Jumat, 26 Juni 2020

KAWELASAN

Jemuah Pon 26 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 25:8-14

Jabur 89:1-4,15-18

Mateus 9:14-17

Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake, banjur mirsa wong kang jenenge Mateus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan ndherekake Panjenengane. Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.” Mateus 9:9,13

 

Tembung KAWELASAN asale saka tembung Welas, sing tegese nduweni rasa kang ngener marang sabarang kang apik. Saka tembung Welas mau, njur isa dadi meneka-werna tembung, salah sijine yakuwi KAWELASAN, sing tegese tumindak kanthi adedasar Welas. Lho, lha apa ana tumindak kang ora didasari rasa welas? Nggladeg…huakehe poll…Mula tumindak kang adedasar KAWELASAN kuwi mesti isa ngetokake hasil sing luwih maedahi, tinimbang tumindak kang adedasar kahanan liya, kayata: Njaluk dialem, kemaki lan sakpanunggalane.

 

Ana piwulang apik banget bab tumindak kang adedasar KAWELASAN, dene piwulang kuwi ana neng Kitab Suci, cethane piwulange Gusti Yesus. Nalika kuwi tuwuh penemu yen sing isa nampa timbalan mirunggan nderek lan nderekne Gusti kuwi mung wong sing apik, pinter,wasis lan uga (sinawang) soleh. Mula nalika Gusti nimbali Mateus, si juru mupubea, njur wong akeh padha “demontrasi”. Jan-jane ya lucu banget, lha wong ora mathuk karo Gusti Yesus, lha kok gaweane ngritisi pakaryane Gusti. Iki jian persis sing dina-dina iki hoby demo, lha demo tolak HIP, kok poncot-poncote turunkan Jokowi..jrett!!

Oppss..malah ngrembug politik..mbalik wae neng bab piwulaneg Gusti. Pirsa grundelane wong akeh bab timbalane marang Mateus lan uga srawunge Gusti karo wong-wong kang sinebut “dosa”, Gusti njur ngendika, cekak aos! “Aku butuh Nindakne KAWELASAN, tekaKu ngoleki wong dosa”. Cetha wela-wela nyulek mata, yen sing ditimbali lan dijak makarya dening Gusti kuwi wong sdosa, wong sing ora sampurna. Gusti ora butuh wong sing suci, merga cen ora ana. Mateus sing dadi juru mupubea, sing diarani sampahing masyarakat, nalika ditimbali langsung sumadya. Mateus ora kokean alesan, ora mutar-muter kaya kitiran..merga Mateus rumangsa wong dosa sing nampa KAWELASAN.



 

Ing jaman saiki sih KAWELASAN saka Gusti kuwi jik pancet, ora owah gingsir. Gusti tetep nimbali sapa wae, lan sing jelas wong dosa, merga neng njagad iki ora ana wong suci. Nampa timbalan kuwi sejatne kanugrahan, mula menawa kanugrahan kuwi ditampik, mbuh alesane apa, kudu ditakone marang wonge, sing neng njero patrap percayane kuwi kaya apa. Merga menungsa kuwi saben ndedeonga mesti njaluk, salah sijine najlauk kanugrahan utawa berkah, lha bareng diparingi kok ditampik, coba dinalar, isa mlebu nalar pora? Anangin sanadyan ora mlebu nalar, ing njagad iki ora sithik sing tumindak kaya mengkono, binerkahan ananging nampik berkah kuwi. Mula yen mbesuk Gusti ora maringi berkah mirunggan meneh, ya SANGGARUGI pek dewe wae.

 

“Piye Jo, sidane gelem ra Markun dadi majelis?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Jelas gelem..ora kokea alesan, kaya sampeyan. Jare ora ahli teknologi,jare raisa mikir, jare randuwe wektu..wis alesane sampeyan jian kaya trek tronton..ndlidir..” Semaure Dalijo.

“Weh, aku kuwi TEPAWAK Jo, rumangsa ora isa, mula tinimbang digeguyu, aluwung ratak tampa..” Alesane Lik Ndoleng.

“Haiyah..kokean lambe Lik..padune isin kalah karo kang Markun wae ndadak kokean alesan..”IIn njedul, langsung nyemprot Lik Ndoleng.

“Weh..ora bab kuwi In..” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Ngene Lik..kang Markun nduweni alasan teologis, jare timbalan kuwi kanugrahan, mula kudu ditampa. Kang Markun yay akin mbolokin..yen timbalan kuwi merga KAWELASAN saka Gusti, mulane kang Markun percaya, yen Gusti kang bakalane njangkepi..” Jlentrehe Dalijo.

“Kuwi LIk…cethane, kowe kuwi kalah kabeh mbek kang Markun..mula Yu wasti ya nginthil kang Markun..” Iin kaya padatan, ngece Lik Ndoleng.

“Trondolooo…tekan Wasti meneh…” Lik Ndoleng sajak nggresula.

“In, mosok Yu Wasti semana gedene “Nginthil” kang Markun, pora kudune…Ng…”

“Hooopppp..setoppp!! Saru!!” Lik Ndoleng nyrobot unine Dalijo.

 

Mbahe..

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH