Senin, 01 Juni 2020

DIPULIHAKE

Senen Pon 1 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK

                                                       KATAK BIBIT PORANG
                                                        MINAT WA 085870480039


Yoel 2:18-29

Jabur 104:24-34,35b

Mateus 5:1-12

Ingsun bakal paring marang sira pulihe taun-taun kang pametune entek kamangsa dening walang alihan, walang kang mlumpat, walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti, wadya-balaningSun kang gedhe kang Sunutus menyang ing tengahira Sira bakal padha mangan akeh, nganti wareg, sarta sira bakal memuji asmane Sang Yehuwah, Allahira, kang wus nandukake kaelokan marang sira, karodene umatingSun ora bakal nandhang wirang ing salawas-lawase.” Yoel 2:25-26

 

DIPULIHAKE kuwi tembung  kanga sale saka lingga “Mulih”, sing tegese bali marang kahanan wiiwtan, utawa bali marang omahe. Saka lingga Mulih mau njur isa dadi pirang-pirang tembung sing tegese isa beda-beda, sanadyan jik ana neng sakiwa tengene Mulih utawa bali marang mula bukane kahanan. Saka tembung Mulih njur isa dadi Pulih, yakuwi sakwise Mulih isa dadi Pulih, njur ana meneh tembung DIPULIHAKE, sing tegese digawa utawa didadekne Pulih. DIPULIHAKE klakon merga ora isa Pulih dewe, mulane sing nate DIPULIHAKE aja pada kumenthus lan kumlungkung.

 

Neng Kitab  Yoel ana crita bab pakaryane Gusti ndadekne PULIHE kahanane menungsa. Nalika jagad “tumandhang gawe” kanggo mranata kahanane kang wus rusak merga polah tingkahe menungsa, menungsa njur ngrasa rekasa lan nampa bebendhu. Sakjrone nemahi kahanan kang kaya mengkene iki njur sambat marang Gusti, kuwi pancen patrap menunga sajege urip neng ndonya,ora mbiyen ora saiki. Kokean polah lha bareng nemahi sengsara njur sambat marang Gusti. Mbalik neng critane Kitab Yoel, neng kana dicritakne kepiye kahanane menungsa amarga pambalelane, njur sambat njaluk pitulungan marang Gusti Kang Akarya Jagad. Merga disambati mau, njur Gusti Allah aprajanji arep mulihake kahanane menungsa, lan iki isa diarani yen kahanane menungsa sakwise apik merga DIPULIHAKE.

 



Saka crita iki, isa dijupuk piwulang becik, menawa kahanan apik kang dirasakne dening menungsa kuwi merga sejatine dudu usahane dewe, kuwi merga sih pielase Gusti Allah, kuwi merga DIPULIHAKE. Anane DIPULIHAKE ya merga menungsa ora isa nggawe kahanan kuwi Pulih dewe. Mulane tumrap sapa wae, sing jik rumangsa menungsa (sing wis ra rumangsa menungsa bebas..hehe..)aja pada kemaki, kemayu, kumenthus,gumunggung lan sakpanunggalane menawa nemahi kahanan apik, kuwi dudu pambudidayamu dewe, kuwi merga berkahe Gusti. Semono uga tumrap sapa wae sing nembe nemahi kahanan kang ora apik, ora usah keweden, Gusti mesti bakal ndadekne Pulih, kahanan kang lumaku bakal DIPULIHAKE. Dene syarate ben isa DIPULIHAKE kuwi mung mayar, sambat marang Gusti lan manut pranatane, wis kuwi wae.

 

“Jo, kira-kira kapan ya si dlondhong kecerit Topik Songolas iki minggat saka ngalam ndonya iki ya?” Lik Ndoleng esuk kuwi, nalika leren neng sor wit gedang,neng Kebon, nakoni Dalijo.

“Lho, kok sampeyan nyalahke Topik Songolas ta Lik? Luput Lik, iki janjane sing slah menungsa. Merga srakah, merga kokean pepinginan, njur  apa wae sing enak lan kepenak meh dikwasani menungsa, klebu omahe asli si Topik Songolas iki. Yen meungsane ora srakah kabeh meh diuntal, mesti si Topik Songolas anteng lan ora nggolek omah liya” Semaure Dalijo sinambi nyedak Lik Ndoleng, njur lungguh sumendhe neng Wit Klapa.

“Lho, ngono ta Jo penemumu. Hmm…isa dinalar uga ya, iki kabeh merga polahe titahe Gusti, sing jenenge menungsa, menus-menus kebak dosa iki..Tapi iki isa pulih pora ya Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Isa Lik, ananging ora pulih dewe, kudu DIPULIHAKE, lan kuwi mung Gusti Allah sing isa,awake dewe gari manut” Dalijo semaur.

“Iya Jo, setuju aku, lha tapi sliramu kok ora maskeran, kui isa diarani ora manut lho..”Lik Ndoleng sajak ngelikne Dalijo.

“Badalaaaaa..lha iki neng kebun mbegawe apa ya kudu maskeran Lik, kudu empan papanlah Lik..”Wangsulane Dalijo, sinambi mingket meh mbacutke anggone nyawiske lahan nggo nandur Porang musim ngarep.

 

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH