Selasa
Pahing 30 Juni 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Para Raja 21:17-29
Jabur
119:161-168
Mateus
9:32-38
Banjur ngandika marang para sakabate:
“Panene gedhe, nanging kang derep mung sathithik.Mulane padha nyuwuna marang
Kang Kangungan panen, supaya karsaa maringi wong derep kanggo panenane iku.”
Mateus 9:37-38
GECOL kuwi dudu basa baku, merga anane mung neng panggonan kang ora amba. Sangertiku tembung GECOL kuwi mung ana neng daerah Wonogiren Kidulan, kuwi wae wis ndek jaman mbiyen, mbuh yen saiki. GECOL kuwi tegese nggawa barang kanthi dipikul ananging ora imbang, abot sisih. Isa dilakoni, ananging ya rekasa yen disawang, apa meneh yen sing nglakoni. Sing nulis tulisan BENINGE EMBUN ESUK nate ngalami, ngrasakne mikul kanthi kahanan GECOL kuwi mau, biyuhhh..rekasane ngungkuli kon rabi meneh! Opss…Sing cetha, GECOL kuwi dudu kahanan utawa kondisi ideal lan jagad iki sejatine kondisine ideal, merga saka wiwit mula karipta wis ideal,utawa ora GECOL.
Ana crita neng Kitab Suci kang
nyritakne kahanan kang kahanane kurang luwih kaya kang kaandharake iki, yakuwi
GECOL. Gusti Yesus mrangguli kahanan kang nrenyuhake, dene kahanan kuwi isa kagambarake kayadene
panenan kang uakehe pol, ananging sing nyambut gawe sithik. Sing mrakne sithik
sing makarya kuwi mbuh apa, ananging okeh-okehe ya merga males lan ora isa
nyawangyen kuwi pakaryane Gusti Allah. Merga kahanan kang kaya mengkono kuwi,
okeh panenan ananging sing dereb sithik, mula kahanane GECOL. Gusti wis
ngendika, supaya nyuwun marang kang kagungan gawean, kang kagungan “derepan”, ananging durung ana sing gelem,
kanthi alesan kang ndakik-ndakik, merga rumangsane alesane marang menungsa,
kamangka sejatine sing diwangsuli kuwi Gusti Allah dewe.
Kahanan GECOL kuwi ora apik, suwe ning
suwe isa bubrah. Semono uga bab pakaryane peparinge Gusti Allah, ora isa ana
neng kahanan GECOL, kudu pas utawa ideal karo kahanane. Mula saka kuwi, sing
sapa wani-wani ngetokne kahanan GECOL, lan malah ngeploki kahanan kuwi, urusane
karo Sing Isa Mirsani Tapaking Kuntul Mabur, ora bain-baik. Sing sapa moyoki
wong sing nyambut gawe, malah mung keplok-keplok, malah ngendhani gawean, ya
nduwenana isin yen apa wae garaning urip kuwi mung aderma peparinge Sing Nduwe Gawean kuwi. Mula saka kuwi, ayo
padha makarya, ben kahanane ora GECOL meneh. Makarya sing trep karo butuhe,
oramung anggere makarya. “Wis, aku tak ngarit wae, merga isaku ngarit..” Kuwi
biasane pilihane sing makarya, kamangka sing dibutuhake tukang ngguyang sapi.
Pancen, ing jaman sing jarene Dalijo “jaman
post modernism” iki okeh sing sasang-susur, ora tumata babar blas. Salah sijine
yakuwi bab sapa sing ngatur gawean. Kudune sing ngatur gawean kuwi boss, ora
malah pegawe sing ngatur gawean marang si boss. Ananging ing jaman saiki
klakon, malah Gusti Allah wae diatur, njaluk gawean sakarepe dewe, ananging
njaluk berkah kudu sak-okehe. Dereb mangkat sejam, kuwi wae mung lingah-linggih
karo udad-udud wae, kok njaluk bawon sekintal, lha pora GECOL sing kaya
mengkene iki?
“Jo, kae adimu wedok kok wis gelem
rengeng-rengeng, wis ora njegadul meneh raine, kira-kira entuk adiah apa?”
Takone Lik Ndoleng, neng Dalijo bab Iin.
“Mau takkandani Lik, apa ya cukup urip
kuwi mung nuruti kekarepane dewe lan uga yen kekarepane ora klakon njur kabeh
dinesoni..kuwi sing marakne Iin ora njegadul meneh..” Wangsulane Dalijo, lan
sakdurunge Lik Ndoleng semaur, ketungka Iin sing nyedak saka anggone nyapu lan
melu caturan.
“Cen aku sing luput Lik..meksa
kekarepanku klakon. lan merga maca BENINGE EMBUN ESUK, bab GECOL aku dadi
eling. Yen kudu kabeh manut karepku, akya pada wae kahanane GECOL, lan kuwi ora
kepenak blass..mula aku munthes nesuku, ben ketok ayu… Yo kan Lik, aku saiki
ketok ayu?” Takone Iin.
“Iyooo, saiki luwih ayu tinimbang
Truwok diwedaki..”Semaure Lik Ndoleng.
“Weh, malah ngece kowe kui Lik…tak
kandakne Yu Wasti lho…jare jik memendam rindu?” IIn genten mbalik nyemes Lik
Ndoleng, nganggo senjata andalan, Yu Wasti!
“Trondoloooo buntung!!!! Malah tekan
Wasti meneh..Dussss!!!” Batine Lik Ndoleng.
Mbah’e..
Gecol pancen oye
BalasHapus