Senin, 29 Juni 2020

PANGUWASA

Senen Legi 29 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 21 :1-16

Jabur 119:161-168

Mateus 9 : 18-26

Sang Putri Izebel, kang garwa, matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem rak ingkang sapunika ngasta pangwaosing karajan wonten ing Israel? Sumangga, kawula aturi wungu, sarta dhahar punapa dene dipun eca ing panggalih! Kawula ingkang badhe ngunjukaken dhumateng panjenengan dalem kebon angguripun Nabot tiyang Yizreel punika.” 1 Para  Raja 21:7

 

Ora isa diselaki yen kurang-luwih patang sasi pungkasan iki bab pirus korona utawa topic songolas (covid 19) dadi undheraning rembug. Ananging dudu undheraning rembug kang mbungahake, malah kosok-baline, medeni banget. Yen krungu tembung korona utawa topic songolas, anane mung wedi karo wedi. Merga saka wedi kuwi mau njur ana  owah-owahan ing sakjroning pranataning urip. Yen biasane teka saka lelungan langsung mlebu ngomah, njupuk panganan lan diemplok, saiki kudu wisuh ndisik, sing biasane ora nganggo masker njur saiki maskeran, lan akeh meneh owah-owahane kahanan. Saka kabeh kuwi, yen oleh disimpulake kanthi blaka suta, sejatine mung ana siji sing ngendalekne, yakuwi rasa wedi. Kayane uripe menungsa neng setengah tahun wiwitane 2020 iki dikuwasani dening rasa wedi karo sing jenenge korona utawa topik songolas. Sanadyan topic songolas kayane nguwasani uripe menungsa, ananging ana PANGUWASA kang luwih nggegirisi kang marakne uripe menungsa isa dadi kejeme ngungkuli Jangkrik Nesu.

 

Dikuwasani kuwi merga ana kang madeg dadi PANGUWASA. Mula saka kuwi, PANGUWASA kuwi tegese kahanan kang nduweni kuwasa. Sing nduweni kuwasa kuwi macem-macem wujud’e, isa menungsa lan dudu menungsa, semono uga sing dikuwasani, isa menungsa lan uga kahanan. Crita neng Kitab Suci, cethane neng Kitab 1 Para Raja 21 kuwi nyritakne bab PANGUWASA. Raja Akhab jumeneng nalendra, mulane nduweni kuwasa. Merga nduweni kuwasa mulane isa diarani PANGUWASA. Rumangsa nduweni PANGUWASA marakne menungsa tumindak sakkarepe dewe. Raja Akhab tumindak kaya mengkono kuwi, ananging ana sing maneni, yakuwi Nabot. Nabot emoh Warisan leluhure diuntal dening Akhab, mula nglawan. Lha nalika rumangsa PANGUWASANE ora kodal marang rakyate, ana bojone sing luwih wengis nindakne PANGUWASANE. Isebel nggunakne PANGUWASANE bojone tanpa wates lan nganggo patrap agama kanggo nggangsarake kekarepane lan akhire klakon.


BIBIT PORANG

 

Saka ing jaman kuna tumeka saiki, sing jenenge Kuwasa kuwi menawa “slingkuh” karo Agama utawa kapercayan, biyuuuhh…luwih wengis tinimbang Korona utawa topic songolas. Izebel paham bab kuwi, mula njur nulis laying lan disegel nganggo segele raja. Ing pungkasane warsiane lan nyawane Nabot ilang, kuwi merga kuwasa lan agama slingkuh, mula nglairake tumindak kang wengis. PANGUWASA kuwi ora mung nalika dadi ratu, ananging kabah isa dinggo dalan kanggo nuwuhake rasa nduweni kuwasa lan akhire dadi PANGUWASA.  Yen uripe dikuwasani dening rasa srei lan dregki, menungsa ora isa nggunakne nalar kanthi wening, merga ana PANGUWASA kang nguwasani uripe, mula sakpari-polahe ya mung natoni liyan. Mula saka kuwi, aja nganti ing urip iki ana PANGUWASA liya kejaba mung Gusti Allah, merga yen sing dadi PANGUWASA neng uripe menungsa kuwi Gusti Allah, mesti tumindak’e apik lan nuwuhake tentrem rahayu.

 

“Jo, ngapa kae adimu wedok kok njegadul kaya Garengpung ditampik tresnane?” Takone Lik Ndoleng, neng Dalijo nalika jagongan neng Cakruk.

“Weh, powis ngerti Garengpung ditolak cintane Lik?” Dalijo nanggepine gojekan.

“Weh, ben ndina aku jagongan mbek Garengpung,lha luwih gampang dijak seduluran tinimbang menungsa sing tuntutane rakaruwan..” Semaure Lik Ndoleng, lan njur mbacutake takone bab Iin.

“Jo, malah nggladrah. Kae Iin kena apa kok njegadul wae…?”

“Ngene Lik, mula bukane Iin njegadul kaya mengkana kuwi. Wiwitane nakoni aku bab regane bibit Porang kuwi.  Merga ngertiku dewekne karo Ki Srom ora arep nandur, mula olehku mangsuli ya ora sengrius..lha mung merga kaya mengkono kuwi dewekne nesu. Masang rai njegadul kaya garengpung ditampik tresnane kuwi..”Dalijo njlentrehake kanthi cetha.

“Kuwi sing diarani ana PANGUWASA kang ngwasani uripe, ndilalah PANGUWASA kuwi nesunan, yawis…ben tokna wae, patah betah masang rai njegadul terus..” Unine Lik Ndoleng.

“Iya Lik..tur ya aja okih-okih rembugmu Lik..ngko kedawan tulisane, kae sing macaw is sambat kesuwen…” Dalijo mangsuli ukarane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH