Selasa
Legi 9 Juni 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Ayub 39:13-25
Jabur
29
Mateus
5:43-48
“Dene manawa kowe tresna marang wong
kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya
tumindak mangkono, ta?” Mateus 5:46
NRESNANI kuwi tembung kanga sale saka
Tresna, sing isa diartekne surasaning utawa kahananing ati kang anane mung
seneng lan seneng. Tresna kuwi nduweni “kanca kenthel”, sing ora nate pisah,
yakuwi “gething”. Saka tembung Tresna mau njur dadi pirang-pirang tembung,
salah sijine NRESNANI, sing isa diartekna, Tumindak kang nyata kanggo
mbuktekake rasa Tresna neng atine. Bab NRESNANI kuwi paling ora ana rong
perkara sing isa klakon, mayar lan angel. NRESNANI kuwi mayar nalika obyek
katresnane kuwi nyenengake ati lan uripe, dene menawa obyek katresnane kuwi ora
marakne seneng utawa nggethingake, mesti gawean NRESNANI kuwi angele ngeram.
Neng Kitab Suci ana piwulang bab kuwi,
Tresna lan Nresnani. Gusti paring piwulang kang atose ngeram, ngene kurang
luwihe “Yen mung tumindak apik utawa NRESNANI marang samubarang kang nyenengake
wae gampang, NRESANANI marang sapa wae kang uga Tresna marang awake dewe, kuwi
mayare ngeram. Malah Gusti nganti ngendikan, para durjana luwih tresna-tinresna
karo sakgrupe, merga uripe padha-padha nyenengake. Ananging menawa bab NRESNANI
marang sabarang kang ora dadi senenge, biyuh..rekasane ngeram. “Dene manawa kowe tresna marang wong
kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya
tumindak mangkono, ta?” Pitakonan kuwi katujokake marang sapa wae sing maca tulisan iki,
yen sampeyan kabeh mung seneng marang sing nyenengei lan marakne seneng
sampeyan, njur apa isa diarani nglakoni ersane Gusti? Kamangka ora sirthik sing
tumindak seneng mung marang kang sing disenengi, yen kon NRESNANI sing marakne
anyel,mboseni lan marakne kemropok, angel poll..
Ing jaman mbiyen tekane saiki, bab
NRESNANI kuwi pancen dadi masalahe kauripan iki. Angel kanggone menungsa menawa
dikon NRESNANI samubarang kang ora dadi senengane, ananging mayar menawa
nggething apa wae kang pancen ora dadi senenge. Kamangka kersane Gusti kudu
NRESANANI marang kang isa marakne lara ati, kang kerep natoni, kang olahe jian
nganyelke lan sakteruse. Mula menawa isa digambarake, NRESNANI kang dadi
kersane Gusti kuwi kaya dene ngingu wisa ana neng sajroning urip.
“In, kae dulurmu lanang Dalijo kok jian
polahe ora isa dinalar..” Unine Lik Ndoleng sinambi nyelehake kresek ireng
olehe blanja saka warung.
“Lha sing endi ta Lik?” Takone Iin.
“Lha kui lho, bab sing nembung bibit
Porang, arane nempil njajal nandhur kok molas kilo, ngono kok ya jik isa apik
karo wonge kuwi In..” Lik Ndoleng njlentrehke surasane atine.
“Lha kan pancene urip kan kudu ngono
kuwi ta Lik?” Iin malah mbalik takon, lan sakdurunge Lik Ndoleng mangsuli,
Dalijo njedul saka sisihe omah, langsung nyengkruk neng Cakruk lan uga ngomong.
“Yen mung tumindak apik utawa NRESANANI
marang wong utawa apa wae kang marakne awake dewe seneng, kabeh wong isa Lik,
In. kersane Gusti kuwi malah NRESNANI marang sing ora tresna marang awake dewe
lan malah kang marakne awake dewe ketaton..kuwi sing Jos..” Unine Dalijo.
“Weh, yen ngono ya angele pol..”Lik
Ndoleng sajak angel nampane.
“Mula ndang praktekna Lik, ndang
tumindaka tresan utawa NRESNANI kang Markun. Jak mancing bareng, ngopi bareng
lan sakteruse…aja malah ngindhik kapan lungane kang Markun, njur isa njawil Yu
Wasti..”Muni ngono Iin langsung njranthal neng Pawon.
“Jindullll…kenek meneh..Dusss..!!!” Lik
Ndoleng nggrememeng kaya tawon kambu..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar