Sabtu, 27 Juni 2020

WISWAYAHE

Setu Wage 27 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 28:1-4

Jabur 89:1-4,15-18

Mateus 9:14-17

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.” Mateus 9:15

 

Tembung Wayah lan tembung daden liyane, isa nduweni arti sing beda. Wayah sore kuwi artine wektune wis sore, yen Lik Ndoleng wis duwe Wayah, ora tegse Lik Ndoleng wis nduwe wektu, ananging artine Lik Ndoleng wis nduweni putu. Mula saka kuwi, yen meh negesi tembung Wayah, kudu nyawang konteks ukarane lan uga  kahanane. WISWAYAHE kuwi ora isa diartekne “wisputune”, ananging artine wis tumeka ing titi mangsane. Bab iki isa uga diyakini wis tumeka ing garis, wus ginaris. WISWAYAHE kuwi artine wis ora isa dinyang utawa dinego meneh, lan menawa durung Wayahe, dikayangapakne ya tetep durung isa lumaku kaya kang dikarepake. Kayadene Tanduran Porang, mbok Umbine gedene sakndas Buta, yen durung Ripah utawa Dorman, ora okeh pigunane.

 

Bab WISWAYAHE kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, nalika ana kang takon bab pasa lan ora. Manut piwulang sucine Gusti, bab pasa kuwi dudu masalah oleh lan ora oleh, ananging bab Wayah utawa wektu. Yen durung Wayahe ya ora usah pasa, ananging yen WISWAYAHE, ya aja selak,aja endha,lakonana! Lha njur kapan wektune kuwi? Manut Gusti, nalika kahanane bener-bener mirunggan! Eling, nalika bener-bener wigati lan mirunggan!! “…nanging bakal ana wektune, temanten iku kaepthal ing antarane, ing kono bakal pada pasa..” . Lha kapan salah siji temanten kuwi kapethal? Nalika seambungan karo Gusti benthet,ora apik. Nalika nampik timbalan, nalika njothak sedulur, nalika nesunan, nalika mutungan..lha wektu-wektu kuwi kang pas kanggo pasa, kuwi WISWAYAHE pasa.


BULBIL/KATAK BIBIT PORANG
MINAT WA 085870480039
 


Ing jaman saiki, ora okeh sing isa angon WAYAH, angon wektu. Mulane ya jik okeh sing jik bingung kudu pasa apa ora, njur piye carane pasa lan sakteruse. Mulane, saka andharan iki, ayo eling yen sesambungane awake dewe karo Gusti lan Titahe ora apik, kuwi sejatine kang kinaranan WISWAYAHE pasa, sengkut ndonga nyuwan pangapura. Aja ndongane malah nyetatus WA, kuwi ora pener…yen WISWAYAHE ya ndang lakonana apa wae kersane Gusti, aja mbok tampik ngko malah bosok. Who Porang kae yen WISWAYAHE ngglinding, ndang lurunen, ananging yen durung ngglinding, aja dipeksa, ngko malah ora apik.

 

“Jo, jan-jane olehmu sregep temen nyambut gawe kuwi arep mbok nggo ngapa? Bojo rung nduwe, kamangka meh kabeh wis sarwa ana?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, sing sregepe ngeram nyambut gawe neng Kebon, nandur lan nyawiske kebon Porang’e.

“Iki WISWAYAHE nyambut gawe Lik, WISWAYAHE makarya kanthi temen, ora olih kesed..awake dewe kudu miwiti makarya ben isa dadi tuladha..” Semaure Dalijo sareh.

“Weh, mlethik temen pikiranmu  saiki Jo?” Sajak Gumun, Lik Ndoleng neruske takone neng Dalijo.

“Kudu ngono Lik, sampeyan kudune ya WISWAYAHE ora nggagas Yu Wasti wae, kae gatekne Bulik Trinil, awake garing kaya peyek pungkasan.. Sing mbok sawang aja mung Yu Wasti, sing pancen semok..” Iin ngetokne Kopi karo muni, nyreneni Lik Ndoleng.

“Duss…mesti tekan Wasti kowe In…hmmmm..asembb…” Grundelane Lik Ndoleng.

“WISWAYAHE aku mangkat niliki banyu Lik, dederanku Porang ben thukul apik..”Muni ngono Dalijo njur menyat..

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH