Jumat, 12 Juni 2020

NURANI

 

Jemuah Wage 12 Juni 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Pangentasan 24:1-9

Jabur 100

Mateus 6:19-34

Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan. Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi peteng, saiba ta petenge iku.” Mateus 6:22-23

 

NURANI ing tulisan dina kuwi dudu jenenge wong wadon, ananging menawa ana sing maca tulisan iki ndilalah jenenge NURANI, ya sumangga,bebas-bebas wae. Lan uga, menawa ana sing nate nduweni katresnan marang NURANI ananging ora klakon, ya kono, didadekne  kenangan masa lalu, sapa ngerti lumantar kenangan kuwi, njur semangate makarya dadi makantar-kantar..hehe. Mbalik neng bab NURANI kang dadi jejering tulisan BENINGE EMBU ESUK ing dina iki, kuwi tegese kahanan utawa papan kang ana neng menungsa, mbuh sapa wae wonge. Kahanan kuwi manggone ana neng telenging ati utawa menawa basa ngarab “Qolbu”. Merga ana neng telenging ati kuwi mergane kuwi dipercaya minangka “Dhamapare Sing Ngecet Lombok” lan kuwi kang dipercaya menawa NURANI kuwi sing isane ngemudeni lakuning urip menungsa, Si Menus-Menus Kebak Dosa iki..

 



Neng Kitab Suci, Gusti Yesus nate mulang bab “juru mudine” urip menungsa, yakuwi Mripat. Ora mung mripat kang cacahe loro iki, ananging “Mripating Panguripan”, yakuwi kang isa uga dirani NURANI. NURANI utawa Mripating Panguripan kuwi sing isa ngemudeni lakuning urip menungsa, lan NURANI utawa Mripating Panguripan kuwi mesti nuntun marang kabeh kang apik. Ora mungkin NURANI utawa Mripating Panguripan kuwi ngenerake marang kahanan kanga la, merga ing NURANI kuwi dununge Sing Ngecet Lombok. Ananging merga manggone aduohe ngeram neng telenging ati, kereb swaraning NURANI mau ora keprungu utawa malah si menungsa sing wegah ngrungokne swaraning NURANI, merga mung ngrungokne srawa ati liyane sing okeh-okehe mung njlomprongake.

 

Swarane NURANI mesti lirih, mulane butuh kahanan wening. Beda karo swara getering ati sisih liya, kuwi braok’e ngeram, lan menungsa mayar anggone ngrungokne. Dinggo conto sederhana wae, nalika ana sing dirasa nyinggung langsug nesu, ngamuk kabeh dibubrahi, nalika kekarepane ora klakon njur mutung, arep metu saka paguyupan lan sakpanunggalane. Beda karo swarane si NURANI, merga alus lan lirih mula ya arang kading sing isa lan gelem ngrungokne. Manut piwulange Gusti, kemudine urip iki neng Mripating Panguripan, yakuwi NURANI. Mula ndang dijak rembugan lan disapa-aruh si NURANI kuwi, ben gampang olehe ngrungokne swarane, aja mung nggugu swarane mungsuhe NURANI, yakuwi hardening nepse pangrusak.

“Jo, wingi Iin ngomong, jebul si Mukidi, kancamu raket kae, nyengit awakmu. Neng ngarepmu wae ketok apik, neng mburimu..biyuhh…entek-amek lan kurang-golek anggone ngrasani alamu..” Lik Ndoleng sore kuwi, neng Sor Rambutan, kulon omah, ngomongi Dalijo bab polahe Mukidi.

“Hambok ben wae Lik, kuwi lak hak’e Mukidi. Arep seneng apa gething neng aku, kuwi hak’e Mukidi, dudu hakku. Aku digething ya ora kelong sak kuku ireng, ora kelangan babar blas..” Semaure Dalijo, sinambi klepas-klepus mbek MLDne.

“Weh, lha wong dikandani yen ora kabeh wong seneng karo sliramu, malah sing ketoke cueduikkk..wae sengite ngeram kok malah ngono unimu Jo?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“Mula rungokno swaraning NURANI mu Lik, aja mung ngrungokne keNEPSOnmu..Aja mung murang-muring wae, nesa-nesu wae, rungokna telenging batinmu Lik, ing kono Gusti makuwon. Yen isa ngrungu swarane NURANI, urip kuwi kepenak, ora nesunan,ora ngamukan..ora mutungan. Merga kuwi Mripating Panguripan” Dalijo malah kotbah, jian kaya sing sok nganggo kalung putih kae…

“Weh, jebule sliramu wong sing wis lulus Jo, wis meneb, wis ora dikwasani dening hardening kanepson..wis isa ngrungkone NURANI..” Unine Lik Ndoleng.

“Cen swarane NURANI luwi joss lik, tinimbang swarane Yu Wasti….”Iin njedul karo ngawa kopi lan kimpul goring..

“Trondoloooo..malah tekan wasti meneh…Dussss!!!” Unine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH