Selasa, 02 Juni 2020

NGRUKUBI

Selasa Wage 2 Juni 2010

                                        KATAK UNTUK BIBIT PORANG MUSIM DEPAN

                                                MINAT WA 085870480039

Yehezkhiel 39:7-8,21-29

Jabur 104:24-34,35b

Mateus 5:13-16

“Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh. Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.” Mateus 5:15-16

 

NGRUKUBI kuwi pakaryan kang nduweni ancas supaya samubarang ora katon. Ngrukup, isa dipadakne kayadene nutup utawa ngaling-alingi samubarang. Mulane, apa wae kang dikrukubi mesti angel katon, utawa malah ora katon babar blas. Dene titah anggone NGRUKUPI kuwi nduweni alesan macem-macem lan siji dalah sijine mesti ora padha. Ana sing tumindak NGRUKUBI merga apa kang dilakoni ora becik, mestine wae merga ora becik ya sakisa-isane dikrukubi ben aman. Ana kang nindakne pakaryan NGRUKUBI supaya kasil, merga iki bab nggawe Vermentasi lan sakpanunggalane.

 

Ana pangandikane Gusti Yesus bab NGRUKUBI, kang tinulis neng Kitab Suci. Ing kana dicritakne bab kepiye anggone Gusti mulang lan ndhawuhi para murid, supaya ora NGRUKUP kabeh pagawean apik kang diduweni. Neng piwulang kuwi Gusti ngelikake yen sejatine menungsa kuwi titah apik kan digambarake kayadene Lilin. Lilin kuwi nduweni tugas madhangi,mula yen njur nyumet Lilin lan dikrukubi, mesti  ora nduweni paedah babarblas. Sing jenenge pepadhang ya kudu isa ketok saka sadengah papan lan ora kena didelikake neng papan kang primpen utawa malah dikrukubi, merga yen klakon kang mengkene iki, Pepadhang kuwi ora ana paedahe.

 


Ing jaman saiki, ora sithik menungsa sing NGRUKUBI berkah saka Gusti. Sing nduweni kapinteran padha NGRUKUBI kapinterane lan wegah diajak tumandhang makarya, sing nduweni lumbering bandha donya, NGRUKEBI banda donyane kanggo jejaga ben rumangsa aman saka pangenacem kekurangan banda, sing nduweni wektu longgar ya NGRUKEBI wektune merga wegah repot lan sakpanunggalane. Sinau saka piwulange Gusti, sapa wae sing maca tulisan iki njur sadhar (merga ora sithik sing maca ning ora sadhar..), payo padha andum sabarang kang apik, aja malah padha NGRUKUBI kang apik kuwi lan marakne liyan ora isa ngerti.

 

“Gek ngapa Jo, kok taksawang kawit mau mung nyawang hape wae?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika nembe cangkrukan neng Cakruk.

“Lha iya, aku ya kawit mau ngerti Kang Dal mung njingglengi hape wae..” Iin melu nimbrung rembugan.

“Weh, sliramu ta In? Wingi kok ora nyusul neng tegalan nengndi? Ditunggoni wedange malah blas ora njedul?” Takone Lik Ndoleng.

“Arep mangkat, malah kesandhung aku Lik, njur utah kabeh wedange..”Semaure Iin sinambi mbubuti suket neng cedak Cakruk.

“Joooo…nggatekne yen dijak caturan kuwi..” Lik Ndoleng sajak sansaya erosi.

“Hmm..iya Lik, iki nembe rampung anggonku ngeser tulisan lan pidio sing apik, mula aku kudu konsentrasi..”Dalijo semaur.

“Tulisan lan pidio bab apa ta jan-jane kuwi?”Takone Iin.

“Iki lho In, tulisan kaya renungan, ning basa Jawa padinan, sing nulis jian kaya ngomong biasa kae, sok-sok ya misuh barang. Lan Pidione okeh, ning aku nembe seneng nyawang pidio tutorial, iki bab nenandhur. Merga aku gek sinau luwih meneh bab nandhur Porang. Aku nglakoni ngene iki merga piwulange Gusti, ora NGRUKUBI sabarang kang apik. Aku ngrasa iki tulisan lan pidio apik, mula tak ser (share)”, Dalijo njlentreke cetha temenan.

“Weh, apa penting Jo bab ngeser kuwi? Aku ya kerep maca renungan kuwi, uga bab tutorial nandhur Porang, Milih Bibit Porang, tantangane nandhur Porang kuwi. Ananging ora tak ser,mung maca ngono wae..” Lik Ndoleng mnehe alesan.

“Cen sampeyan kuwi kawit mbiyen pelit kok Lik. Mung ngeser wae malesmu ngeram. Sampeyan kuwi isa diarani NGRUKUBI bab sing apik marang Liyan..” Iin malah melu ngoceh.

“Weh, yen ngono ya tak maca, njur taksere…ben okeh sing isa nampa lan nyawang samubarang kang apik..” Janjine Lik Ndoleng..

 

 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH