Rabu, 12 Juni 2019

WINIH


Rebo Pon 12 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI WINIH APIK


Wilangan 24:1-14
Jabur 48
Lukas 1 :26-38
“Wiji subur thukul ing lemah, udané akèh, banyuné murah. Ratuné unggul, ora ana tandhingé amba tanah jajahané.” Wilangan 24:7

WINIH kuwi sabarang kang isa tinadur lan tuwuh. Wujud’e isa akeh, sebab ora kabeh wit-witan kudu nggunakne who-wohane kanggo ngasilke wiji sing isa dadi WINIH. Ana saperangan wit-witan sing WINIH’e isa seka pang utawa godonge. Mulane sing diarani WINIH kuwi sabarang kang isa tuwuh lan nerusane uripe tanduran kuwi. WINIH kuwi ana sing apik la nana uga sing ora apik, mula nalika arep nenadur kudu dipilih, sing apik ditandur dene sing ora apik rasah ditandur, pakakne pitik po dara wae..

ANTI KOLESTEROL


Sakjroning uripe, menungsa dikendaleni dening pikiran. Apa sing klakon kuwi apa sing dipikrake, mulane yen saiki pas maca tulisan iki, uripe pada ora kaya sing dikarepake, kuwi merga WINIH sing tinadur neng pikiran. Yen nandur WINIH apik ana neng pikiran, kuwi ya isa tuwuh lan urip kanthi apik, dene yen nandur bab sing ala, ya aja kaget yen ngundhuhe bab sing ora apik. Mulane, apa wae sing saiki dialmi, tanduren WINIH apik ana neng pikiran, sanadyan sing klakon kuwi ora gathuk karo kekarepan. Contone, nalika lagi butuh batuan, wis matur jujur karo sapa wae, ananging ora ana sing nggagas, aja pisan-pisan nyupatani kahanan, sebab yen nyupatani kahanan kuwi pada wae nyupatani Sing Maha Kwasa, mula ya kudu nandur ing pikiran WINIH apik. “Ooo..iki mesti durung kasep, mula durung ana sing sumadya ngrewangi.” Kuwi conto nandur WINIH apik neng pikiran.

Bab WINIH subur utawa apik kuwi nate diwulangake dening Kitab Suci, yakuwi nalika bangsa ngisrael kapimpin dening Yusak. Nalika semana kepethuk Bileam,lan lumantar Bileam, Gusti mbabar berkah yen ing sakbanjure bangsa ngisrael arep dadi bangsa sing apik sakabehe, lan kuwi kawiwitan lumantar Wiji utawa WINIH kang tinandur. Yen WINIHE apik mesti bakalan ngetokne who sing apik dene yen WINIHE ora apik..mesti ya bakale ngundhuh who sing ora apik. Mula saka kuwi, ayo pada nandur WINIH apik ana neng urip iki, kawiwitan seka ing pikiran. Nemahi apa wae kahanane, aja nandur sing ala neng pikiran.

“Jo, kok kowe ora nesu wong disepelekne kaya mengkono” Lik Ndoleng sajak kemropok nalika mulih rapat, merga ana sing nyepelekne ponakane sing hensam dewe, Dalijo.
“Ngapa mikir sing dudu jatahe ta lik, sing nyepelekne aku kuwi sejatine nembe nyepelekne awak’e dewe, nembe nandur WINIH ala neng uripe. Mulane aku wegah nglanggati, aku arep nandur WINIH apik neng pikiranku,neng uripku” Semaure Dalijo sinambi mbukak lawing merga wis tekan ngomah.

PENAWAR HIPERTENSI ANDA


“Ning ya isa diarani dirimu ora kajen Jo!!”Lik Ndoleng jik urung nampa kahanan, ya sing nyepelekne Dalijo uga sikepe Dalijo.
“Iki pa ta ya..mulih seka rapat kok nesu,apa ora sensuramorum?”Nduk I’in melu semaur, sinambi krusak-krusek kayane mancal kemul.
“Dulurmu lanang diece malah meneng wae, disepelekne malah ndongakne apik gek In..”Lik Ndoleng wadul karo ponakane wedok sing kenes dewe sak omahkuwi.
“Weh, nyat kang Dal saiki mung arep nandur sabarang WINIH sing apik lho Lik, mula aku ya cocok karo sikepe kang Dal”Semaure I’in sansaya ora cetha, merga wis meh bablas neng donyaning pangimpen.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH