Sabtu, 08 Juni 2019

NEKAD


Setu Wage 8 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Dalan NEKAD'e Dalijo


2 Para Raja 2:1-15a
Jabur 104:24-34,35b
Lukas 1:5-17
“Wangsulané Nabi Élia, “Kuwi prekara sing ora gampang. Éwasemono yèn mengko wektuné aku kapundhut déning Pangéran kowé weruh aku kaangkat, penjalukmu bakal keturutan. Nanging yèn kowé ora weruh enggonku kaangkat, penjalukmu iya ora keturutan.”Sajroné padha nerusaké tindak padha ngandikan. Dumadakan ana kréta murub ditarik jaran murub misahaké wong loro mau, lan Nabi Élia kaangkat menyang swarga déning angin lésus.” 2Para Raja 2:10-11

NEKAD kuwi sejatine semangat kang makantar-kantar kanggo nggayuh apa kang dadi kekarepan. Ananging merga budaya, tembung NEKAD kuwi dipapanke ana neng posisi ora apik utawa negative. Kamangka sejatine negatip utawa positip  kuwi mung merga anggepan sing tuwuh lan urip sarta subur ana ing uripe menungsa iki. Merga anggepan yen tembung NEKAD kuwi negatip, mula saben ana wong sing nindakne apa wae kanthi grengseng sing ngedab-edab’e lan kuwi dianggep nerak kabudayan utawa kebiasaan, isa diarani NEKAD. Kamangka sejatine bab NEKAD kuwi ora kudu bab sing ora ilok, sing apik lan Ilok ya isa.

PENAWAR KOLESTEROL TERBAIK


Ana crita neng Kitab Suci bab NEKAD, yakuwi critane nabi Elia lan nabi Elisa. Critane bab rencana pamite nabi Elia, lha merga dipamiti mula nabi Elisa ya njaluk tinggalan. Rumangsa ora nduweni apa-apa bab banda kadonyan, nabi Elia ya menggak supaya nabi Elisa ora rewel njaluk tinggalan lan ngakon supaya nabi Elisa ora ngetutne dewek’e. Nanging merga rumangsa butuh “tinggalan” sing isa dinggo neruske pakaryane nabi Elia, mulane nabi Elisa ya NEKAD ngetutake, sanadyan bola-bali dipenggak, malah kepara ditundung kon lunga. Merga saka NEKAD’e nabi Elisa kuwi mau mulane ya entuk apa kang dadi kabutuhan lan uga pepinginane. Saka crita ing Kitab Suci iki ana akeh pasinaon apik sing isa ditiru kanggo uripe menungsa ing sakuruting wektu lan jaman. Sepisan, ndewenana  pepinginan apik sing KUAT, kaping pindhone upayakna kabeh kuwi nganti klakon sanadyan kudu ngadepi pepalang apa wae wujud lan kahanane dene kaping telune gunakna apa sing dadi kekarepanmu kuwi kanggo pangawean sing apik lan migunani tumrap liyan. Menawa telung perkara kuwi isa ana neng uripmu, NEKAD kuwi bab sing apik lan prayoga.

Jaman saiki arang menungsa sing gelem NEKAD nggayuh pangimpene, akeh-akehe cepet mutung lan mundur seka apa sing dadi pangimpene. Lagi ngadepi pepalang sing remeh wae wis mutung, lagi dipoyok’I wae wis mengkeret, lagi ditakokne baba pa pangimpene wae wis wedi lan njur ora jujur. Kuwi kabeh sing ndadekne apa sing dadi pepinginan utawa pangimpene ora klakon. ana meneh sing ndadekne gegayuhane ora klakon, yakuwi rumangsa ora isa lan ora pantes mulane wegah mbudidaya,mula ya mokal yen bakalan klakon.



“Jo, panenane kebonmu sida mbok tebasne?” Pitakonane Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika sore kuwi nembe wedangan neng Lincak sor Talok.
“Sido lik, meh tango nggo mbangun omah warisan kae dadi “rumah retret”, kuwi cita-citaku” Semaure Dalijo senambi klepas-klepus jian sajak segere ngeram.
“Wah jos kuwi kang Dal..ngko isa entuk duwit okeh…”Nduk I’in semaur karo nggawa kopi panas lan gedang kapok goring sing jik kemedul, sajak segere ngeram.
“Ora arep tak kmersilke kok In, sapa sing arep nganggo ya kana, sing meh ngiseni kotak kanggo ngrumati ya manga, sing mung nganggo wae ya manga..bebas..”Semaure Dalijo.
“Weh, pora rugi Jo?” Lik Ndoleng takon..
“Urip kuwi ora mung etungan bathi lan rugi Lik…”Dalijo semaur sinambi nyakot gedang kapok goring.
“Weh..NEKAD kowe Jo, tapi yen ngono kekarepanmu ya ora apa-apa,apik..lakonana kanthi bungah ya..”Wangsulane Lik ndoleng, sajak sansaya wicaksana..

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH