Kamis, 02 Juli 2020

NGANCEM

Kemis Wage 2 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Zakharia 1:1-6

Jabur 145 :8-14

Mateus 10 :7-15

Dene yen ana wong sing ora nampani kowe lan ora ngrungokake tembungmu, endang lungaa lan metua saka ing omah utawa ing kutha kono, sarta ketabna lebune sikilmu. Satemene pituturKu marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang sinangga dening Sodom lan Gomora bakal luwih entheng katimbang karo kutha mau.” Mateus 10:14-15

 

Tumrape menungsa , bab NGANCEM kuwi  dudu pakaryan sing abot, mula ora kudu kuliah dhuwur-dhuwur supaya isa mraktekake ayahan kuwi. Malah kepara, kawit bayi menungsa kuwi wis nduweni “bakat alami” kanggo tumindak kang kinaranan NGANCEM. Lumantar tangis isa minangka srana pangancem, lumantar wegah mangan nalika njaluk apa-apa, uga isa diarani tumindak NGANCEM. Cekak aose, gawean NGANCEM kuwi cen wis bakate menungsa. Ana sing ngembangke bakat bayine, yokuwi lumantar meneng wae, sok jaim..kuwi sejatine pengamcem. Uga ana sing ngancem arep ngene lan ngono..lan pokoke okehe poll..sakndayak abuh..

 

Bab NGANCEM kuwi ya ana neng crita Kitab Suci, salah sijine neng Injil Mateus. Ing bab 10 dicritakke nalika Gusti nimbali lan ngutus para sekabat, sakdurunge mankat wus disangoni lan dibriping. Salah siji isining briping kuwi yakuwi bab NGANCEM, sanadyan surasane positip. Yen ana sing ora gelem nampani tekane lan ngrungokake piwulange  para sekabat, para sekabat nduweni hak ninggalke lan ditandani srana ngebutake sikile sing wus kadung kena lebune omah sing brayate ragelem nampa mau. Saka piwulang iki isa dijupuk pasinaon, sepisan: Ora usah membat-membat mikir nalika ana sing nampik, tinggal wae. Ngentek-entekne energi mikirke siji (apa loro) sing nulak utawa nampik. Kaping Pindhone, bab kepiye urusane sing nampik para utusane Gusti kuwi ben Gusti wae sing ngrumati, tugase sing diutus mung ajak-ajak lan ngelikake. Dene menawa wis diajak lan dielikake ora gelem, ben wae nemahi kahanan kaya jamane kutha Sodom lan Gomora.

Pengancem kuwi lumrah, sing penting ancase jumbuh karo kersane Gusti. Anggone Gusti NGANCEM kuwi merga kahanane pancen kudu ngono. Mung ngutus wong rolas, kamangka kaweane okehe ora njamak, lha yen mung mikirake wong siji sing angele kaya dangkel jati jaman majapahit, posa marakne liyane kapiran,mula sing angele kaya dangkel jati tuwek kuwi aluwung ditinggal wae. Arep nesu ya kono, arep mutung ya kono..ben sakmenenge, nggere ora ngamuk njur dolan saba neng pasar. Sing kudu dieling, NGANCEM kuwi sauger ancase kanggo bab sing apik, ora apa-apa..

 

“Jo, wingi aku krungu, jare  Jamali, ora sida nandhur Porang yen regane bibit kaya saiki, apa tenan?” Takone Lik Ndoleng.

“Ora paham Lik, yen iya ya ora apa-apa…kuwi lak wujud’e NGANCEM, mbuh sapa sing diancem. Yen NGANCEM aku, ya tak tokne wae, wong mengko nandhur lan ora sing nampa hasile dudu aku..” Semaure Dalijo, sinambi milihi bibit Porang.




“Oooo..ngono ya …lha kiraku awakmu diancem ora arep ditukoni Bibite njur mbok dukne regane..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Babar blas ora Lik..sakliyane Jamali, sij okehe pol..jare mbahndito sakndayak abuh, sing meh tuku..dadi aku ora sumelang, sanadyan Jamali NGANCEM kaya mengkono.

“Emange kowe Lik, lagi dijaluki tulung Yu Wasti mbenekne Gendeng mlorot, sanadyan sejatine ora wani penekan, ananging bareng Yu Wasti NGANCEM, ora arep diesemi, njur nggaya, kaya isa-isa’a menek wae,. Ndilalah keplorot, nibo bak bruukkk…njur klunuh-klunuh lunga, ngomong ora lara..”Iin njedul, nggawa kopi lan langsung nyemes Lik Ndoleng.

“Dusss..kok kowe ngerti In, apa Wasti crita?” Sajak kaget Lik Ndoleng.

“Iyok, crita kabeh Lik..” Semaure Iin.

“Trondolo bunting…dusss!!” Pisuhane Lik Ndoleng..

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH