Selasa, 04 Juni 2019

PISAH


Selasa Kliwon 4 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

ADDIOS...


2 Babad 5:2-14
Jabur 29
Yokanan 16 ;5-11
“Aku kandha satemené karo kowé: Tumrapé kowé, luwih becik yèn Aku lunga; sebab yèn ora, Sang Juru Tetulung kuwi ora bakal ngrawuhi kowé. Nanging yèn Aku lunga, Aku bakal ngutus Panjenengané.” Yokanan 16:7

Kabeh sing ana neng jagad iki wis tinitahake jangkep, sing tegese mesti pepasangan. Yen ana padhang mesti ana peteng, yen ana duwur mesti ana endek, yen ana murah mesti ana larang, yen ana ngumpul mesti ana PISAH. Ing kalodangan iki, BENINGE EMBUN ESUK arep ngrembug bab PISAH, sing cetha tegese ora dadi siji lan uga ana jarak. PISAH kuwi kahanan sing magepok’an karo papan, yokuwi papan sing ora dadi siji. Kaya kabeh kahanan ing jagad uga, yen samubarang kuwi isa nduweni arti apik lan ora apik, gumantung persepsine, semono uga bab PISAH. Sing nyawang nganggo kacamata elek, PISAH kuwi ya sinawang ala, ananging sing nyawang nganggo sudut pandang apik, PISAH kuwi dadi srananing kahanan  lumaku luwih apik.

SOLUSI KOLESTEROL ANDA


Bab PISAH iki nate dadi undheraning piwulange Gusti Yesus, nalika meh pamitan sakwise kabeh tugas lan tanggung jawab’e rampung. Manut kawicaksanane Gusti, PISAH kuwi dalan sing apik,sing paling prayoga kanggo para murid, supaya isa entuk “juru pitulung” lan uga supaya isa makarya kanthi luwih tumemen. Nalika dadi siji ora isa makarya kanthi tumemen merga para sekabat utawa para siswane Gusti pada ngejibne kabeh ayahan marang Gusti Yesus. Saben ana ayahan pakaryan, sanadyan mayar kan wis diwulang lan malah dituladani, para sekabat ora gelem, masrahne marang Gusti, mulane Gusti kudu tindak.

Lumantar tindak’e Gusti, sing tegese PISAH antarane para sekabat lan Gusti, mesti ana pakaryan sing kudu dirampungi dening para murid. Yen biasane ngejibake Gusti sing tumandang, nalika PISAH merga Gusti kondur marang klanggengan, saiki apa wae pakaryan kudu dilakoni para sekabat. Dene sekabate Gusti kuwi kabeh wong sing percaya marang Panjengane. Dene sakdurunge PISAH Gust iwis njanjeni yen bakal maringi apa sing dibutuhake para murid kanggo mbacutake pakaryan sing kudu dilakoni para sekabat. Saka janjine Gusti kuwi sejatine bab PISAH iki orasah dadi perkara sing abot, merga para murid mung kari nglakoni.

“Lik..wingi pas ana sing pamitan kae sampeyan nagis pora?”Takone Dalijo nyang Lik Ndoleng.
“Horaaa..ngapa ndadak nangis…wong kabeh kuwi lelakon, pethuk lan pisah kuwi pepesthen Jo..”Semaure Lik Ndoleng sajak wicaksana.
“Bar mangan apa ta Lik kok rembuganmu jian medeni pitik angrem?” Nduk I’in kaya padatan, mesti nyoal-nyael sinambi ngece..
“Lambemu In..iki kuwi asiling semediku saben wengi..”Semaure  Lik Ndoleng sinambi nyruput kopine sing pait.
“Wah..aku sarujuk bab PISAH kuwi pepesthen Lik..lan tujuanne mesti apik…mula ayo pada donga dinonga, ben  kabeh apik sanadyan ana kalamangsane kudu PISAH” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere..

Mbahe..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH