Jumat, 14 Juni 2019

MENEHI


Jemuah Kliwon 14 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI CARANE DALIJO MENEHI


Wulang Bebasan 3:19-26
Jabur 8
Markus 9:41-50
“Ngandela, wong sing mènèhi kowé ngombé merga enggonmu dadi muridé Sang Kristus, wong kuwi mesthi bakal tampa ganjaran saka Gusti Allah.” Markus 9:41

MENEHI kuwi tembung sing aktip, sing tegese tumindak kanggo liyan lumantar njupak utawa ngurangi apa wae sing dadi duwek’e. dene sing diwenehake kuwi isa awujud apa wae, isa pikiran utawa kapinteran, isa wektu utawa kaloghangan, isa kawigaten utawa perhatian, isa donga utawa energi positif, isa supata utawa energi negatip, isa uga banda donya. Seka daftar singtak sebut iki, sing paling mayar kayane MENEHI energi ala, utawa Supata. Menungsa entheng banget nyupatani liyan nalika ana sing klakon ora jumbuh karo kekarepane. Mula saka kuwi, ing pungkasan tulisan iki mengke, aku arep ngenekake KUIS, sapa sing gelem jujur bab apa sing diwenehake meh entuk hadiah.

Mbalik neng bab MENEHI, khusus bab sing apik, sejatine akeh sing nglakoni, ananging bab iklas lan orane angel diukur. Bab kuwi ben sing nindakne wae sing ngerti lan ngukur, apa sing dilakoni bab  MENEHI kuwi tulus lan iklas. Ana neng Kitab Suci, ana piwulang bab MENEHI, dene sing mulang  Gusti Yesus dewe. Manut piwulange Gusti, sapa wae sing MENEHI kanggo pakaryane lan sing mirunggan makarya neng pakaryane Gusti, bakal nampa ganjaran saka Gusti Allah. Iki sing dadi undheraning piwulang saka Gusti, sapa sing kanthi tulus lan Iklas MENEHI marang pakaryan lan sing makarya mirungga ana neg pakaryane Gusti, bakal nampa ganjaran saka Gusti.

LEVANDER


Mulane, saiki lumantar BENINGE EMBUN ESUK iki, ayo pada ngilo githok’e dewe-dewe, apa wis padha tumindak kaya sing dikersakne dening Gusti, MENEHI samubarang kanggo pakaryane Gusti. Yen durung ya enggal-enggala tumindak,sakdurunge kasep. Dene sing uwis, ya kana dirasak-rasakne, sing diaturke marang Gusti kuwi iklas apa ora, mung merga patut-patut’e dadi warga greja apa pancen tulus lan iklas, kuwi sing ngerti ya mung sing nglakoni. Sing baku, apa wae sing kita aturke marang Gusti lan Pakaryane, mesti bakal oleh pituwas. Titik!!

“Jo, wis golong-gilig olehmu arep nyanggemi ragad kanggo dekorasi nalika acara tanggal rongpuluh juli?”Takone Lik Ndoleng sakbubare rapat bengi kuwi, sinambi rokok’an neng Lincak Sor Talok, emperan sisih kulon omah.
“Yo ora mung serius Lik..patangrius. tenanan aku iki. Lha kepiye wong uripku wis diberkahi Gusti luber poll..mosok aku pelit karo pakaryane Gusti. Pora yo isin ta Lik..ben ndina diberkahi cukup, kuwi wae yen (aku) ndonga jik njaluk berkah, lha yen pisungsung wae mung mangewunan paling hebat, iki ana acara mirunggan mosok jik pada inggrang inggring” Wangsulane Dalijo sajak nahan erosi…eh emosi.
“Weh, aja ngono kang Dal..aku wis melu ya..ucapan selamat..”Nduk I’in melu nyoal-nyael.
“Ucapan selamat mung seprapat halaman wae crigis In…seprapat wae jik gabungan karo BALA-BALAmu, geng-gengmu kan?”Semaure Dalijo sajak sansaya esmosi.
“Ssttt..aja seru-seru kang, krungu wong akeh…”Semaure Induk I’in..
“Mulane, ayo pada Aturpanuwun, MENEHI apa sing dibutuhke bab pakaryane Gusti kuwi gede pituwase lho..”Dalijo mbacutake rembug’e, sajak wis sareh.
“Jo, kira-kira Wasti MENEHI pora?” Ujug-ujug Lik Ndoleng kelingan masa lalune, Yu Wasti.
“Weh..poll lho Lik..Yu Wasti lan brayat MENEHI akeh dewe…”Wangsulane Dalijo, sajak mancing Lik Ndoleng ben melu cawe-cawe bab MENEHI..

Mbah’e…

KLIK SAJA INI


4 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH