Selasa, 23 Juni 2020

MBUKAK

Selasa Kliwon 23 Juni 2020


Yeremia 26:1-12

Jabur 6

Mateus 8:23-27

Sawuse Nabi Yeremia rampung anggone nglantarake kabeh kang diprentahake dening Sang Yehuwah kang supaya didhawuhake marang rakyat kabeh iku, para imam, para nabi lan rakyat kabeh banjur padha nyekel Nabi Yeremia, kalawan pangucape: “Kowe kudu mati!” Yeremia 26:8

 

MBUKAK kuwi asale saka tembung buka, sing tegese ora ana kang nutupi utawa ora ketutup. Saka tembung Buka kuwi njur ana turunan tembung-tembung liyane, kayata: tinarbuka, kabuka, kebuka lan MBUKAK. Kahanan kang kebuka merga ana sing MBUKAK kuwi ndadekne isa disawang, mula isa ndadekne wiring. Merga saka kuwi, ana ing patrap uripe menungsa, ora kabeh kahanane MBUKAK, ananging ana kang kudu katutup. MBUKAK kuwi pakaryan kang ancas utawa tujuane supaya isa disawang. Ora kabeh kahanan kebuka merga ana sing MBUKAK kuwi ala utawa apik, gumantung kahanane. Yen bab kuwi sing ala, mesti ora seneng menawa ana sing MBUKAK, beda menawa kuwi kahanan apik, malah njaluk dibukak, ben populer utawa kawentar.

 

Bab MBUKAK kuwi nate dadi crita neng Kitab Suci, cethane neng Kitab Yeremia. Neng kana, nabi Yeremia klakon MBUKAK wirange wong akeh, malah para peminpin. Merga wis adhoh anggone tumindak salah lan kuwi tansah ditutup-tutupi, mulane nabi Yeremia MBUKAK. Sanadyan kuwi apik ana ing pranatane agama lan dadi kersane Sang Yehuwah, ananging kuwi dadi sumbering pangamuk’e para pemimpin. Merga nesu lan muring, mulane para pemimpin njur nyeret nabi Yeremia, meh digawe mati utawa dipateni.

Kabeh kang dialami dening nabi Yeremia kuwi merga dewekne wani MBUKAK kahanan kang tinutupan lan kuwi luput. Ora mung ing jaman nabi Yeremia, ing jaman saiki ya mengkono. Sing sapa wani MBUKAK luput utawa salahe liyan, mesti bakalane diimungsuh. Merga kuwi wis dadi pepestening urip, tumindak apik kuwi durung temtu tinampa apik.

 

Ora mung ing jamane nabi Yeremia, ing jaman saiki ya kaya mengkono. Tumindak apik, MBUKAK kahanan luput kang tinutupan, mesti nampani alaning urip, paling ora disengit utawa digethingi. Lha mung kari arep MBUKAK kahanan sing tinutupan lan kuwi salah apa meh ngetogne wae kahanan luput kuwi mau. Kabeh mbalik neng siji lan sijine, wani MBUKAK njur disengit apa ngejarke utawa ngetokne wae kahanan kang ala kuwi tetep lumaku.

 

“Jo, digoleki wong pirang-pirang, jare rongndina ora njedul?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Ben wae Lik, wong aku lagi “meditasi”, mula ora isa ngetok..” Dalijo semaur sinambi dolanan androite.

“Weh, lha kepiye anggonmu semedi Jo, apa kungkum neng kali tempur?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“Genah yo kang Dal mbledig Menjangan ngono lho Lik, kuwi sing diarani meditasi karo kang Dal.. Yo pora Kang?” Takone Nduk Iin.

“Weladalah…wong gladag mburu kewan alasan kok diarani semedi ta Jooo..Jo..hmmm” Lik Ndoleng gembreneng dewe.

“Lha, saiki aku kan isa MBUKAK kahanan, endi sing butuh mbek BENINGE EMBUN ESUK lan sing ora..Merga ana sing sok nggaya muni butuh, ananging ora diwaca, ana uga sing meneng wae..” Dalijo sajak njlentrehake kahanan kang lumaku.

“Ana sing nyaruwe Kang, jare BENINGE EMBUN ESUK kuwi neng mbedhil sing luput ora ukur landhepe..mula ana sing gigrig, giris..”Iin melu semaur lan mung diwangsuli Dalijo cekak.

“Ben..!” Semaure Dalijo.

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH