Kamis, 04 Juni 2020

DIPUNGGEL

Kemis Legi 4 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK

                                                         KATAK BIBIT PORANG 

Ayub 38:1-11

Jabur 8

Mateus 5:27-32

Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka. Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.” Mateus 5;27-32

 

DIPUNGGEL, asale saka tembung Munggel, sing tegese ngethog utawa medot supaya pisah lan dadi luwih cendak. Intine Munggul kuwi ndadekne kahanan pisah  utawa ora nyambung maneh,  mula saka kuwi tembung DIPUNGGEL tegese tumindak kanggo medot sabarang kang sinambungan. Umpamane pang utawa wit-witan, sakwise DIPUNGEL ya dadi pedot lan ora nduweni sambungan utawa relasi meneh, dene menawa sesambungan seduluran tumrap menungsa, sakwise DIPUNGEL yawis ora ana sesambungan maneh. DIPUNGGEL kuwi neng basane bebrayatan utawa rumah-tangga diarani dipegat.

 



Ana piwulang Kitab Suci kang intine bab Mungel, yakuwi nalika Gusti Yesus mulang para murid bab pepalanging urip  nindakne kersane Gusti. Cetha neng piwulang kuwi, menawa sing dadi pepalang kuwi mripat, ya cungkil wae, menawa sing dadi pepalang kuwi tangan, tugel utawa DIPUNGGEL wae. Lha tujuanne apa kok menawa ora ana paedahe dinawuhan MUNGGEL? Kuwi njagani supaya ora ndadekne sakawak kabeh katut amarga lupute peranganing awak. Intine cetha, apa wae kang marakne ora becik kudu DIPUNGGEL. Aja ngrumati bab sing isa ndadekne rekasanin urip.

 

Piwulang kuwi,menawa dicakne neng tata panguripaning menungsa, mirunggan neng urip bebarengan ya luwih becik. Sapa wae sing patrap uripe isa marakne cilakan utawa rekasanin liyan, tinggal wae. DIPUNGEL wae, yen rumangsa ya ben njerit lan dibatalke nggone Munggel, ananging yen ora, yawis tinggal utawa DIPUNGGEL wae. Urip bebarengan kuwi kudu padadene nerti butuhe liyan, ora mung njaluk dinerteni butuhe ananging moh ngerteni butuhe liyan. Menawa ana sing durung nerti, diparingi ngerti, menawa sepisan rung dong ya pindho, menawa pindho durung paham ya ping telu, lan menawa ping telu ya ora paham, luwih becik yen DIPUNGEL. Tujuane ya ben ora nrusuhi lakuning urip bebarengan, mosok urip bebarengan ora isa maju mung merga mikirke “peranganing” brayat sing angel dijak maju.

 

Saka andharan in ndhuwur, ya kango sapa wae sing jik nduweni patrap urip ngrusak kawutuhunain brayat utawa panguripan bebarengan, ayo dielikake. Menawa wis angel dielikake, aja ditokne wae, tinggal utawa DIPUNGGEL wae, mbok menawa sakwise dipungel isa sadhar. Dadi repotin liyan kuwi isa dipadakne kemladeyan tumrape wit-witan. Anane mung ngganggu lan ngrepoti, ngrumati kemladeyan kuwi ya babar blas ora ana bathine, mula ya luwi becik DIPUNGGEL wae.

 

“Jo, ngapa awakmu kuwi kok malah bedandilan kaya mengkono?” Takone Lik Ndoleng, nalika awan kuwi neng kebon, nyawang Dalijo penekan Wit Nangka.

“Lha iki ta Lik, wite mung semene, jan-jane mbiyen isa ngetokne Who sing uakihe pol, njur saiki arang metu wohe, jebul kebak Kemladeyan..” Semaure  Dalijo, sinambi jik penekan lan Munggeli Kemladeyan.

“Awas lho kang, ngati-ati,kepleset ngko malah isa dadi rumatan..”Iin saka pojokan omah, sinambi nyapu melu alok-alok.

“Santai In, cen resiko reresik kuwi okihe pol..isa keneng tlutuhe Kemladeyan,isa tiba merga penekan,lan uga isa kena liya-liyane. Ananging sing jenenge Kemladeyan ya kudu DIPUNGGEL, ben ora dadi repote Wit Nangka iki..”Semaure Dalijo.

“Aku setuju penemumu Jo, sing dadi rereged kudu diresiki, sing dadi benalu kudu DIPUNGGEL, ben lancar kabeh..”Ujug-ujug Lik Ndoleng muni, jian kaya Resi kae. Lan sinambi nyedak, Iin njur nanggepi rembugane Lik Ndoleng.

“Sip Lik..aku ya setuju yen sampeyan jik indak-indik karo Yu Wasti, kudu DIPUNGGEL wae.”Unine Iin lan ditanggepi Dalijo.

“Weh, paklik arep DIPUNGGEL apane In?”

Durung klakon semaur, kesaut swarane Lik Ndoleng misuh.

“Jindulll..duss..malah tekan Wasti meneh!!!. Ora mangan nagkane mung malah GUPAKPULUTe.”Rada lirih olehe Lik Ndoleng muni.

 

Mbah’e..

 

 

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH