Minggu, 02 Juni 2019

LEMJILEMBEH


Minggu Pon 2 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Para Rasul 16:16-34
Jabur 97
Wahyu 22:12-14,16-17,20-21
Yokanan 17:20-26
“Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang menika, sarta Paduka nunggil kaliyan Kawula, supados sampurnaa enggènipun dados setunggal, temah jagad sumerep, bilih Paduka menika ingkang ngutus Kawula, sarta bilih Paduka nresnani tiyang-tiyang wau, kados déné enggèn Paduka nresnani dhateng Kawula.” Yokanan 17:23

Siji kuwi ora ana liyane, ora ana tunggale. Seka tembung Siji iki sakbanjure ana tembung Nyawiji sing tegese nggabung dadi Siji ing sadengah kahananing uriip. Siji kuwi isa etungan, ananging yen wis dadi tembung Nyawiji kuwi tegese dadi kahanan. Apa lan sapa wae sing wis nyawiji sing tegese dadi siji, kudu isa ngrasa kahananing liyan, yen ana sing lara ya kudu isa melu ngrasakne larane. Semono uga yen ana sing bungah, kudu kabungahan kuwi isa dirasakne bebarengan. Yen jare nyawiji ananging jik urip dewe-dewe, jik mung mikir butuhe dewe-dewe, kuwi jarene Purnomo si Tukang Ojek Pengkolan…”Mbelgesessss…”

JAGALAH KESEHATAN ANAK ANDA


Piwulange Gusti Yesus ana neng Yokanan 17 ayat 20-26 uga magepok’an karo etungan Siji lan Nyawiji. Ing sakjroning pandongane, Gusti Yesus ora mung mikir butuhe dewe, ananging mikir butuhing liyan sing wis dadi siji utawa nyawiji. Iki beda karo warga greja jaman saiki (muga-muga ana sing maca lank rasa…hehe), yen bab ndonga, sing nomer Siji awak’e dewe, wong liya ngko ndisik..pikir keri..Gusti Yesus mikirkake para sekabate lan uga para penderek’e, supaya tetep nyawiji merga kuwi bab sing sampurna ana ing pamawase Gusti Yesus. Lumantar pandonga kuwi sejatine Gusti Yesus ya paring piwulang bab kaya ngapa ajine “komunikasi” isa dadi srana nyawiji.

Mula saka kuwi, sapa wae sing ngaku “penderek’e Gusti” kudu siap lan sumadya nulada pakaryan lan tumindak’e Gusti. Yen Gusti Yesus tansah mikir sing dudu butuhe dewe, ayo saiki ya pada mikir kaya mengkono, aja malah lomba mikir butuhe dewe-dewe, ananging ngaku yen murid’e Gusti Yesus.  Nalikane mikir butuhe liyan, sing dudu awak’e dewe,kuwi tegsese wis nderek tindak’e Gusti Yesus,ananging yen jik mbanggel mikire mung butuhe dewe, tur jik tetep ngrasa penderek’e Gusti Yesus, ya sumangga ben Gusti wae sing mbiji. tindak’e Gusti kuwi isa diartekne dadi SIJI karo Gusti ing sadengah kahanan, ya pakaryanne,kasangsarane lan uga kamulyane..Aja mung gelem kamulyane ananging emoh nampani kasangsarane..yen nyawiji dadi siji ya “lemjilembeh”, gelem Siji ya gelem kabeh.



“Jo..racak’e menungsa kuwi mung  gelem penak’e ananging arang sing gelem rekasane ya?” Sore kuwi Lik Ndoleng sajak sareh takon karo Dalijo.
“Kari kahanane ta Lik, aja digebyah uyah..”Semaure Nduk I’in sinambi nyuguhne kopi pait, klangenane Lik Ndoleng lan Dalijo.
“Tuman kow gi In..melu nyoal-nyael wae senenganmu..”Lik Ndoleng nyauri I’in sinambi gojek.
“Ya kaya mengkono kuwi Lik kahanane menungsa, klebu awak’e dewe iki..jare Nyawiji dadi siji, ananging praktek’e urip ya mung mikir awak’e dewe..kamangka mikirke butuhe wong liya kuwi piwulange Gusti, lan akeh sing nyebut penderek’e Gusti..njur kaya mengkono kuwi diarani apa Lik?” Pitakone Dalijo..
“Hambuh Jo..sing panting ayo andum inganduman kahananing urip ben apik sakkabehe..”Semaure Lik Ndoleng…


Mbah’e..




2 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH