Sabtu, 06 Juni 2020

BLAKA 2)

Setu Pon 6 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Ayub 38:22-38

Jabur 8

Matius 5:33-37

Yen iya, kandhaa: iya, yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku, asale saka pangawak dursila.”Mateus 5:37

 

Ndek tanggal 19 Januari 2019 jejere BENINGE EMBUN ESUK bab BLAKA, kang pokuse marang tumindak. Arane tumindak kuwi ana sing diweruhi liyan lan ora diweruhi liyan, ananging Sing Ngecet Lombok Pirsa. Ing dina iki jejere uga bab BLAKA, ananging kanthi undheran bab ngomong marang liyan,ora mung tumindak. BLAKA kuwi bab ngomong, yakuwi ngomongake sabarang jumbuh karo kahanane. Yen abang ya ngomong abang, yen ijo ya ngomong ijo. Iki bab sing wigati la nana ing papan kang pas, dudu neng pasar papane para bakul. Merga yen ana pasar, blaka kuwi “najis”…

 

Bab BLAKA kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, nalika mulang wong akeh bab guneman. Ora usah sumpah demi apa wae, merga ngucapke sumpah kuwi malah menehi teges yen kurang yakin marang apa kang diomongake. Kersane Gusti cetha, yen ya ngomong iya lan ora ngomong ora. Ja-jane mayare ngeram, ananging ora sithik menungsa sing ora gelem nglakoni. Okeh sing mubeng-mubeng kaya kitiran nalika meh ngomong sawijining bab. Mung ditakoni, kena ngapa kok wingi ora mangkat ngibadhah wae, biyuh alesane sak tronton..okehe ngeram. Mung diajak BLAKA wae angele ngeram.

 

Piwulang Kitab Suci saka Mateus 5 ayat 37 ngajak sapa wae nglakoni urip sing permana lan prasaja, ngomong apa anane utawa BLAKA bab kang kudune  diBLAKAkne. Kayata nalika ora mangkat ronda, ngomong wae males, orasah ndadak pidato utawa sesorah ngalor ngidul ngetan ngulon. Uga nalika diajak makarya ana neng pakaryane Gyusti, ngomong wae wegah,orasah ndadak mulang lan pidato munggah-mudun kaya bakul jamu. Ayo matrap urip BLAKA marang bab kang kudune BLAKA, orasah ndadak nganggo sumpah-sumpahan mbelgedes..

 

“Lik, sidane meh nandhur pirang kilo Porang’e?” Takone Dalijo neng Lik Ndoleng.

“Rong-rong kilo wae Jo, aku sumpah ora nduwe duit..” Ngomonge Lik Ndoleng.

“Pora nanggung nandhur rongkilo, wong tegalan tinggalane simbah kae enek yen mung 6000 meter?” Unine Dalijo.

“Sumpah Jo, aku randuwe duwit, jane mono ya pengen nandhur okeh..” Lik Ndoleng jik mangsuli bab yen ora nduwe duwit.

“Bussss…ngomong ora nduwe duwit, malah njanjeni Yu Wasti nukokne HP anyar, alesane Yu Wasti kon tuku dewe..” Iin njedul njur melu urun rembug.

“Weh, aja sembrana rembugan koe In..aja nudhuh sing ora-ora..Sumpah aku, ora ngerti karepmu”Lik Ndoleng sajak rada bingung.

“Haiyah, sing BLAKA wae Lik, WA sampeyan ora kekirim neng Yu wasti, kleru neng aku..” Iin muni ngono karo nyelehke kopi lan pacitan.

“Weladalah….jebule sampeyan jik tumindak kaya mengkono ta Lik?” Dalijo sajak kaget.

“Duss..jebul WA ku kleru neng sliramu ta In…asem…GUPAKPULUT meneh…Jindulll!!” Unine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH