Senin, 08 Juni 2020

WEWEH

Senen Kliwon 8 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


DalijoNdoleng In Video


Ayub 38:39-39:12

Jabur 29

Mateus 5:38-42

“Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil. Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.” Mateus 5:41-42

 

Tembung WEWEH kuwi tegese menehi, dene sing diwenehake baba pa, ora mengaruhi tegese tembung. Mulane bab WEWEH kuwi isa dipilah dadi (paling ora) rong kahanan. Ana sing WEWEH bab apik lan uga ana kang WEWEH bab kang ora apik. Yen WEWEH sing ora apik wae, ora usah disinaoni,ora usah diwarahi kabeh wis padha wasise ngeram, annaging yen bab WEWEH sing apik, sing maedahi tumrap liyan, biyuhhh..angele ngeram. Lho apa sebab’e kok yen WEWEH bab sing becik kanggo liyan menungsa kangelan? Merga menungsa seneng yen awake dewe sing kepenak lan ora sithik sing seneng nalika liyan rekasa. Jajal wae para maos tulisan iki takon marang awake dewe-dewe, luwih seneng WEWEH apa diwehi? Ngko isa ngisi kolom komentar..

 

Bab WEWEH kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, nalika memulang marang wong akeh. Ing jaman kuwi menungsa seneng yen pribadine bungah lan marem, pokoke apa wae anggere marakne marem, dilakoni, raketang natoni liyan,kuwi urusan keri. Merga kahanan kang kaya mengkono kuwi, mula njur njedul pranatan-pranatan sing digawe kanthi tujuan supaya uripe menungsa kang bebarengan karo liyan kuwi luwih tumata. Ana salah sawijining pranatan kang diarani “Jus Talionis”, sing tegese, kabeh kudu imbang utawa padha. Yen ana sing nyaduk liyan, kudu diukum kang padha, yakuwi sing disaduk diwenehi wektu kanggo nyaduk sing nate nyaduk dewekne. Pranatan iki lumaku suii banget, ananging ora ngrampungi masalah-masalah sosial. Mulane Gusti Yesus njur mrantana maenh bab aturan kuwi kanthi tetales katresnan.

 

Yen dikeplak pipimu kiwa, wenehna pipimu tengen. Yen kon mlaku sekilo, mlakua rongkilo, yen kon ngancani mlaku sakmil, tutna rongmil lan sakpiturute. Ancase Gusti Yesus cetha, ben “ubengan” ukuman kuwi rampung. Merga yen mung nganggo pranatan “keseimbangan”, ora bakalan imbang ing saklawase. Yen disawang lan dirasakne pancen abot, dikon mlaku sekilo njur malah mlaku rongkilo kuwi obot. Ananging mung lumantar tata urip kang kaya mengkono kuwi, “siklus” dendam ilang. Pancen apa kang diwulangake Gusti Yesus beda karo pranatan lan adate menungsa, merga pancen kersane Gusti kuwi mesti cengkah karo karepe menungsa. Intine Gusti ndhawuhi menungsa WEWEH samubarang kan apik, ngluwihi pranatan kamanungsan. Mung kuwi “resep” urip dadi apik.



 

Sanadyan diwaca mayar, ananging menawa ditrapke bab WEWEH kuwi angele ngeram,mula ya saben wektu tetep kudu diwulangake. Lho kok angel apa sebabe? Merga menungsa kuwi mung seneng nuruti kekarepane dewe. Liyan kuwi ana kalane disawang dudu menungsa, ananging mung obyek sing kudu isa ndadekne dewekne seneng,marem utawa puas. Nalika dirasa ora isa ndadekne senenge, gething kang sumanding. Sepisah meneh, WEWEH bab apik kuwi angel, ananging kersane Gusti kudu mengkono. Dene yen WEWEH babagan sing ora becik kuwi, biyuhh mayare ngeram.

 

“Jo, kena ngapa adimu wedok kawit seminggu iki mung bekothat-bekathut kaya Orong-orang lara untu?” Takone Lik Ndoleng.

“Hambuhh Lik, kurang gawean ngurusi wong nesunan. Ben wae, arep nesu ben kana,arep ngguyu ya ben kana..urusane Iin..” Semaure Dalijo sinambi milihi bibit Porang sing meh didhedher.

“Aku mung wegah yen kuwi merga salahku Jo..”Sambunge Lik Ndoleng.

“Rasah digagas abot-abot Lik, ben wae..yen Iin meh WEWEH babagan sing ora becik. Jan-janne kan kuwi merga wingi usul, mbok yen ngopi neng teras wae, ora neng Cakruk..njur tak wangsuli, nggon teras kuwi jik rung garing cet’e,mula ya nggon Cakruk wae.. Lha mung ngono wae kok nesu,njur praupane jian, memper Cacing sariawan..”Wangsulane Dalijo.

“Oalah, ngono ta. Ya cen bab WEWEH kuwi kudu sing apik, ora WEWEH sing ora apik. Kaya adimu Iin, WEWEH kon neson..hmm” Semaure Lik Ndoleng.

“Kudu kaya sampeyan ya Lik, yen dikon ndandani Gendeng warunge Yu Wasti, sanadyan sing kon nganti siji, isa sakomah mbok tiliki kabeh?”Unine Dalijo sinambi mak brabat mlayu nyang kamar mandi, meh adus.

“Trondolo ngremus Bendooo..kok ya tekan Wasti meneh…Dusssss!!”Lik Ndoleng sajak esmosi…

 

Mbah’e..

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH