Jumat, 05 Juni 2020

RUMANGSA-ISA

Jemuah Pahing 5 Juni 2020
BENINGE EMBUN ESUK




Ayub 38:12-21
Jabur 8
Mateus 5:27-32
“Ing sajroning uripira apa sira tau ngundang marang gagat-raina lan mrenahake bangbang wetan,supaya padha nyekel poncoting bumi sarta ngebutake wong duraka? Bumi mau banjur salin rupa dadi lempung kang diecap, samubarang kabeh awujud kaya busana.
Ayub 38:12-14

Piwulange leluhur sing unine “dadi wong kuwi isa’a rumangsa, aja malah RUMANGSA-ISA, jebul wis dadi piwulange Kitab Suci kawit jaman kawak-lekak. Natane neng Kitab Ayub ana piwulang kang surasane kaya mengkono kuwi. Kaya kang tinulis neng Kitab Ayub 38 ayat 12-14, neng kana dicritakne kaya ngapa anggone Gusti ndukani Ayub, merga nduweni penemu sing ora jumbuh karo kersane Gusti. Ing rumangsane Ayub, dewek’e wong soleh,sing or nate luput. mula nalika tinempuh kahanan kang ora dadi kekarepane, njur rumangsa yen dewel’e ora nglakoni tumindak kang luput. ing sakjroning kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti Allah menehi piwulang, yen urip kuwi kagungane Gusti,mulane menungsa ora pareng nyetir Gusti Allah,kudu manut. Meungsa kudu isa rumangsa yen sejatine mung Titah, aja RUMANGSA-ISA ing sakabehe.

Apa kang dialami Ayub ya klakon ing jaman saiki. Okeh wong sing RUMANGSA-ISA. Merga pangerten kang kaya mengkono kuwi,  mula ora sithik kang klakon tukar padudon, cengkah lan crah. Kuwi merga ana kang RUMANGSA-ISA lan angel dikon Isa Rumangsa. Cirine watak RUMANGSA-ISA kuwi akeh, kayata: Nesunan, mutungan,nggugu karepe dewe lan jik okehe pol, jare Dalijo sakndayak abuh..hehe. ngilanga watak utawa penemu RUMANGSA-ISA kuwi ya ora mayar,  butuh wektu suwe lan (mbokmenawa) ragad kang ora sithik. Yen kuwi penyakit, butuh rumah sakit lan dokter ahli kanggo mawaske wong-wong sing nduweni watak RUMANGSA-ISA.

Sinau saka Ayub, ing jaman saiki iki, ayo padha nglakoni urip kanthi andhap-asor, sumanak,sugih-ing esem lan uga nduweni prinsip ngalah. Yen wis nduweni prinsip kang kaya mengkono, mesti lakuning urip bebarengan iki isa enak lan kepenak, edi-peni rinasa lan sinawang. Mung wae, kabeh kuwi ora mayar, kudu wani ragad menawa ana sing nduweni penyakit RUMANGSA-ISA kanggone marasake, ana klera-klerune ngko malah bubrah kabeh..Mula kabeh kudu dingati-ati.

“Arep ngandi Lik?” Takone Iin, nalika weruh Lik Ndoleng numpak motor metik sing biasane dingo Iin.
“Arep nyang warung In, rada kesel mula nyilih honda metikmu. Aku wis nembung Ki Sro, bojomu, rasah kokean rembug..”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Weh, ora bab oleh po orane Lik, ananging sampeyan isa ora numpaki honda metik?” Iin njlentrehake alesane nakoni.
“Barang ketok wae mosok ora isa In..” Muni ngono langsung nyoba nyetater, ananging mung ugat-uget kae, merga sajak’e Lik Ndoleng bingung. Ngepasi ngono kuwi njedul Dalijo, sajak bingung nyawang Lik Ndoleng nyoba nyetater honda metik.
“Kowe kuwi dolanan honda kaya cah cilik wae ta Lik..ayo neng cakruk, ngopi lan obong-obong congor..”Unine Dalijo, dene Lik Ndoleng sajak sansaya pucet, njur ketungka njedule Iin lanlangsung mbengok!
“Lha kok rung sida mangkat Lik,apa raisa nyetater……??” Sajak ingah-ingih Lik Ndoleng mudun saka jok motor metik lan tumuju Cakruk.
“Weladalah Lik, jebulmau kuwi arep lungan, meh nyetater raisa ta? Jabangbayikkkk..pora takin Iin?” Takone Dalijo.
“Jare isa kok kang, kabeh mayar wong barang ketok..ngono mau ngomong mbek aku..jebule ya..buuukkk…klepukk..”Unine Iin.
“Mulane Lik, aja RUMANGSA-Isa, ananging Isa’a Rumangsa. Awake dewe iki mung titah..rasah kemaki. Rasah nesu yen takomongi, aja rumangsa jos dewe, kabeh kon manut kowe Lik..” Dalijo malah njur mulang Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng nyruput kopine alonnn banget.


Mbah'e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH