Selasa
Pon 16 Juni 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Samuel 3:1-3
Jabur
105:1-11,37-45
Lukas
1:57-66,80
“Mulane Imam Eli ngandika marang Samuel:
“Mapana turu maneh lan manawa kowe ditimbali, matura mangkene: Dhuh Sang
Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka punika mirengaken.”
Samuel banjur bali mapan turu maneh ana ing paturone.” 1 Samuel 3:9
NGRUNGOKAKE, dudu gawean abot, sanadyan
uga dudu pakaryan entheng lan mayar. NGRUNGOKAKE kuwi gawean kang migunakne
pangungon, ananging sejatine ora mung kuwi, merga sakliyane pangungon, uga
migunakne ati utawa rasa pangrasa. Ana wong sing lumrah, jangkeb kabeh kahanan
awake, uga bab piranti pangrungon, ananging
ora sithik sing ora isa nindakne pakaryan kang kinaranan NGRUNGOKAKE. Kuwi
klakone merga kaya andharan ing ndhuwur, NGRUNGOKAKE kuwi ora mung butuh
piranthi pangrungon, ananging uga migunakne ati.
Crita neng Kitab Suci, bab tinimbalane
Samuel isa kanggo patuladan, yen bab NGRUNGOKAKE kuwi ora mung mbutuhake
piranti pangrungon. Nalika wanci bengi, Samuel rumansa nampa timbalan, merga “durung
duwe pengalaman”, mula kuwi dipikir sing nimbali Imam Eli, mula ya langsung
sowan, jebule dudu Imam Eli sing nimbali. Kahanan kaya mengkono kuwi lumaku
nganti ambal kaping pindho lan
sakbanjure Samuel diparingi ngerti, supaya menawa ana swara kang nimbali,
mangsuli jumbuh karo “pranatan agama” kang lumaku ing jaman kuwi.
Saka crita bab timbalane Gusti marang
Samuel, ana pasinaon-pasinaon apik kang isa dipapanke ana ing urip jaman saiki.
Sepisan bab niteni timbalan. Samuel
babar blas ora ngerti yen kuwi timbalan saka Gusti, mula kang dipikir ya kuwi
swarane Imam Eli. Merga durung ngerti, mula Samuel isa krungu ananging durung
isa NGRUNGOKAKE, mula butuh sinau. Merga butuh sinau, mula njur sowan Imam Eli
lan disinaoni. Kaping pindone, bab Manut. Samuel manut sakwutuhe marang “guru
rohanine”, ora maneni. Sanadyan mbengi lan mbokmenawa kesele ngeram merga
nyantrik, nalika entuk dhawuh, Samuel manut. Iki bab kang apik, merga ing jaman
saiki, angel nggolek wong sing isa Manut, sing okeh ngeyele poll…
Mula saka kuwi, ing jaman saiki ayo
padha sinau lan nyinau bab apa wae. Sinau NGRUNGOKAKE, merga sanadyan nduweni
piranti pangrungon, durung temtu isa NGRUNGOKAKE merga babarblas ora nduweni
pengalaman lan pangerten. Ora usah
kemaki, kumlungkung, kumenthus bab sinau merga liyan luwih pinter. Sing dibutuhake
ya kaya Samuel, manut ing pasinaoning urip lan kuwi kang ndadekne dewekne isa
NGRUNGOKAKE.
“Kang, paklik ngandhi? Kok ora ana
ambune”Takone Iin nalika neng Lincak, Lik Ndoleng durung katon kawit saka esuk
tumeka ing sore ngundhuri bengi.
“Mbuh, jare arep meditasi..arep sinau
NGRUNGOKAKE swarane Gusti..” Wangsulane Dalijo, kang sanadyan lungguh neng
Lincak, ananging sinambi milihi bibit Porang, sing meh tinadur ing mangsa kang
bakalan klakon.
“Weh, lha kok mbedani paklik kuwi? Jian
poll tenan..lha apa sida, jare meh melu nandur Porang kang?” Takone Iin.
“Lha merga bab nandur Porang kuwi,
Paklik pengen NGRUNGOKAKE kersane Gusti, mula njur semedi..manut aku ya gut-gut
only wae In..”Dalijo mangsuli jik tetep sinambi ibut milihi bibit Porang lan
ketungka njedule Lik Ndoleng.
“Bener omonge Dalijo In, aku butuh “manages”
bab sedyanku melu nadhur Porang kaya Dalijo. Lan aku wis NGRUNGOKAKE swarane
batinku, mula aku golong-gilig..nandhur 12.000 wit..” Lik Ndoleng njlentrehke
apa kang dadi sedyamulyane..
“Oalah..yo joss Lik..takpikir semedi
mung ben isa njawil Yu Wasti…”Muni ngono Iin, langsung mak brabat mlebu pawon,
dene Lik Ndoleng mung mesem, sanadyan ing ati ya misuh.
“Dusss…sidane tekan Wasti..”
Batine Lik Ndoleng.
Mbah’e.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar