Rabu, 10 Juni 2020

PAMER (2)

Rebo Pahing 10 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Ayub 39:26-40:5

Jabur 29

Mateus 6:1-6,16-18

Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga. Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase. Mateus 6:1-2

 

PAMER kuwi tumindak sing tujuane ora kanggo liyan nampa kahanan apik,ananging mung saderma supaya apa kang diduweni isa dingerteni dening Liyan. Ing kene PAMER minangka tumindak kang nggilani utawa njijiki merga ora murih kahanan sansay apik,ananging supaya  diri pribadine antuk pangalembana. Yen kang dadi undheran PAMER kuwi bab kang ora gandeng cenenge karo tata manembah marang Gusti Allah, mbokmenawa ora pati dadi masalah, ananging yen kuwi bab tata manembah marang Gusti Allah, kuwi pancen ora becik yen di-PAMER-ne

 

Bab PAMER kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, nalika mirsa akeh wong mung pada nindakne  pranatane agama mung supaya entuk pangalembana liyan, nindakne patrap kapercaya agama mung merga pengen PAMER. Okeh sing ndonga malah bengak-bengok rakaruan, ana ga sing dedana ora sepira gunggunge diPAMERake, lan uga ana sing misungsung marang pakaryane Gusti neng ndonya malah diproklamasekne. Kuwi kabeh dipirsani dening Gusti Yesus ing jaman sugenge, ana neng patrab budaya lan agama Yahudi. Okeh wong Yahudi, mirunggan saka golongan Parisi lan Suduki senenge mung PAMER, tumindak bab ka-agama-an mung supaya entek alem saka liyan.

 

Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti maringi piwulang supaya elling yen kabeh tumindak kuwi ancase kagem Gusti dalah pakaryane,duud kanggo awake dewe. Mulane cikben ora seling-surup bab “dedana” utawa bab “pisungsung”, ing dina iki kudu takjlentrehake. Piwulange Gusti Yesus ora bab dingerteni lan ora dingerteni liyan, ananging bab “Motipasi”. Gusti pirsa motipasine wong Parisi lan Saduki, yakuwi supaya diarani soleh, mula nindakne pakaryan kapercayan mung supaya entek pangalembana, nindakne merga tujuane mung PAMER. Mula sing padha ngati-ati bab dedana, merga saiki njur ana rong golongan. Siji ora setuju yen dedana diwartakne lan sijine ora tau dedana ning munine gandhange ngeram. Wis ora tau umbruk apa-apa,ananging yen maido, biyuhh..kaya Jangkrik Jlitheng bar apel swarane. Njur saiki sing maca tulisan iki klebu golongan sing endi, manga dipilih dewe-dewe, merga aku ya wegah milihke, arep nyang kebun,niliki lahan nggo nandur Porang.

 

“In, manut penemu apa sing dilakoni Markun kae iklas po ora ya?” Ujug-ujug Lik Ndoleng ngomongake Kang Markun.

“Lha baba pa Lik?” Iin nakoni sinambi mbubuti suket neng cedak cakruk.

“Lha kae lho, bola-bali nukoke kebutuhane greja. Paribasan sesasi wae rung jangkeb kok wis menehi meneh. Apa kuwi ora mung merga PAMER?” Lik Ndoleng sajak klara-lara munine.

“Weh, yen kuwi aku ora dong blas Lik, jale ngko yen Kang Dal mulih seka Kebone Porang, njo ditakoni..”Wangsulane Iin, lan ndilalah Dalijo njedul saka kulon, saka kebune.

“Beneran Jo, sliramu ndang njedul. Meh diskusi iki..”  Lik Ndoleng sajak serius, lan Dalijo langsung njujug Cakruk, melu rembugan, sakwise nyopot topine njur dinggo kipas-kipas.




“Yen manut penemuku, apa sing dilakoni kang Markun kuwi tulus,iklas. Sebabe piye, merga ora nate njaluk apa-apa. Misungsung diwartakne ya meneng wae, misungsung ora diwartakne neng pawarta ya meneng wae. Kuwi tegese ancase apik. Beda yen ora diwartakne njur nesu, kabeh kuwi ora dilakoni dening kang Markun.”Semaure Dalijo.

“Kuwi Lik, wis jelas rung?” Iin njajal nakoni Lik Ndoleng.

“Yen aku ya tetep ora patio mathug Jo, yen Markun kae bola-bali misungsungke berkahe, mesakne wong liya sing ora isa pisungsung..Kuwi tetep wae PAMER” Unine Lik Ndoleng.

“Haiyah, kuwi lak merga sampeyan ora isa ngluwihi pisungsunge kang Markun wae ta Lik, mula kabeh mbok paido. Mulakne bener pilihane Yu Wasti, milih kang Markun, ora milih sampeyan, jebul sampeyan pelite sundul langit..”Muni ngono Dalijo langsung menyang mburi, mbuh meh adus mbokmenawa, dene Lik Ndoleng mung kukur-kukur bathuk.

“Dusss…!!” Batine Lik Ndoleng.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH