung klakon ing jaman semana, ing jaman saiki ya jik tetep lumaku.

 

Ing  jaman saiki, sanadyan Gusti ngersakne tresna marang Panjengane kudu dadi JUARA utawa nomer siji. Ananging sing klakon ya adohe ngeram, merga jik okeh sing dadi JUARA bab tresna ana ing uripe menungsa jaman saiki dudu Gusti. Ana sing dadi JUARA kuwi duwit, ana sing dadi JUARA kuwi hoby, luwih seneng nguyak hobyne tinimbang nelakne katresnan marang Gusti. Ing kahanan kang kaya mengkono, sejatine Gusti ora kersa, kaya pangandikane, yen sing sapa wae nresnani sabarang apa wae ngluwihi tresnane marang Panjengane, kuwi ora pantes nderek Panjengane. Mulane, ayo tresna marang Gusti kuwi didadekne JUARA ana ing urip iki. Kabeh sing arep ngrayah kahanan kuwi kudu disikat, mbuh kuwi hoby,banda,rasa serik lan sakpanunggalane. Ancase cetha, supaya sing dadi JUARA neng tata katresna ing urip iki ya mung Gusti.

 

“Seka ngendi In?” Takone Dalijo neng Iin, nalika sore kuwi nyawang Iin kledhang-kledhang  mulih.

“Iyok, nggolek kopi, wis kentekan. Tinimbang mbok pisuhi kang..” Semaure Iin.

“Huss..jo seru-seru bab misuhku. Oiya, warunge sapa kuwi mau?” Takone Dalijo meneh.

“Warunge Mbokde Wakijem, sing saiki diteruske Lusi” Semaure Iin, sinambi mapanke jemuran sing ora mapan pener.

“Weh, Lha saiki apa Wasti  nuku Warunge Yu Wakijem ta In?” Lik Ndoleng, saka sor Talok, nyaut lan takon bab Wasti.

“Hmm..iki jumbuh karo piwulange Mbah’e, nalika sing dadi JUARA bab tresna ing urip, kuwi sing bakalan kereb njedul. Lha JUARA tresnane Paklik Yu Wasti, mula tembung Lusi ya krungune Wasti..” Dalijo njengges Lik Ndoleng.

“Rasah lebe Lik, ora mung sampeyan sing kaya mengkono. Sing maca tulisan iki ya durung mesti “sing neng ngomah” sing dadi JUARA bab tresna..Kae, sing mesam-mesem nalika maca iki, kuwi mesti ngalami…” Semaure Iin lan banjur mlebu ngomah.

“Dusss..kenek menehhhh!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH