Senin, 15 Juni 2020

RAGIRIS

Senen Pahing 15 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yosua 1:1-11

Jabur 105:1-11,37-45

Mateus 7:1-5

Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan. Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.” Yusak 1:8-9

 RAGIRIS kuwi sejatine rong tembung, yakuwi tembung Ora (hora) lan tembung Giris. Tembung Ora kuwi katrangan dene Giris kuwi tegese Wedi, Ora Giris tegese Ora Wegi utawa Wani. Ndak gawe RAGIRIS mung ben gampang olehe menehi jejer ing tulisan iki lan supaya gampang anggone padha ngeling-eling. RAGIRIS kuwi kahanan ati sapa wae sing Wani ngadepi sakabehing kahanan. Sejatine luwih pas yen diwenehi arti Wani Nelukake kahanan ati kang Giris, merga sajege menungsa urio neng ngalamndonya iki, Giris kuwi nemplok len nembe lunga bebarengan lungane nyawa.

Yusak sakwise nabi Musa “mulih” nyang klanggengan, njur entuk tugas mbacutke gawean sing diparingake dening Gusti. Merga pengalaman suwi ngancani lan ngrewangi Musa, mbokmenawa Yusak ya tuwuh rasa Giris, mula Gusti Allah njur paring dhawuh supaya tambah kuwah lan ancase ya ben RAGIRIS ngadepi kahanane urip apa wae wujud’e. pangadikane Gusti cetha, “Aja Giris..!”. ananging sakdurunge nduweni rasa wani utawa RAGIRIS mau, ana syarat kang kudu dilakoni Yusak, yakuwi tansah Ngrembug Kitab Suci lan Nggilut-gilut rina lan wengi, ora mung yen eling lan bolong silite. Dadi sakdurunge nduweni rasa RAGIRIS ngadepi apa wae kahanan, kudu nyidnau Kitab Suci, lan sing sapa wae wus nyinau Kitab Suci rina lan wengi, mesti bakalan nduweni kekendelan gede utawa RAGIRIS ngadepi apa wae.

 

Saka andharan ing ndhuwur, sejatine isa dijupuk kesimpulan, menawa Yusak jik dikuwasani rasa GIRIS, tegese kuwi durung isa nindakne dhawuhe Gusti, yakuwi bab “ngrembug Kitab Suci lan Nggilut-gilut”. Dudutan pangerten iki ora ngayawara, ananging saka Kitab Suci merga kanthi cetha wela-wela, Gust iwis maringi dhawuh lan njanjeni, sauger sregep nggilut-gilut lan nyinau Kitab Suci, ora bakalan dikuwasani rasa wedi. Saben wong sing wis nyinau Kitab Suci kanthi temen, bakalan RAGIRIS ngadepi sabarang kahanan. Lan nalar iki isa diwalik, sing sapa jik dikuwasani rasa Giris, tegese durung “khatam” anggone nyinau Kitab Suci. Sing ora setuju ngko komen neng blog ya, ora pareng misuh-misuh dewe, ngko ndak kaya Lik Ndoleng.

 

“Jo, apa sing njalari awakmu nanduri kabeh tegalan lan kebon warisane wong tuamu kuwi?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Yakin Lik..” Wangsulane Dalijo cekak tur ya aos.

“Duss..apa ya mung agutan yakin wae kabeh isa klakon kaya pangimpenmu?” Lik Ndoleng sajak erosi.

“Yen ngayahi samubarang ora dipondaseni yakin, ora bakalan kasil. Yakin kuwi modal bakoh, njur tujuane ya kudu cetha. Yen ora cetha, ngko ora bakalan tekan ngendi-endi” Dalijo semaur kanthi teteg.

“Weh, lha yen durung tau ngambah kepiye anggone nduweni pengangen-angen?” Lik Ndoleng sajak sansaya penasaran.

“Urip kuwi mudu manut Gusti Allah Lik, Panjenengane wus maringi kabeh butuhe menungsa. Kayadene gugel mep kae, nalika nulis tujuan jelas, mbuh piye carane, mesti dituntun tumeka ing tujuan. Ananging menawa ora cetha anggone nulis tujuan, ya ora bakalan tekan. Semono uga anggonku nandhur Porang, cetha tujuane: Bun luwih makmur lan isa tetulung marang liyan. Merga tujuane cetha, mula aku yay akin,RAGIRIS ngadepi apa wae..”Cetha anggone Dalijo njlentrehne, lan sakdurunge Lik Ndoleng mangsuli, ketungka njedule Iin.

“Emange kowe Lik, ratahu yakin nglakoni apa wae, klebu nguyak Yu Wasti..”Muni ngono, Iin sinambi nyelehke Kopi lan langsung mak brabat mbalik neng njero ngomah.

“Trondoloo Buntung,,,malah tekan Wasti meneh..Dusss!!” Lik Ndoleng mbengungung kaya tawon kabu kasmaran..

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH