Minggu, 09 Juni 2019

M’BENGKEL


Minggu Kliwon 9 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

CARANE MBENGKEL


Purwaning Dumadi 11:1-11
Jabur 104:24-34,35b
Para Rasul 2:1-21
Yokanan 14:8-17
“Bareng wong-wong kuwi padha krungu swara mau nuli padha gumrudug marani panggonan kono. Wong-wong padha gumun lan judheg, merga saben wong krungu para rasul lan murid-murid kuwi padha guneman nganggo basané wong-wong sing padha teka mau.” Para Rasul 2:6

M’BENGKEL kuwi asale seka tembung Bengkel, sing tegese papan kanggo ndandadi. Dene sing didandani ya apa wae, isa hape, radio,tipi,sepeda motor,mobil lan isa uga menungsa sanadyan bengkele jenenge beda, sing penting sing nembe rusak. Mula saka kuwi tembung M’BENGKEL tegese ndandani samubarang kang nembe rusak lan sing M’BENGKEL mesti nduweni kaluwihan kanggi ndandani kuwi, merga yen ora nduweni kaluwihan ya mokal yen dipercaya kanggo ndandani. Dene sakwise dilebokne M’BENGKEL racak’e apa wae dadi luwi apik lan isa digunakne meneh.

Critane Kitab Suci babagan Sang Roh Suci ana gegandengane karo bab M’BENGKEL. Lho kok isa,nalare piye? Ngene critane… Nalika lagi pada mudik merga riyaya paskah, akeh wong sing wis nggunakne basa seka asale dewe-dewe. Seka catetane Kitab Para Rasul, sing nembe ngumpul neng Yerusalem merga Mudik ana kurangluwih wolung daerah kanthi basane dewe-dewe. Mula saka kuwi mokal yen sakbanjure siji lan sijine isa basane liyan. Semono uga para Rasul, isane yamung basane dewe lan sithik basa liya. Iki dadi pepalang kanggone medhar wangsite Gusti, ananging nalika Sang Roh Suci Tumedhak lumantar pratanda ilat-ilataning geni, para rasul njur isa migunakne basa apa wae. Iki sing ndadekne wong akeh pada njembleng serendeng lan nggumun setahun.

NGGO SING BEBOJOAN


Pakaryane Sang Roh Suci ndadekake Para Rasul isa basa apa wae kanggo tujuan siji, kabeh wong sing pada ngumpul isa nampa pamedaring wangsit saka Sang Roh Suci. Ing kahanan ini Sang Roh Suci kaya dene BENGKEL sing ndadekne urip kabeh wong luwih apik. Lumatar basa sesambungan isa lumaku apik, ananging lumantar basa uga sesambungan isa rusak lan ajur mumur. Pakaryane Sang Roh Suci kuwi ndandani supaya apa wae isa lumaku luwih apik. Sing maune ora ngerti dadi ngerti (bab apik lho ya), sing maune nesunan dadi mesem lan asung pangapura, sing maune pelite ngeram dadi loma merga nduweni spirit “kelimpahan” ora sekeng lan sombat sambat wae..pokok’e pakaryane Sang Roh Suci kuwi kaya gaweane BENGKEL, ndandani murih kabeh dadi luwih apik la nana gunane kanggo urip.

“Jo, ngapa mulih seka tegal nganti surup ngene? Apa nggetuni lelakone uripmu?” Lik ndoleng nakoni Dalijo, nalika nembe wedangan pas sore neng Lincak ngemper sisih kulon, Sor Talok.
“Hora Lik..mau kuwi ndandani Galengan kulon nggubuk, merga bubrah dinggo jag-jagan wong nyolong kayu” Semaure Dalijo sinambi nutuli hapene, mbuh lagi weanan karo sapa.
“Lhadalah, sing ngrusak sapa kok sliramu ta kang sing ndandandi?”, Nduk I’in melu semaur nalika mulih seka tuku kopi lan udud merga cah loro pada kentek’an.
“Yo ora apa-apa ta In, orasah mikir sapa sing ngrusak, ayo mikir ndandadi ben apik. Ayo mikir kaya BENGKEL kae lho, ana barang rusak didandani, orasah iyik takon rusak’e knapa, sapa sing ngrusak lan sakpanunggalane. Ayo macak M’BENGKEL tumrap samubarang sing ora apik, sing nembe rusak, supaya dadi luwih apik lan luwih migunani..” Semaure Dalijo, sinambi ubet mbukak djarumsupere sing nembe wae ditukokne Nduk I’in, dene Lik Ndoleng nyruput kopi karo merem lan rambute sing mung kari rolikur, mobat-mabit dinggo dolanan angina mangsa ketiga.

Mbah’e..

PENAWAR HIPERTENSI MUJARAB


2 komentar:

  1. Awakku yo lagi rep tak leboke bengkel dul ndalan .... Ben apik lan penak. Lanjut mbengkel.....

    BalasHapus

FIKSI Di Malam PASKAH