Sabtu, 13 Juni 2020

KWALIK

Setu Kliwon 13 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK           


Pangentasan 6:28-7:13

Jabur 100

Matius 6:24-34

Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.” Mateus 6:33

 

Samubarang kabeh sing neng njagad iki wis tumata apik, malah manut Kitab Suci, sing diyakini minangka Pangandikane Gusti, samubarang kuwi wus sarwa prayoga utawa apik banget. Ananging sing kudu dimangerteni, apik kuwi manut panyawange sapa ndisik, apik manut menungsa durung temtu apik kanggo Gusti. Mbalik marang bab kabeh kahanan sing ana ing njagad kang wus tumata apik, dadi mbok’a kuwi sinawang ora apik dening menungsa, kuwi apik ana ing kawicaksanane Gusti. Jajal wae nyawang Woh Semangka kae, apa ya lumrah yen wite mung semana njur uwohe sak ndas buta abuh? Njur ganti nyawanga uwohe wit Ringin, apa yay a ilok yen wite wae semana gedene, ning uwohe mung sak Upil Jumbo? Manut menungsa ora pas ananging pas kagem Gusti, ora isa diwolak-walik, merga yen diwolak-walik, ora kepenak. KWALIK kuwi kahanan kang ora pas, ora manut aturan alam,mula mestine ya ora kepenak.

 

Sanadyan ora kepenak, ananging ora sithik menunga sing seneng menganggo kanthi kahanan KWALIK, ora pas karo pranatan wiwitane. Lan bab kahanan KWALIK kuwi ora mung neng tatanan urip kajasmanen, neng karohanen ya okihe pol. Pangandikane Gusti neng Injil Mateus bab 6 ayat 33 kuwi sing neng patrap urip pasamuane Gusti dilakoni kanthi KWALIK ananging padha ora sadhar. Lire kepiye? Mayar wae, saiki 99,9% wong makarya neng pakaryan mirunggane Gusti mung yen wis ana wektu longgar, yen wis ana TURAHAN wektu. Kuwi kasunyatan, ora ngaya wara. Yen dijak makarya mirunggan ana ing pakaryan mirunggane Gusti, biyuhhh…angele ngeram. Alesane jian anaaaa wae, ana sing alesan randuwe wektu, raisa,rawani lan mbuh..okehe rake’etung.

 

Gusti ngendika, “Udinen kratoning swarga ndisik…” kuwi, cekak aos, dene kratoning swarga kuwi ya nekakne kahanan apik ing urip iki, yen nuwuhake kahanan elek utawa bubrah, kuwi ora ngudi kratoning swarga,kuwi ngudi kratone dewe. Mula saka kuwi, sejatine menungsa kuwi seneng kahanan KWALIK, ya aku iki sing nulis, lan sampean-sampean sing maos niki, leres ta, seneng sing KWALIK? Hayo,niku kuwi sing mesam-mesem, mesti seneng nglakoni kang KWALIK! Mula saka kuwi, lumantar tulisan iki,ayo padha dieling njur ngowahi apa wae kang KWALIK, didadekne lumrah wae..

 



“Manut penemumu piye In,bab Markun sing bola-bali misungsungake bandhane kae? Apa ora sinawang mung pamer?” Lik Ndoleng, mbengi kuwi mbukak rembugan bab Kang MArkun sing kerepe ngeram pisungsung.

“Lha bab apik kok disujanani ta Lik? Wong kabeh komisi entuk pisungsung. Pemuda, Remaja, Anak-anak..jare bar entuk sertipikasi..pora Joss..” Iin ora nyengkuyung rembuge Lik Ndoleng, malah sajak nambahi panase ati. Lik Ndoleng  durung kober wangsulan, njedul Dalijo.

“Tinimbang kowe Lik, nggere dijak makarya neng pasamuan, alesanmu enek wae. Kuwi jan-jane KWALIK, manut kersane Gusti, ngupaya kersane Gusti ndisik, ora kaya sampeyan..mbledig kadonyan njur Gusti mung mbok aturi turahan..ora mung wektu, pisungsung wae mung ngrongewunan..” Kaya udan mangsa rendheng, Dalijo ngojahi Lik Ndoleng.

“Asem..teka-teka malah kojah ta Jo,apa ngerti rembugan apa iki?” Lik Ndoleng sajak endha.

“Mesti ngrasani Kang Markun kan?” Dalijo nyemes pol tenan lan Lik Ndoleng sansaya kisinan.

“Kecuk-Mbendho…kenek meneh cah…ora mangan nagkane malah mung GOPAKPULUTe..” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH